Témbok Sesambat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Tembok Ratapan)
Gambar:Israèl-Western Wall.jpg
Témbok Ratapan di waktu malam
Paus Fransiskus dedonga ing Témbok Sesambat

Témbok Sesambat (Basa Indonésia:Tembok Ratapan, Inggris:Western Wall, basa Ibrani: הכותל המערבי‎, alih aksara: HaKotel HaMa'aravi) (Basa Arab: حائط البراق‎, alih aksara: Ḥā'iṭ Al-Burāq), kadhangkala diarani Wailing Wall utawa mung Kotel waé (harafiah témbok; pocapan Ashkenaz: Kosel), lan minangka al-Buraaq Wall ing Basa Arab,[1] iku papan sing wigati lan dianggep suci déning wong Yahudi. Témbok iki arupa sisa témbok Omah Suci ing Yerusalem sing diyasa déning Raja Salomo (Sulaiman), putra Daud. Omah Suci iku ajur nalika Israèl diserbu wadya Romawi ing taun 70 Masehi.

Dawané témbok iki asliné watara 485 mèter, lan saiki sisané mung 60 mèter.

Wong Yahudi percaya yèn témbok iki ora mèlu ajur sebab ing kono manggon "Shekhinah" (kehadiran Ilahi). Dadi, dedonga ing kono padha waé karo dedonga marang Tuhan.

Wong Yahudi dedonga ing Témbok Kulon

Témbok iki biyèné kaloka mung minangka Témbok Kulon,ananging saiki ingaran "Témbok Ratapan" amarga ing témbok iki wong Yahudi dedonga lan sesambat, keduwung marang dosa-dosané kanthi kebak rasa gela. Saliyané ngucap donga-donga, wong Yahudi uga nyimpen dongané sing ditulis ing salembar deluwang disisipaké ing cepitan témbok iki.

Témbok iki kapérang dadi loro nganggo pager pemisah (mechitza) kanggo misahaké lanang lan wadon. Wong Yahudi Ortodoks percaya yèn ora olèh dedonga bebarengan karo wong wadon.

Tumrap umat Muslim, témbok iki uga minangka péranganing dhasar Masjid Al Aqsa lan Masjidil Omar (Arab: قبة الصخرة Qubbat As-Sakhrah), sarta diyakini minangka gerbang mangkaté Muhammad tumuju swarga (nalika mi'raj) kanthi nitih Buraq

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ "Jews Have No Legitimate Claim to Al-Buraq Wall". IslamOnline. May 8, 2004. Dijupuk 2010-02-08. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]