Trim Sutedjo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Trim Sutidjo)
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Trim Sutedjo, miyos ing Wonosari, Redi Kidul, Yogyakarta, tanggal 18 Mèi 1938.[1] Trim Sutedjo, panggangit ingkang yuswanipun sami kaliyan Muryalelana, Susilomurti, Sudharmo KD, St.lesmaniasita ugi satunggalipun.

Trim Sutedjo uga aktif rawuh pepanggihan sastra Jawi. Nalika dipunselenggarakaken  pepanggihan para panggaripta ing Yogyakarta ing wulan Agustus 1966, panjenenganipun ugi tumut ngadegipun Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ). Panjenenganipun dipunpitados dados ketua OPSJ Komisariat Jawi Kilèn. Wiwit punika, Trim Sutedjo aktif rawuh ing pepanggihan sastra Jawi dipunselenggarakaken ing Jakarta, Yogyakarta, Semarang, Sala, Surabaya, Bojonegara, saha sapiturutipun.

Riwayat Pagesangan utawi Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Pendhidhikan dasar lan madyanipun dipunpungkasi ing dhaérah miyosipun. Pungkas SMP, Trim Sutedjo nglajengaken pasinaonipun ing Sekolah Guru B (SGB) PIRI Yogyakarta, ngantos lulus ing taun 1956. Sesampunipun tamat saking SGB, panjenenganipun dados dwija Sekolah Rakyat ing Tlogoreja,Giritantra, Wonogiri, Jawi Madya. Wiwit dados dwija (1957) panjenenganipun miwiti nyerat, ingkang utamanipun guritan. Ananing pajenenganipun boten lami ing Wonogiri, amargi kapinginanipun ing bidang panyeratan kang ageng. Sahéngga penjenenganipun menyang wonten ing Jakarta ing taun 1963, kanthi pangarep saged ngrembakaken bakatipun ing panyeratan kréatif.


Sesampunipun ing Jakarta, Trim Sutédjo nglajengaken kuliah ing IKIP (sakpunika Universitas) Negeri Jakarta, jurusanipun Bimbingan saha Penyuluhan (Guliding and Conseling). Ananing ngantos tingkat gangsal, panjenenganipun medal  lan mlebet ing jurnalistik. Panjenenganipun dados rédaktur kalawarti anak-anak, sakpunika wonten Kucung, pelopor,  saha Tiara. Trim Sutedjo ing taun 1970 dados panaggung jawab saha pimpinan rédaksi ingkang sareng-sareng kaliyan Susilomurti saha Toha Mochtar ngadegaken kalawarti anak-anak Kawanku.

Pambabar[besut | besut sumber]

Trim Sutedjo langkung dipunsebat panggurit tinimbang cerpènis utawi novèlis, sanajan panjenenganipun nyerat cariyos (novèl) anak-anak ingkang ndamel basa Jawi utawi Indonésia. Wonten selangkung (25) buku cariyos anak-anak ingkang dipunserat. Penerbit Buku-buku cariyos inggih punika :

1.      Balai Pustaka

2.      Jambatan

3.      Ariès Lima

4.      Aqua Prèss

5.      Cemerlang

6.      Yayasan Kawanku

Unsur Réligius Sastra Jawa[besut | besut sumber]

Tuladha Geguritan: Gagrag Anyar (Puisi Modren)

KASAGUHAN

Anggitanipun Trim Sutidjo


bumimu lan bumiku bumining tresna

bumi kang dipanggang déning panasing panguripan

ing sandhuwuré ububané kang pandhé

kakang, tampanana guritan iki

guritan kang rila kaya rilaning uripmu marang panadhang

iki isih soré, soré kang kawitan

dak turuté tipaké jangkahmu saka kadohan

ing tegal kamanungsan lan héroisme joang

nganti tinemuné wangi ing kudhupé mlathi

pinangka pisusungku marang pratiwi

jalaran pagering tresna mimis lan ludira

aku ora bisa tumolèh manèh

bumi iki bumi leluwur bumi warisan

bakal dak rungkebi srana toh pati

(Gotongroyong, No.14 Th. II, Oktober 1964, hal. 10)

Terjemahan :

KESANGGUPAN

Anggitanipun Trim Sutidjo

bumimu dan bumiku bumi tercinta

bumi yang dipanggang olèh panasnya kehidupan

di atas puputan tukang pandé besi

kakang, terimalah guritan ini

guritan yang réla seperti kerélaan hidupmu kepada penderita

ini masih soré hari, soré hari yang pertama kali

ku ikuti tapak langkahmu dari kejauhan

di lading kemanusiaan dan héroisme perjuangan

hingga terdapat bau harum dalam kudup bunga melati

sebagai baktiku kepada pertiwi

sebab pagarnya cinta kasih peluru dan darah

aku tidak bisa menolèh kembali

bumi ini bumi nènèk moyang bumi warisan

akan kubéla dengan taruhan patiku.


Geguritan punika kasebat ing inggil maparaken kasanggupanipun tiyang patriot pejuang bangsa ingkang mbéla bumi kelahiranipun ingkang dipunwarisaken déning simbah buyutipun, amargi tresnanipun kagem tanah Jawi punika piyambakipun sanggup naruhaken nyawanipun ing medan laga-nipun.[2]

Ing dalem karyanipun punika boten nyinggung Gusti Allah. Namung sikap pagesanganipun ingkang tresna déning tanah babaranipun sakpunika sampun nunjukaken katetegan utawi kukuh sentosa imanipun déning ingkang Maha Ésa. Amargi tiyang ingkang mantep punika tresna tanah airnipun punika kalebet tiyang ingkang sungguh-sungguh ugi pitados kuwaos (kekuasaan) Al Khalik. Kapitayan Islam wonten tembung khunul wathan minal iman? Tresna tanah air menika kalebet iman. Menika unsuripun réligius ingkang kasirat ing dalem geguritan kasebat ing inggil.

Karya-karyané[besut | besut sumber]

Karya-karya geguritan saha ésainipun, ingkang utami ngagem basa Jawi, kathah dipunbabar utawi dipun-emot wonten ing kalawarti :

1.     Waspada

2.     Mekar Sari

3.     Kekasihku

4.     Jaya Baya

5.     Crita Cekak

6.     Gotong Royong

7.     Panjebar Semangat

8.     Kumandhang

Wonten ing taun 1966, kanthi dipun biyantu kaliyan N. Sakdani (pimpinan rédaksi Dharma Nyata ing Sala) Trim Sutédjo ngempakaken karya-karyanipun kanthi irah-irahan:

1.     Geguritan “Pupus Cindhé” (CV Pembina, Surakarta)

2.     Cerkak “Temantèn Ing Akhérat.  Buku kasebat sampun dipunrembung kaliyan Muryalelana (Djaka Lodang, No. 584-587, Tahun XII, 1967)


Taun 1976, Trim Sutédjo nepangaken buku antologi geguritan kanthi irah-irahan Kabar Saka Paran. Antologi punika wonten 55 geguritan ingkang dipunserat taun 1959 ngantos 1972. Antologi punika uga sampun dipunbabaraken utawi dipunpacak dalem Pupus Cindhé.

Déné sakpérangan guritan Trim Sutédjo dipunpendhet déning para panyerat lintunipun kagem panyususnanipun antologi geguritan sesarengan. Tuladhanipun, déning punika :

1.        St. Iesmaniasita ingsalebeting antologi Geguritan Antologi Sajak-Sajak Jawi (Pustaka Sasanamulya, Surakarta, 1975),

2.        Susatyo Darnawi ingsalebeting antologi Lintang-Lintang Abyor: Sekuntum Puisi Jawa Mutakhir (Fakultas Sastra dan Budaya Universitas Diponegoro, Semarang, 1983)

3.        J.J. ras ingsalebeting buku Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir (Grafitipers, 1983)

4.        Suripan Sadi Hutomo ingsalebeting bukuAntologi Puisi Jawa Modern 1940-1980 (Sinar Wijaya, Surabaya, 1984). Kajaba punika, Trim Sutédjo uga nyusun bulu piwulang kagem Sekolah Dasar, ingkang utami babagan soal-soal EBTA.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Suwondo, Tirto; dkk (2006). Antologi Biografi PENGARANG SASTRA JAWA MODERN. Yogyakarta: ADIWACANA. p. 234. ISBN 979-99604-8-7.
  2. B.A, DOJOSANTOSA (1989). UNSUR RÉLIGIUS dalam SASTRA JAWA. Semarang: CV. Aneka Ilmu. p. 110.