Seppuku

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Illustrasi Harakiri: Condemnation of a nobleman to suicide. drawing by L. Crépon adapted from a Japanese painting, 1867
Rekonstruksi ritual seppuku jangkep karo kostum ritual lan pemenggal kepala (kanggo kaperluan difoto)
Ilustrasi samurai kang areng nindakaké seppuku

Seppuku (切腹? makna barès: "ngethok weteng") ya iku sawijiné ritual nglalu kang ditindakake déning samurai ing Jepang kanthi cara nyuwek weteng banjur ngetokne usus minangka tandha kanggo mbalekne jeneng apike sawisé ora ngrampungaké kwajiban utawa kanggo kapentingan warga. Seppuku jaman biyèn dilakoni déning samurai.[1] Seppuku ditulis nggae aksara kanji, yakuiu: 切 (kiru) karo 腹 (hara). Aksara kanji dingge kiru kenek diwaca setsu (pocapan Tionghoa) sing tegesé kethok, déné aksara kanji dianggo hara bisa diwaca fuku (ucapan Tionghoa) sing tegesé weteng.

Seppuku iku kagolong kodhe kaurmatan bushido, dilakoni kanthi sukarila déning samurai kang kepéngén mati kanthi kaurmatan tinimbang disiksa déning mungsuh, utawa wujud ukuman mati marang samurai kang nglakokaké pelanggaran abot, utawa nindakaké kelakuan kang ngisin-ngisini. Ritual ngethok weteng pas seppuku dilakoni ing ngarepe para saksi, samurai nancepake pedhang, racaké gawé tantō ing arah weteng, banjur diobahake ngethok weteng saka kiwa manengen.[2]

Ètimologi[besut | besut sumber]

Ing papan liya seppuku luwih kerep diarani harakiri (腹切り, arti barès: "ngethok weteng"),[3] Harakiri ditulis nggunakaké aksara kanji, nanging urutan aksarane diwalek ditambahi okurigana.

Istilah harakiri wiwit dikenal donya kulon nalika wong Éropah sing manggon ing Jepang dadi saksi prastawa seppuku kang dadi pratandha Restorasi Meiji taun 1868.[4] Miturut Sumiko Ōhashi ing Malraux no Shi no Ishiki to Nihon-teki na Mono (Kesadaran Kematian menurut Malraux dan Hal-Hal Kejepangan) wong Éropah sing ndelok samurai kang nglakoni seppuku dadi kaget. Tembung harakiri ana ing kamus ensiklopedia Larousse taun 1873.[4]

Ing basa Jepang, seppuku diwaca miturut cara Tionghoa (on'yomi) kang digawé ing wujud basa tulis, déné harakiri, ya iku cara waca asli Jepang (kun'yomi) kang luwih akèh digunakaké ing pacelaton. Miturut Christopher Ross,

"Kata hara-kiri kerep dijelasaké minangka vulgarisme (ungkapan kasar), nanging sing asli salah pengertèn. Hara-kiri ya iku cara maca aksara kanji miturut cara Jepang (kun-yomi); amarga istilah seppuku sing dianggo ing pengumuman resmi. Dadi, hara-kiri yakiu istilah sing dianggo ing pacelathon, déné seppuku ya iku istilah katulis tumrap tindakan sing padha."[5]

Oibara (kun'yomi: 追腹 utawa 追い腹) utawa tsuifuku 追腹 miturut cara waca on'yomi ya iku praktek nglakoni seppuku nganggo samurai sawisé tuane mati.

Ing basa Jepang, istilah jigai (自害?) tegesé nglalu. Nanging istilah sing dianggo ngarani nglalu sajeroning kontèks modhèren ya iku jisatsu (自殺?). Ing literatur Kulon, kaya déné ing majalah seni bela diri, istilah jigai dianggo bojo - bojo samurai sing nglakoni nglalu.[6] Istilah jigai diperkenalne ing ndek basa Inggris kambek Lafcadio Hearn ndek bukune sing judhulé Japan: An Attempt at Interpretation,[7][8] Joshua S. Mostow nyatet bahwa Hearn salah ngerti, dikira jigai yakui mek digae dingge seppuku sing dilakoni kambek wong wédok.[9]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "What Is Seppuku? By Kallie Szczepanski". Dibukak ing 10 Novèmber 2013.
  2. "The Deadly Ritual of Seppuku". Dibukak ing 2010-03-28.
  3. "The Free Dictionary". Dibukak ing 10 Novèmber 2013.
  4. a b Ōnuki, Akihito. "Seppuku o Megutte: André Malraux to Mishima Yukio 切腹をめぐって—アンドレ・マルローと三島由起夫". Bungei Kenkyū文芸研究. Meiji University (2005-03-26). Dibukak ing 2013-11-25.
  5. Ross, Christopher. Mishima's Sword, p.68.
  6. Hosey, Timothy (December 1980). "Black Belt": 47. {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung) Chapter: Samurai Women
  7. Hearn, Lafcadio (2005) [First published 1923]. Japan: An Attempt at Interpretation. kc. 318.
  8. Tsukishima, Kenzo (1984). ラフカディオ・ハーンの日本観: その正しい理解への試み [Lafcadio Hearn's Japan: An Attempt at Interpretation]. kc. 48.
  9. Mostow, Joshua S. (2006). "Iron Butterfly Cio-Cio-San and Japanese Imperialism". Ing Wisenthal, J. L. (èd.). A Vision of the Orient: Texts, Intertexts, and Contexts of Madame Butterfly. kc. 190.