Tari topeng lengger

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Beksan Topeng Lengger

Jogèd topeng Lénggér, Lénggér ateges tledhek lanang.[1] kalebu jogèd tradhisional, kang wes banget lawase dikenalke ana tlatah Jawa Tengah. Lénggér, saka tembung eling ngger.[2] beksan iki awèh paweling lan pesen yèn saben wong diajab bisa tumindak kang nengenake marang kautaman, nyingkur kanisthan, tumrap srawunge marang sepadha-padha.Jogèd utawa beksan iki dirintis ing Dusun Giyanti déning tokoh kesenian saka désa Kecis, Kacamatan Selomerto, ya iku Bapa Gondowinangun watara taun 1910. Sebanjure, watara taun 60-an, jogèd iki dekembangke déning Ki Hadi Soewarno.

Gambar Beksan Topeng Lengger

Carane nari[besut | besut sumber]

Jogèd topeng Lénggér dipentasake wong loro, wong lanang nganggo topeng lan wong wadon nganggo sandangan tradhisional. ndekne nari wantara 10 menit saben babak diiringi karo alunan musik gambang, saron, kendang, gong, lan liyané.[2] Penari wadon didandani kaya puteri karaton jawa aman biyèn karo nganggo kemben lan selendang. Penari lanang tampil nganggo topeng.[3]

Keistimewaan[besut | besut sumber]

Jogèd topeng Lénggér mau uga jogèd tayub topeng. Jogèd utawa beksan iki pancen turunan saka jogèd tayub, seng variasinye tumuwuh lan kasebar ing tlatah jawi. Nanging ana bedane antarané Jogèd Topeng Lénggér lan Tayub. Olehe nari tayub kudu wadon kan iseh perawan, nanging Lénggér bisa dke lanang utawa wadon.[3]

Asal Usule Beksan Topeng Lénggér[besut | besut sumber]

Mituru critane, beksan utawa jogèd iki kawiwitan nalika Raja Brawijaya,kelangan putri kinasihe, sesilih Dewi sekartaji.[2] Sang maha raja nggenakkake sayembara, seng sapa wonge bisa kasel memokkake putrine mau bakal didhaupake marang sang dewi. ora sithik pawongan kang padha mèlu sayembara mau. Sawisé padha gogrok, jalaran padha cabar gawé, tundhone mung kari satriya cacah loro kang panggah, ya iku Raden Panji Asmara Bangun saka jenggala kang sesinglon asma Joko Kembang Kuning, lan siji manèh kekasih Prabu Klono saka Sebrang, (jarene) kang njalari bjalari sang putri ayu kendran, jalaran bakal dijodohke. Sajeroning padha ngupadi lan nggoleki Dewi Sekarjati, Joko Kembang kuning kang diderekake para Narapraja, njarak namur laku dadi ''lédhék'', kang kliling désa-madésa, saka désa kang siji ngalih menyang désa liyané. para paraga kang padha among beksa migunakkake topéng, lan dandan wanita, rinengga gamelan sakanane. Kesuyatane, pasugatan beksan ledhek mau olèh kawigatan lan nengsemi tumrap masarakat, karena saking kalokane, nganti bisa nggegerake tegesé ngeramekake saka désa-madésa.[4] Ora mokal wong-wong padha ngarani. "lédhék" kang gawé "gégér" dadi "Lénggér". Enggo ing sijining désa, beksan Lénggér kuwawa nengsemi lan narik kawigatane dewi Sekartaji, saka pandelikane. nanging bebarengan karo iku, Prabu Klono uga wus ngerteni ing endi papan sesingidan lan dunungé Sukartaji. Mula Prabu klono nuli utusan marang seduluré putri kang sesilih retno tenggaron, dhinerekake para prajurit putri, kinen ngelamar Dewi Sekertaji. Nanging lamaran mau dinampik déning sang putri. Ora mokal putri kekarone banjur padha tanding yuda. Puntone Retno Tenggaron kepracondhang, kinalahake déning dewi Sekartaji. Sabacute, Paru Klono lan joko Kembang Kuning tetep padha kukuh nedya ngayunake sang Dewi. Mula banjur dianakake sayembara tandheng yuda. Sapa kang unggul ing yuda, ya iku duwé hak nggarwa Dewi Sekartaji. Nalika kekarone padha adu kasudibyan kanuragan,Prabu Klono tumekaning tiwas. Engga Dewi Sekartaji didhapukake marang Joko Kembang Kuning, ya Raden Panji Asmara Bangun. Kanggo ngeramekake dhaupe Dewi Sekartaji lan Joko Kembang Kuning, kasugatakake beksan Topeng Lénggér.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Ensiklopedi Indonésia(dipunundhuh tanggal 6 Oktober 2012)
  2. a b c Tari Lengger Topeng Menikmati Kesenian Tradisional di Dataran Tinggi Dieng(dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2012)
  3. a b Jogjatrip(dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2012)
  4. Promo Jateng(dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2012)
  5. Lengger Dieng Tari topeng Lesenian Khas(dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2012)