Serat suluk kaga kridha sopana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Naskah serat suluk Kaga Kridha Sopana awujud tembang macapat kang isiné piwulang lair batin sing relevan banget karo urip jaman saiki, luwih-luwih kudu didadèkaké cekelan urip saben manungsa ing gegayutané karo Gusti, karo manungsa liyané sarta donya lan sak isiné.[1]. Babagan iki bisa dideleng ing pambuka. Pada kaping pisan lan kaping pindho ing pambuka ya iku pupuh pangkur. Pokok-pokok isi sing dijlèntrèhaké karo panganggit, ing naskah iki kapérang saka manéka warna piwulangan agama, sing latar belakangé Islam ya iku yakinané saben umaté sarta dadi pedoman urip ing bebrayan, supaya bisa tentrem lan seneng.

Yakin maring Gusti ya iku modhal utama saben manungsa kanggo katentreman ing sajeroning ati, tanpa anané keimanan ing ati sing kuwat mula urip ora bakal duwèni katentreman. Kabutuhan jasmani lan rohani kudu pas amarga yèn ora pas mula urip mesthi kurang sampurna.[1]. Susastra Serat Suluk Kaga Kridha Sopana nganggokaké kéwan sing dadi bahan saka lak carita. Anané paraga kéwan kang dicaritakaké ora mung dadi pambandhing manungsa nanging uga ngandhut piwulangan moralitas. Ana warna-warna kéwan, ya iku manuk Bango, Walang Kadhak, Cangak, Kadhal. Saka warna-warna kéwan mau, mainké sipat kang béda siji lan sijiné, sing salajengé duwèni kualitas moral lan kacendherungan tartamtu kaya sing diekspresikaké ing omongan lan tumindak.[2].

Saka simbol lak-lak kéwan mau susastra bakal luwih nengsemaké lan nyenengaké kanggo diwaca. Saéngga kekarepan susastra bisa dijlèntrèhaké kanthi tersirat utawa tersurat. Pérangan uripé lak bisa dijupuk aji-aji kahuripané, kanthi tata krama lan moral ing pamaos. Serat Suluk Kaga Kridha Sopana diteliti simbolé amarga ana babagan kang nengsemaké, kabèh jeneng lak migunakaké jeneng kéwan. Iki jelas pérangan simbol. Babagan iki ora nutup kamungkinan ana akèh simbol liya kang ngumpet ing sajeroning serat. sanadyan simbol iku dhéwé ora ucul saka makna.[2].

Jeneng kéwan sing dilambangké ya iku, Bango disimbolké dadi lambang kelairan bayi, ing filosofi Jawa warna putihé Bango nglambangaké kesucian. Kesucian iki bisa diartikaké duwèni ati kang ikhlas supaya bisa tekan ing manunggal kanthi cara nglakoni kabèh préntahing Gusti lan ngedohi saka sakabehing larangané Gusti. Bango nglakoni sarékat mung nurut maring aturan ing urip, sarékat mung kanggo kabutuhan urip.

Cangak dai simbol sosialisasi antarané manungsa ing basa Jawa asring diartikaké tepung ramé. Sipat sosial sing diduwèni Cangak gawé dhèwèkké cedhak maring Gusti. Anané sipat iku dhèwèkké ngakèhi mertaubat amal kabecikan dadi Cangak iku tokoh sing ngamot babagan karekatané makluk karo sapadané, makluk maring Gusti. Cangak nglakoni tarekat wus tekan ing urusan laku ing donya.[2].

Walang Kadhak dilambangaké kaya kasenengan utawa Walang Kadhak uga digunakaké pemeréntah kanggo simbol kapedulian sosial. Ing filosofi Jawa, Walang Kadhak ing sajeroning Serat Suluk Kaga Kridha Sopana duwé sipat kang akèh tumindaké, obahé paling akèh ing antarané loro manuk sing liyané. Obah sing dilakokaké Walang Kadhak bisa dilambangaké nganggo obahan sing nyoba nyedakaké dhiri mring Gusti. Dhèwèkké ngupayakaké tumuju ing kasampurnaan kanthi cara obah utawa donga terus, nyebut asmané Gusti lan tresno maring Gusti. Walang Kadhak iki dadi tokoh sing ngupayakaké dadi manunggal ing tataran cara hakekat kanthi nyatu karo alam.

Kadal iku wujud lambang saka pucuk evolusi manungsa, ing filosofi Jawa. Sisik Kadal sing mengkilat nglambangake yèn dhewekke mesthi mancarke sinar saka awakke. Amarga ana kilatan ing awakke mau gawé kesan yèn dhewekke makluk kang suci, resik saka maksiat. Sipat menenge kadal nglambangake yèn dhewekke iku kéwan kang grapyak krao alam lan makluk liyané sakiwa tengenne. Ing paribaan jawa, pari luwih isiné luwih nunduk, kaya déné kadal, dhewekke ora tau nyombongake kapiinteranne ing ngarepe makluk liyané. dadi, bisa diarani yèn kadal iku wujud paraga sing wes tekan manunggaling Gusti. Dhewekke mlebu ing gayutan makluk karo Gusti, gayutan makluk karo makluk liya uga panggonan uripé.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b [Darsana, dkk. 2006. Serat Suluk Kaga Kridha Sopana. Semarang: Pamaréntah Provinsi Jateng Museum Ronggowarsito];
  2. a b c [1];