Tari Didong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Didong

Didong inggih punika sawijining kesenian rakyat Gayo ingkang madhukaken unsur jogèd, vokal, lan sastra. Didong dipunwiwiti nalika jaman Reje Linge XIII. Kesenian punika dipuntepangaken pisanan déning Abdul Kadir To`et. Kesenian didong langkung dipunremeni déning masarakat Takengon lan Bener Meriah.

Makna[besut | besut sumber]

Wonten ingkang gadhah pamanggih bilih tembung “didong” nyelaki tegesing tembung “denang” utawi “donang” ingkang ngemu teges “nyanyian sinambi megawé utawi saperlu panglipur manah utawi sesarengan kaliyan “unén-unén”. Lan, wonten ugi ingkang gadhah pamanggih bilih Didong asaliipun saking tembung “din” lan “dong”. “Din” ateges Agama saha “dong” ateges Dakwah.

Fungsi[besut | besut sumber]

Nalika wiwitanipun didong dipun-ginakaken minangka sarana kanggé panyebaran agama Islam lumantar médhia syair. Para ceh didong (seniman didong) boten namung nyampékaken tutur dhumatenng pamiyarsa ingkang kabungkus kanthi aji-aji estetika, déné ing salebetipun gadhah ancas supados masarakat pamirengipun saged paring maringi makna gesang kanthi realitas ing pagesanganipun para Nabi lan tokoh ingkang sami kaliyan Islam. Wonten ing didong wonten aji-aji religius, aji-aji kaéndahan, aji-aji kebersamaan lan sanèsipun. Saéngga, wonten ing dialog para ceh boten namung katuntut saged ngenal cariyos-cariyos religius nanging ugi bersyair, gadhah swara ingkang éndah sarta kapribadén ingkang saé. Prasaja, sawijining ceh minangka seniman sajatos ingkang gadhah kaluwihan ing sadaya aspék ingkang gegayutan kaliyan fungsinipun saperlu nyebaraken ajaran Islam. Didong ing kala rumiyin dipunpentasaken nalika dina-dina riyaya Agama Islam.

Miturut Perkembangan[besut | besut sumber]

Wonten ing perkembanganipun, didong boten namung dipuntingalaken nalika dinten-dinten ageng agama Islam, nanging ugi ing upacara-upacara adat kados ta palakrama, khitanan, yasa omah, panen raya, penyambutan tamu lan sanès-sanèsipun. Para pe-didong nalika mentasaken limrahipun milih tema ingkang jumbuh kaliyan upacara ingkang dipuntindakaken. Ing upacara palakrama tuladhanipun, badhé dipunaturaken cangkriman ingkang ngemot aturan adat palakrama. Kanthi makaten, pe-didong kedah nguwaosi kanthi saestu babagan adat palakrama. Kanthi cara makaten kawruh masarakat babagan adat saged karumat. Aji-aji ingkang mehh cures badhé dipunpatdosi malih déning para ceh saperlu kesenian didong.

Penampilan didong ngalami éwah-éwahan sabibaripun Jepang mlebet ing Indonesia. Sikap pamaréntah Jepang ingkang keras katingal ngobrak-abrik wujud kesenian punika. Nalika iku, didong dipun-ginakaken minangka srana palipuran tumrap bala Jepang ingkang dumunung ing tlatah Gayo. Bab punika maringi inspirasi tumrap masarakat Gayo saperlu ngrembakaken didong ingkang syairipun boten namung babagan bag-bab religius lan adat istiadat, nanging ugi perkawis sosial ingkang sipatipun protes tumraping penjajahan Jepang. Sabibaripun jaman proklamasi, seni pertunjukan didong dipundadosaken minangka srana tumrap pamaréntah kanggé njembatani informasi dumugi ing désa-désa mliginipun ing bab nedahaken babagan Pancasila, UUD 1945 lan semangat bela nagara. Kajawi punika, didong ugi dipun-ginakaken saperlu ngrembakakaken semangat kegotong-royongan, mliginipun saperlu madosi dana kanggé yasa sekolah, madrasah, masjid, ugi pambangunan kreteg. Nanging, nalika periode 1950-an nalika wonten pergolakan DI/TII kesenian didong naté mandheg amargi dipunlarang déning DI/TII. Akibat dipunlarangipun didong, saéngga medal sawijining kesenian énggal ingkang dipunsebut "saer", ingkang bentukipun meh sami kaliyan didong. Bedanipun didong kaliyan "saer" namung ing wujud unsur gerak lan jogèd. Tepukan tangan ingkang minangka unsur wigato ing didong boten dipunleresaken ing "saer".

Sapunika didong medal malih kanthi lirik-lirik ingkang meh sami kaliyan nalika jaman Jepang, inggih puika wujud protes. Bedanipun, sapunika protesipun katujukaken tumraping pamaréntah ingkang netepaken Acèh minangka Daerah Operasi Militer, saéngga damel kuciwaning masarakat. Protes anti kekerasan saestunipun boten namung kadadosan ing kesenian didong, nanging ugi ing bentuk-bentuk kesenian sanès ingkang wonten ing Acèh.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  • Didong Dimulai Sejak Zaman Reje Linge XIII [1]
  • Didong yang terlupakan dari kaki gunung Leuser [2]
  • Didong Gayo Lues [3]
  • Puisi Didong Gayo (Balai Pustaka 2006)
  • Tim Koordinasi Siaran Direktorat Jenderal Kebudayaan. 1988. Aneka Rupa Hkasanah Budaya Nusantara I. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
  • Tim Koordinasi Siaran Direktorat Jenderal Kebudayaan. 1996. Aneka Rupa Hkasanah Budaya Nusantara VII. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan