Urangutan Tapanuli

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Urangutan Tapanuli lanang
Urangutan Tapanuli wadon
Lokasi Kabupatèn Tapanuli Kidul

Urangutan Tapanuli (Pongo tapanuliensis) iku sawijining spésies urangutan kang dumunung ing Tapanuli, Sumatra, Indonésia.[1][2] Spésies iki salah siji saka telung spésies urangutan, saliyané urangutan Sumatra (Pongo abelii), kang dumunung rada adoh manèh ngarah lor-kulon ing pulo kang isih padha, lan urangutan Kalimantan (Pongo pygmaeus). Spésies iki dipratélakaké minangka spésies kang séjé ing taun 2017 lan makili spésies kethèk gedhé kang didhèskripsi sawisé bonobo (Pan paniscus) ing taun 1929.[3][4]

Olèhé nemu lan jenengé spésies[besut | besut sumber]

Sawijining populasi urangutan kang ndhelik papané ing Batang Toru, Tapanuli Kidul, dilapuraké kapisan ing taun 1997, nanging durung diakoni minangka sawijining spésies séjé kala iku.[5] Pongo tapanuliensis iku diidhèntifikasi minangka sawijining spésies séjé ing taun 2017, sawisé studhi filogénétika kang intènsif. Studhi iki nglumpukaké conto bahan génétik saka 37 iji urangutan, lan ngayahi analisis morfologi saka 33 urangutan lanang diwasa.[1] Sawijining komponèn kunci studhi iki mono balung jerangkongé urangutan lanang diwasa kang dipatèni wong-wong padésan kana lan kasimpen ing taun 2013; ing tembé spésimèn iki bakal didhedhes minangka holotipe spésies iki. Spésimèné dianggep ndarbèni fitur-fitur fisik kang séjé manawa dibandhingaké karo spésimèn pokok grup iki, sansaya manèh sawetara karakteristik cumplung lan untuné.[6] Cumplung lan postcraniumé spésimèn uga kasimpen ing Museum Zoologi Bogor. Studhi génétika uga nuduhaké manawa populasi urangutan ing Batang Toru mau kudu dianggep spésies kang kapisah, déné rong sampel kang kajupuk saka populasiné nuduhaké prabédan kang signifikan saka spésies urangutan liyané sajeroning analisis komponèn pokok.

Filogèni[besut | besut sumber]

Sistématik internal urangutan miturut Nater et al. 2017[1]

Pongo 


 Pongo abelii




 Pongo tapanuliensis



 Pongo pygmaeus




Bebandhingan génétika nuduhaké manawa urangutan Tapanuli dadi béda saka urangutan Sumatra sakiwa-tengené 3 yuta taun kapungkur,[1][6][7] nanging dadi luwih kapisah sawisé panjeblugé Gunung Toba kang kadadéan sakiwa-tengené 75.000 taun kapungkur. Rong spésies mau isih kontak kanthi sporadhis nganti 10.000 - 20.000 taun kapungkur. Kosok baliné, urangutan Tapanuli olèhé pisah saka urangutan Kalimantan 670.000 taun kapungkur. Urangutan iku lunga menyang Kalimantan saka Sumatra nalika pulo loro iki biyèn isih manunggal minangka péranganing laladan Sundaland nalika Jaman Ès. Tlatah enggoné urangutan Tapanuli urip saiki iku dianggep tlatah asalé leluhuré urangutan mlebu ing Indonésia saka Bawana Asiah.

Dhèskripsi[besut | besut sumber]

Urangutan Tapanuli luwih mèmper urangutan Sumatra tinimbang urangutan Kalimantan yèn dideleng saka awaké lan warna wuluné.[1][7] Nanging, rambuté luwih brintik, endhasé luwih cilik lan rainé luwih gèpèng.[8][9] Swara 'celukan dawa' urangutan Tapanuli lanang nadané luwih dhuwur tinimbang darbéné urangutan Sumatra, luwih suwé, lan luwih akèh geteré tinimbang duwèké urangutan Kalimantan.[1] Pakané iya unik, kalebu barang anèh kaya ta uler lan woh wit pinus.[9]

Habitat lan pasebaran[besut | besut sumber]

Urangutan Tapanuli urip ing alas tropis lan subtropis godhong amba lembab kang dunungé sakiduling Tlaga Toba ing Sumatra. Spésies sakabèhé iku bisa ditemokaké ing sawijining tlatah kang ambané sakiwa-tengené 1.000 km2 ing kadhuwuran 300 mèter.[1][10] Urangutan Tapanuli kapisah saka spésies urangutan Sumatra kang manggon kaletan 100 km adohé.[6]

Status konservasi[besut | besut sumber]

Mawa kurang saka 800 kéwan kang urip ing alas, populasi Pongo tapanuliensis iku kang sithik dhéwé antarané spésies urangutan liyané.[10] Mula spésies iki diarani kaancam bebaya cures kang kritis (critically endangered), sanadyan iki durung diévaluasi déning International Union for Conservation of Nature.[5] Ing alas, spésies iki urip ing tlatah kang ambané 1.000 km2. Ancaman marang spésies iki antarané dhéforèstasi, beburon, konflik karo manungsa,[8] dagang kéwan alas, lan mligi usulan pambanguné bendungan kanggo proyèk hidroèlèktrik sajeroning wewengkoné urangutan jinis iki.[1][3] Banjur kawin antar sadulur uga marahi èfèk kang kurang apik, saliyané cacahé populasi kang cilik lan mencar-mencar.[1]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i Nater, A.; Mattle-Greminger, M. P.; Nurcahyo, A.; Nowak, M. G. (2017-11-02). "Morphometric, Behavioral, and Genomic Evidence for a New Orangutan Species". Current Biology. doi:10.1016/j.cub.2017.09.047. 
  2. Cochrane, Joe (2 November 2017). "New Orangutan Species Could Be the Most Endangered Great Ape". The New York Times. Dijupuk 3 November 2017. 
  3. a b Reese, April. "Newly discovered orangutan species is also the most endangered". Nature (ing basa Inggris). doi:10.1038/nature.2017.22934. 
  4. Pongo pygmaeus lan Pongo abelii wis didèskripsi ing taun 1760 lan 1827, mula-mulané minangka subspésies, lan banjur dipromosèkaké marang status spésies kapisah kang béda-béda ing taun 1996.
  5. a b Gill, Victoria (2017-11-02). "New great ape species identified". BBC News (ing basa Inggris). Dijupuk 2017-11-03. 
  6. a b c Anderson, Natali (2017-11-02). "New Great Ape Species Found on Sumatra: Tapanuli Orangutan (Pongo tapanuliensis)". Sci-News.com (ing basa Inggris). Dijupuk 2017-11-03. 
  7. a b Wright , Stephen (2017-11-02). "Frizzy-haired, smaller-headed orangutan may be new great ape". Washington Post (ing basa Inggris). ISSN 0190-8286. Dijupuk 2017-11-03. 
  8. a b Bittel, Jason (2017-11-02). "Scientists Discover a New—and Endangered—Orangutan Species". NRDC (ing basa Inggris). Dijupuk 2017-11-03. 
  9. a b Stokstad, Erik (2017-11-02). "New great ape species found, sparking fears for its survival". Science (ing basa Inggris). doi:10.1126/science.aar3900. 
  10. a b Davis, Nicola (2017-11-02). "New species of orangutan discovered in Sumatra – and is already endangered". The Guardian (ing basa Inggris). ISSN 0261-3077. Dijupuk 2017-11-03. 

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • Alexander Nater, Maja P. Mattle-Greminger, Anton Nurcahyo, Matthew G. Nowak, Marc de Manuel, Tariq Desai, Colin Groves, Marc Pybus, Tugce Bilgin Sonay, Christian Roos, Adriano R. Lameira, Serge A. Wich, James Askew, Marina Davila-Ross, Gabriella Fredriksson, Guillem de Valles, Ferran Casals, Javier Prado-Martinez, Benoit Goossens, Ernst J. Verschoor, Kristin S. Warren, Ian Singleton, David A. Marques, Joko Pamungkas, Dyah Perwitasari-Farajallah, Puji Rianti, Augustine Tuuga, Ivo G. Gut, Marta Gut, Pablo Orozco-terWengel, Carel P. van Schaik, Jaume Bertranpetit, Maria Anisimova, Aylwyn Scally, Tomas Marques-Bonet, Erik Meijaard and Michael Krützen: Morphometric, Behavioral, and Genomic Evidence for a New Orangutan Species. Current Biology, 2017, doi:10.1016/j.cub.2017.09.047

Pranala njaba[besut | besut sumber]