Menyang kontèn

Titania Aurelie Nurhermansyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aurel Hermansyah
Lair10 Juli 1998 (umur 27)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanPenyanyi, Artis

Titania Aurelie Nurhermansyah kondhang kanthi jeneng Aurel (lair ing Jakarta, 10 Juli 1998; umur 27 taun) ya iku penyanyi saka Indonesia, anak saka pasangan penyanyi Anang Hermansyah lan Krisdayanti. Tembangané kang kaping pisanan ya iku Tanpa Bintang dirilis ing taun 2010.[1] Dhèwèké asring uga olèh celukan Loli penyanyi remaja anyaran.[1] Dhèwèké marisi getih seni saka wong tuwané kang uga dadi musisi kondhang ing Indonesia.[1]

Awalé, jeneng Aurel Hermansyah pancèn ora mung dikenal dadi anak saka pasangan musisi kondhang ing Indonesia.[1] Kariré ing donya nyanyi diwiwiti nalika dhèwèké ngrilis mini album dhuèté bebarengan karo bapané kang tajuké Anang & Lolie Tanpa Bintang.[1] Album mini iki resmi diluncuraké ing tanggal 24 November 2010.[1] Paluncuran album iki gawé mongkog amarga dadi awal dhèwèké lumebu ing donya musik.[1]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 biografi Titania Aurelie Nurhermansyah diundhuh tanggal 22 September 2011