Tisha B'Av

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tisha B'Av
Francesco Hayez 017.jpg
Hancurnya Bait Allah di Yerusalem, by Francesco Hayez
Jeneng resmi Tanggal 9 bulan Ab
basa Ibrani: תשעה באב
basa Inggris: Ninth of Av
Diayahi Orang Yahudi
Jinis Yahudi
Kotaman Meratapi kehancuran Bait Suci dan bencana yang menimpa orang-orang Yahudi
Pèngetan puasa, doa
Tanggal 9 bulan Ab (kalau tiba ing dinten Sabat, dipun-gantos tanggal 10 Ab)
Tanggal ing 2017 date missing (please add)
Gegayutan Puasa pada tanggal 10 Tevet dan 17 Tammuz, Peringatan 3 Minggu dan Peringatan 9 Hari
Excavated stones from the Western Wall of the Temple Mount (Jerusalem), knocked onto the street below by Roman battering rams in 70 CE
Lecture de knnot au pied du Mur occidental, 2004
Tisha B'av, tableau de Leopold Horowitz, 1887
Gambar:PikiWiki Israèl 3432 9 av kotel.JPG
L'après-midi du 9 av, les orants se relèvent

Tisha B'Av (basa Ibrani: תשעה באב‎ utawi ט׳ באב, Tesha Be-Ab "Tanggal 9 bulan Ab") inggih punika dinten berkabung kangg ètiyang Yahudi saben taun ingkang tiba ing tanggal 9 wulan Ab inggih punika wulan kaping 5 ing kalender Yahudi. Manawi tanggal 9 Ab tiba ing dinten Sabat, mila peringatan dipun-gantos tanggal 10 Ab. Peringatan arupi puasa 25 jam lan doa, dipuniringi pembacaan Kitab Ratapan lan Kitab Ayub. Wonten sejumlah bencana ingkang dipunpèngèti ing dinten punika, mliginipun hancure Bait Suci kawiwitan lan kaping kalih ing tanggal ingkang sami ing salebeting kalender Yahudi punika kapisah 655 taun.

Batu-batu reruntuhan ingkang dipungali saking Tembok Ratapan ing Yerusalem, punika pemukul tembok Romawi taun 70 M

Tiga minggu kapungkasan sadèrèngipun Tisha B'Av dipuntèpang minangka Peringatan 3 Minggu, manawi 9 dinten pungkasan sadèrèngipun Tisha B'Av dipunsebat Peringatan 9 dinten.

Gangsal Bencana Utama[besut | besut sumber]

Miturut Mishnah Taanit 4:6, wonten 5 prastawa ingkang wigati nyedihaken kadadosan ing 9 Ab.

  1. Kalih welas mata-mata dipunkintun déning Musa kanggé ningali tanah Kanaan. Namung 2 tiyang, Yosua bin Nun lan Kaleb bin Yefune ingkang mbeta pawarta ingkang saé, 10 ingkang sanès nyariosaken hal-hal ingkang buruk babagan tanah punika, pramila bangsa Israèl berputus asa lan mberontak dateng Tuhan. Amargi Tuhan nghukum bangsa punika, inggih punika saben tiyang ingkag yuswa 20 taun ing inggil ing wanci punika badhé nginjakaken samparan ing lemah tengenn, kejawi Yosua lan Kaleb. (Wilangan 13–14)
  2. Kehancuran Bait Suci kawiwitan ingkang diyasa déning raja Salomo sarta kapungkasan Karajan Yehuda ing asta raja Babel Nebukadnezar II ing taun 586 SM. Penduduk Yehuda lajeng dipunbheta Pembuangan ke Babel. Bait Allah wiwit dipunhancuraken tanggal 7 Ab (2 Raja-raja 25:8) dan berlangsung sampai tanggal 10 (Yeremia 52:12). Api wiwit dipunsulut ing siang dinten tanggal 9 (Ta'anit 29a).
  3. Kehancuran Bait Suci kaping kalih dipunyasa déning Ezra lan Nehemia ing asta tentara Romawi ing wulan Agustus 70 M, pramila tiyang0-tiyang Yahudi kasebar ing jawi saking tanah Israèl. Talmud Ta'anit, kehancuran dipunwiwiti tanggal 9 Ab lan Bait Suci terbakar ngantos tanggal 10 Ab.
  4. Tentara Roma ngajuraken pemberontakan Bar Kokhba lan ngajuraken kutha bètèng Betar, mbunuh langkung saking 100.000 tiyang Yahudi, ing tanggal 8 Juli 132 (9 Ab 3892 AM).[1]
  5. Minagka kalajengan pengepungan Yerusalem taun 70 M, jenderal Romawi Turnus Rufus ngajuraken bekas-bekas Bait Suci lan laladan sawatawis taun 133.[2]

Bencana Sanes[besut | besut sumber]

Ing salah sawijining dinten prastawa sedih sanès ingkang dipunperingati ing tanggal 9 Ab:

  • Perang Salib pertama dipunumumaken déning Paus Urban II ing tanggal 20 Juli 1095 (9 Ab 4855 AM), mbunuh 10.000 tiyang Yahudi ing wulan kawiwitan lan ngajuraken pemukiman Yahudi ing Perancis lan laladan Rhineland.[1]
  • Tiyang Yahudi dipunusir saking Inggris tanggal 25 Juli 1290 (9 Ab 5050 AM).[1]
  • Tiyang Yahudi dipunusir saking Spanyol miturut Dekrit Alhambra ing tanggal 11 Agustus 1492 (9 Ab 5252 AM).[2]
  • Ing tanggal 1 Agustus 1914 (9 Ab 5674 AM), Perang Dunia I pecah lan njalari kehancuran ingkang luar biyasa ing Éropah sarta dados dhasar Perang Dunia II lan Holocaust (Pembantaian tiyang Yahudi déning Nazi Jerman).[2]
  • Ing sonten dinten 9 Ab 5702 AM (23 Juli 1942), deportasi massal tiyang Yahudi dipunwiwiti saking Warsaw Ghetto ing Treblinka.[3]
  • Gedung komunitas Yahudi ing Buenos Aires dibom kaliyan kurban 86 ninggal lan 300 luka-luka, ing dinten Senin, 18 Juli 1994 (10 Ab 5754 AM).[1][4]

Aturan Peringatan[besut | besut sumber]

Tisha B'Av ndhèrèk aturan ingkang sami ketatipun kaliyan peringatan Yom Kippur. Sanèsipun puasa 25 jam, wiwit petang dinten 9 Ab ngantos ing wiwit petang dinten salajengipun, ugi wonten5 larangan:[5]

  1. Dipunlarang ndahar utawi ngunjuk
  2. Dipunlarang mbasuh utawi siram
  3. Dipunlarang ngagem krim utawi lenga
  4. Dipunlarang ngagem sepatu wacucal
  5. Dipunlarang berhubungan badan

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Becher, Rabbi Mordechai (1995). "History of Events on Tisha B'Av". ohrnet. Dijupuk 2010-07-19. 
  2. ^ a b c Barclay, Rabbi Elozor; Jaeger, Rabbi Yitzchok (2003). Guidelines: Over Four Hundred of the Most Commonly Asked Questions About the Three Weeks. Targum Press. ISBN 1-56871-254-5. 
  3. ^ "Tisha B'Av Calamities-9th day of the Hebrew month of Av-Ninth of Av-Jewish Days of Mourning-Fast Day". Dijupuk 2008-08-10. 
  4. ^ Jewish Calendar 1994
  5. ^ Kitzur Shulchan Aruch (Hebrew)

Ndelengen Uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:JewishHolidays