Menyang kontèn

Téori rélativitas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Téyori relativitas Albert Einstein punika sebatan kanggé kempalan kekalih téyori fisika: relativitas umum lan relativitas mirunggan. Kakalih téyori punika dipunciptakaken kanggé mratélakaken manawi gelombang elektromagnetik boten sarujuk kaliyan téyori obahan Newton.

Gelombang elektromagnetik dipunbuktosaken éwah wonten ing kacepetan ingkang konstan, tanpa diounprabawai obahan ingkang ngamati. Inti pamikiran kekalih téyori punika manawi kalih pangamat ingkang éwah relatif dhumateng satunggal lan satunggalipun bakal pikantuk wekdal lan interval ruang ingkang bènten-bènten kanggé kadadosan ingkang sami, nanging isi hukum fisika badhé katingal sami déning kekalihipun.

Relativitas mligi (mirunggan)

[besut | besut sumber]

Seratan Einstein taun 1905, "Tentang Elektrodinamika Benda Bergerak", mratélakaken prekawis téyori relativitas mligi. Relativitas mligi nedahaken manawi kalih pangamat dumunung wonten ing kerangka acuan lembam lan éwah kanthi kacepetan ingkang sami relatif saking pangamat sanès, kakalih pangamat kasebat boten saged nglampahi percobaan kanggé nemtokaken bilih panjenenganipun éwah utawi mèndel. Kados déné wekdal panjenengan wonten ing salebeting kapal silem ingkang éwah kanthi kacepetan ingkang ajeg. Panjenengan boten saged mbédakaken manawi kapal silem punika nuju éwah punapa mèndel. Téyori relativitas mligi dipunsandaraken dhumateng postulat manawi kacepetan cahya punika sami dhumateng sadaya pangamat ingkang dumunung wonten ing kerangka acuan lembam.

Postulat sanès ingkang dados dhasar téyori relativitas mligi inggih punika: hukum fisika gadhah wangun matematis ingkang sami wonten ing salebeting kerangka acuan lembam pundi kémawon. Wonten ing téyori relativitas umum, postulat punika dipunwiyaraken kanggé nyakup boten namung kerangka acuan lembam, nanging kanggé sadaya kerangka acuan.

Relativitas umum

[besut | besut sumber]

Relativitas umum dipunbabar déning Einstein ing warsa 1916 (minangka satunggal sèri pangajaran ing sangajengipun "Prussian Academy of Science" 25 November 1915). Nanging, matematikawan Jerman David Hilbert nyerat lan nyebarluasaken persamaan sajinis sadèrèngipun Einstein. Bab punika boten ndadoskaen dkawan pamalsuan déning Einstein, nanging kamungkinan kekalihipun minangka para pangripta relativitas umum.

Téyori relativitas umum nggantosaken hukum gravitasi Newton. Téyori punika nganggé matematika geometri diferensial lan tensor kanggé mratélakaken gravitasi. Téyori punika gadhah wangun ingkang sami kanggé sadaya pangamat, ingkang éwah lan mèndel wonten ing salebeting kerangka acuan lembam utawi kanggé pangamat ingkang éwah wonten ing salebeting kerangka acuan ingkang dipuncepetaken. Wonten ing salebeting relativitas umum, gravitasi sampun boten awujud satunggiling gaya (kados wonten Hukum gravitasi Newton) nanging minangka konsekuensi saking kalengkungan (curvature) ruang-wekdal. Relativitas umum nedahaken manawi kalengkungan ruang-wekdal punika kadadosan saking wontenipun massa.

Mangga pirsani

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]