Ujung (Tradhisi)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ujung iku tradhisi acara halal bil halal kanggo nglebur dosa marang liyan kanthi wujud sungkeman marang kang luwih tuwa utawa kanthi cara salaman tumrapé kang sejajar umur. Ing saperangané masarakat Jawa, ana tradhisi kang diwarisaké saka para leluhur minangka sarana kanggo nguripaké halal bil halal lan uga semangat silaturahmi mau kanthi tradisi ujung. Ujung yèn ditelusur saka tegesé tembung minangka pamungkasé wong kang nindakaké ngibadah Ramelan. Ujung ditindakaké kanthi nyowani tangga teparo kiwa lan tengen omah, para sesepuh lan pinisepuh uga para leluhur kang isih sugeng. Ujung dilakoni kanthi ngaturaké sungkem pangabekti banjur diterusaké kanthi ikrar panyuwunan pangapura tumrapé tumindak lan atur kang nerak tata krama utawa syara’ ing sajeroning setaun kapungkur.

Ètimologi[besut | besut sumber]

Ujung yèn ditelusur saka tegesé tembung minangka pamungkasé wong kang nindakaké ngibadah Ramelan. Ujung ditindakaké kanthi nyowani tangga teparo kiwa lan tengen omah, para sesepuh lan pinisepuh uga para leluhur kang isih sugeng. Ujung dilakoni kanthi ngaturaké sungkem pangabekti banjur diterusaké kanthi ikrar panyuwunan pangapura tumrapé tumindak lan atur kang nerak tata krama utawa syara’ ing sajeroning setaun kapungkur.

Miturut kapitayan Islam[besut | besut sumber]

Kanggoné umat Islam kang nembé nindakaké ngibadah pasa Ramelan sewulan nutug, tekane dina Riaya Idul Fitri minangka tanda kamenangan anggoné gladhi meper hawa nepsu kanthi lair dadi manungsa anyar kang resik saka sakabehing dosa kaya déné bayi manèh. Sajeroning keyakinan agama Islam, leburing penggawéan dosa kang ditindakaké déning manungsa ana loro syaraté amrih bisa lebur. Syarat kang angka sapisan ya iku kudu dikanthèni rasa taubat ana ing pangarsané Allah, kanthi niyat kang temenan ora bakal mbalèni laku tindak dosa mau. Syarat kang angka loro, yèn penggawéan dosa mau ana gandhèng cenengé karo sesrawungan karo sapadha-padhaning manungsa ana ing saktengahing bebrayan agung utawa masarakat kudu dikanthèni panyuwunan pangapura karo liyan kang disalahi mau. Kanthi mangkono syaraté dosa bisa lebur, kudu ngupaya leburing dosa rong dhimènsi urip ya iku dhimènsi vertikal tumrapé Kang Hakarya Jagad (hablu minnallah) lan dhimènsi horisontal tumrapé sak pepadhaning urip (hablu minnannas). Prasyarat warna loro mangkono ngemu teges amarga penguripané manungsa ing donya iki ora bisa uwal saka sesrawungan karo manungsa liya amarga manungsa minangka makluk sosial kang tansah mbutuhaké bebantuané masarakat. Kanthi dhedhasar rong prakara ing ngarep, mula ana ing ajaran agama dituntunaké sawisé ngibadah pasa sewulan nutug kanggo ngupadi pengampunané saka Kang Gawe Urip, manungsa banjur kudu nyuwun pangapura karo manungsa liyané. Mula banjur ana acara halal bi halal kanggo nglebur dosa marang liyan kanthi wujud sungkeman marang kang luwih sepuh utawa salaman tumrapé kang sejajar umur. Ing sakperangané masarakat Jawa, ana tradhisi kang diwarisaké saka para leluhur minangka sarana kanggo nguripaké halal bi halal lan uga semangat silaturahmi mau kanthi tradhisi ujung.

Mupangat[besut | besut sumber]

Anane tradhisi ujung bisa dadi srana kanggo tansah ngrakataké tali paseduluran utawa silaturahmi lan uga bisa dadi sarana kanggo nguri-uri bab unggah-ungguhing trapsila wong enom tumrap kang luwih sepuh, amarga ana ing sajeroning ujung diajaraké matur kang alus kanthi nggatekaké tata krama lan unggah ungguhing atur. Mbok manawa bab iku mau kang njalari saben-saben teka dina Riaya Idul Fitri, wong Jawa kang urip ing paran direwangi kanthi rekasa péngin tansah mulih ing ndésané sak perlu ketemu sanak sadulur kanggo apuran ing pangapuran.

Rujukan[besut | besut sumber]