Temu ireng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Temu ireng(Curcuma aeruginosa)

Temu ireng (Curcuma aeruginosa) asalé saka Burma, Kamboja, Indocina, lan nyebar nganti tekan Jawa.[1] Tanduran iki bisa urip ing plataran lan ing tegalan, temu ireng uga akèh tinemu ing alas jati, ing suket-suket, utawa ing sawah, lan ing dataran cendhèk kang dhuwuré 400-750 mèter sandhuwuré banyu segara.[1] Temu ireng duwé sipat kimiawi lan efek farmakologis: rasané pahit, lan sifaté anget.[2] Temu ireng iki kagolong analgetik (ngurangi lara), lan mbuyarake getih kang mbeku utawa obat peninggi badan.[2]

Temu ireng iku salah siji tanduran semak.[3] Tanduran iki bisa ditandur kanthi cara umbi.[4] Jeneng liyané: temu erang (Melayu); koneng hideung (Sunda); temu ireng (Jawa); temo ereng (Madura); tamu leteng (Makassar); temu lotong (Bugis).[5]

Temu ireng(Curcuma aeruginosa)

Carané nandur temu ireng[besut | besut sumber]

Pilih umbi kang wis tuwa lan nduwéni tunas.[4] Umbi iki bisa langsung ditandur ing plataran, tegalan lan sapanunggalané.[4] Bagean kang minangka usada iku rimpang utawa umbiné.[6] Carané rimpang diumbah, banjur dikethoki, banjur diangin-anginké supaya kandhungan lenga asiriné ora ilang.[6]

Wujud Fisik[besut | besut sumber]

Wité semu, dhuwuré 50 cm warnané ijo.[7] Godhonge siji, tangkaine dawa, 2-9 helai.[1] Helai godhonge wujudé bunder, ndawa.[1][7] Werna kulit njaba kuning lan mengkilap, pucuke jambon.[7] Balung godhonge nyirip, warnané ijo tuwa.[1] Godhongé ora ana wuluné, ukurané 90 x 30 cm, warnané ijo.[8]

Kasiat Temu Ireng[besut | besut sumber]

Temu ireng akèh kasiaté kaya ta:[9]

  • nyuburaké kandhutan
  • cacingan
  • ambéien
  • lara haid
  • lelara kulit kaya ta korèng, kudis, borok
  • sariawan
  • Ngobati watuk lan asma, carané:temu ireng (25 g) diumbah, banjur dikethoki tipis-tipis.[6] Digodhog nganggo banyu rong gelas suwéné 20 menit.[6] Sawisé iku, banjur diumbarké adhem, disaring. Kanggo wong kang lara asma diombé ésuk lan soré.[6]
  • Nambah nafsu mangan, carané: temu ireng saukuran jempol, dikumbah resik, diiris tipis-tipis.[6] digodhog nganggo rong gelas banyu putih nganti asat sisa sagelas.[6] Diadhemke, banjur disaring. Diombe sadina kaping pindho, ésuk lan sore sadurungé madhang.[6]
  • Nétralké racun ing jero awak, carané: 25 gram temu ireng, 30 gram takokak digodhog karo 600 cc banyu nganti sisa 200 cc banjur disaring lan diombé nalika isih anget.[8]
  • Temu ireng uga asring minangka ibu-ibu kang nglairaké kanggo nambah stamina.[10]
  • Saliyané iku uga bisa dienggo ngresiki sabubaré nglairaké, kanthi cara: temu ireng(rong driji) diumbah resik, banjur dioncèki.[6] Bubar dioncèki diuleg nganti lembut, tambahaké setengah cingkir banyu panas, banjur diudhek nganti rata.[6] Yèn wis adhem disaring banjur diombé.[6] Dilakoni telung dina sabubaré nglaéraké.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e iptek tanaman obat (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)]
  2. ^ a b [Wijayakusuma, Hembing.2006. Atasi Asam urat dan Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara]
  3. ^ temu ireng (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)
  4. ^ a b c Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 89-91. ISBN 979-489-308-0
  5. ^ tanaman obat (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l Temu hitam sebagai obat herbal) (diakses tanggal 27 Fèbruari 2011)
  7. ^ a b c [Muhlisah, Fauziah.2001. Tanaman Obat Kulawarga. Jakarta: Penebar Swadaya.
  8. ^ a b tanaman herbal (diakses tanggal 28 Fèbruari 2011)] Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet7" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  9. ^ temu hitam (diakses tanggal 27 Fèbruari 2011)]
  10. ^ temu ireng (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)