Menyang kontèn

Shkodran Mustafi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Shkodran Mustafi 2018

Shkodran Mustafi iku sawijiné juru main bal-balan profèsional ana ning klub Valencia.[1] Piyambaké lair tanggal 17 April 1992 ndhik Bad Hersfeld, Jerman.[1] Posisiné juru main sing nduwé darah Albania ya iku juru main mburi.[2] Piyambaké uga dadi juru main timnas Jerman.[3] Taun 2014 piyambaké mèlu ana ing Piala Dunia Brasil. Pemain sing duwuré 184 cm iki ora ngira bakal diceluk karo pelatihé Jerman ya iku Joachim Löw.[2] Piyambaké uga bisa dimainké dadi bèg tengen.[4]

Pemain sing tengah-tengahé taun 2016 iki diremeni karo Arsenal iki tahu main ndhik Everton lan Sampdoria sadurungé main ndhik Valencia.[2] Ndèk Everton, Mustafi ora akèh main amarga pelatihé wektu iku kurang percaya karo Mustafi.[2] Ndèk kana Mustafi mung 3 taun, ya iku 2019 nganti 2012 lan sabanjuré ana ing Sampdoria.[2]

Ndèk mangsa bal-balan Spanyol taun 2015 nganti 2016, Mustafi main apik, kebukti teka jumlah tekel, intercept, lan [3] Tim Kelelawar sebutané Valencia kalebu tim sing ora akèh kelebon bal, ya iku mung 48 gol, jumlah iku ora keitung akèh lek ndèlok kaya apa juru main-juru main ngarepé ndhik liga Spanyol.[3] Pertahanané Valencia dadi urutan nomer 7 sing paling kuwat.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "shkodran-mustafi". www.goal.com. Dibukak ing 14 August 2016.
  2. 1 2 3 4 5 "Skhodran Mustafi Merapat, Solusi Jangka Pendek dan Panjang bagi Arsenal". www.panditfootball.com. Dibukak ing 14 August 2016.
  3. 1 2 3 4 "Pantaskah Mustafi Hanya Menjadi Pemain Pengganti?". www.panditfootball.com. Dibukak ing 14 August 2016.
  4. "Jangan Berpuas Diri, Jerman!". www.fandom.id. Diarsip saka sing asli ing 13 June 2016. Dibukak ing 14 August 2016.