Suruh walanda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Epipremnum aureum
Epipremnum aureum
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Angiosperms
Unranked: Monocots
Ordho: Alismatales
Famili: Araceae
Subfamili: Monsteroideae
Tribe: Monstereae
Génus: Epipremnum
Spésies: E. aureum
Jeneng binomial
Epipremnum aureum
(L.) Engl.
Sinonim
  • Epipremnum pinnatum cv. aureum Nicolson
  • Epipremnum angustilobum K.Krause
  • Epipremnum elegans Engl.
  • Epipremnum glaucicephalum Elmer
  • Epipremnum merrillii Engl.
  • Epipremnum mirable Schott
  • Epipremnum pinnatum f. eporforatum (Engl.) Engl.
  • Epipremnum pinnatum f. multisectum (Engl.) Engl.
  • Monstera pinnata (L.) Schott
  • Philodendron nechodomae Britton
  • Polypodium laciniatum Burm f.
  • Pothos aureus Linden & André
  • Pothos pinnatus L.
  • Rhaphidophora cunninghamii Schott
  • Rhaphidophora laciniata (Burm. f.) Merr.
  • Rhaphidophora lovellae F.M.Bailey
  • Rhaphidophora merrillii Engl.
  • Rhaphidophora pertusa var.vitiensis (Schott)Engl.
  • Rhaphidophora pinnata (L.) Schott
  • Rhaphidophora pinnata (Schott)
  • Rhaphidophora vitiensis Schott
  • Scindapsus aureus (Linden & André) Engl.
  • Scindapsus pinnatus Schott
Variegated cultivar of E. aureum

Suruh Walanda ya iku tuwuhan semi epifit kang biyasa ditandur wong kanggo ngiasi pekarangan utawa sajeroning ruangan. Tuwuhan saka suku Araceae iki gampang dikenali saka wena godhonge kang belang warna kuning cerah nganti kuning pucet, mrambat ing pang wit kanthui godhong gedhé saéngga nutup pang wit kag dirambati. nalika ditandur sajeroning pot, ukuran godhonge luwih cilik. suruh Walanda dikenal duwé jeneng elmiah kang béda-béda saéngga angèl diidentifikasi amarga akèh jinis liya kang padha. saiki dileboake sajeroning marga Epipremnum, sadurungé dikenal kalebu ing marga Scindapsus (S. aureus) lan uga wis tau digolongake sajeroning marga Raphidophora (dadi R. pinnata).

Khasiat[besut | besut sumber]

Tuwuhan kang kalebu sajeroning subkingdom Tracheobionta lan Kingdom Plantae (tuwuhan) iki bisa kanthi efektif nyerap formaldehida lan benzena. sajeroning wayah sadina, suruh Walanda bisa nyerap 54% saka total benzena 0.156 ppm. kanggo formaldehida, saka 18 ppm diilangake watara 67%. saliyané iku karbonmonoksida kang gedhene 113 ppm bisa diilangake nganti 75%. (ppm = parts per million). Formaldelhida ya iku senyawa kimia kang kadhapur saka bakaran zat kang ngandhut karbon lan kandhut sajeroning kebul kobongan alas, knalpot motor, lan kebul tembakau. nalika Benzena ya iku senyawa kimia kang dadi salah sawijining kompnen sajeroning lenga bumi lan dadi salah sawijining bahan petrokimia kang paling dhasar lan pelarut kang wigati sajeroning donya indhustri.[1]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2014-01-17. Dibukak ing 2013-01-29.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)