Sandakara
Sandakara inggih menika salah satunggaling papan pariwisata adhedhasar sejarah arupa pabrik gendhis tilaripun jaman Walandi. Kathah wahana ameng-amengan ingkang cumawis wonten ing ngrika, inggih ugi wonten kréta lami saking jaman Walandi ingkang saged dipuntunggangi. Wisata Sandakara dumunung wonten ing Margi Mangkunegara, Dhusun Bojanegara, Kecamatan Tasikmadu, Kabupatèn Karanganyar[1][2][3].
Wisata Sandakara gadhah swasana kang asri amargi kinubeng dening taman sari kaliyan welahan ijem ingkang saged dipuntingali kaliyan para wisatawan[4]. Sandakara wiwitanipun dipungadhahi déning Mangkunagaran, ananing salajengipun pabrik gendhis kasebut dipuntindakaken dening pamaréntah ugi dados BUMN ing ngandhapipun PTP Nusantara IX PG Tasikmadu. Lajeng wonten ing taun 2006 wwewangunan kasebut dipundadosaken papan pariwisata[5]. Wisata Sandakara nyaosaken wewangunan pabrik gendhis ingkang taksih lumampah ngantos samenika ugi nyaosaken kathah pakèt wisata ingkang saged dipunlampahaken para wisatawan[6].
Sandakara inggih menika asmanipun dhusun ingkang kapundhut saking kalih nama, Kyai Sanda saha Kyai Kara. Kekalih kyai kasebut prang tandhing dangunipun 40 dinten saha 40 dalu kanggé ngantukaken Tumenggung Jaya Lalana ingkang badhe dipundadosaken wiwaha. Amargi sami kiyatipun, prang tandhing menika boten wonten ingkang awon, lajeng cariyos kasebut dipundadosaken namaning tlatah Sandakara[5].
Sajarah
[besut | besut sumber]Sasampunipun angsal kathah pamedal saking Pabrik Gendhis Calamadu, mangka KGPAA Mangkunagara IV gadhah pepénginan kangge winangun pabrik gendhis kaping kalih, inggih menika Pabrik Gendhis Tasikmadu. Pabrik menika kawangun wonten ing Dhusun Sandakara, Dhistrik Karang Anyar. Pasitèn menika wonten ing kilènipun lèrèng Redi Lawu[7]. Wewengkon Mangkunegaran ngewrat pusering pamaréntahan ingkang mapan wonten ing Kutha Surakarta bagéan lèr saha laladan padhusunan ingkang mapan wonten kidul saha wétanipun Sala. Samenika wewengkon wonten ing kidul Sala mlebet wonten ing wewengkon Kabupatèn Wanagiri. Sawetawis wewengkon wonten sisih wétan mlebet wewengkonipun Kabupatèn Karanganyar[8].
Adhedhasar kawontenaning Pabrik Gendhis Tasikmadu inggih menika amargi kaping setunggal, gendhis inggih menika produk èkspor ingkang taksih misuwur wonten ing peken lebet nagari ugi peken internasional. Kaping kalih, tetaneman rosan sampun limrah dipuntanem wonten ing kathah padunungan wonten ing Surakarta, kalebet Mangkunagaran ingkang dipuntindakaken déning para panyéwa sitèn bangsa Kilèn. Kaping tiga, sumber-sumber pamedaling praja kanthi tradhisional lumantar paos saha paséwan sitèn karaos boten cekap[9].
Kajawi katiga dhedhasa menika, wonten dhedhasar sanèsipun inggih menika amargi kawigatosaning trah Mangkunagaran kangge nedahaken menawi Mangkunagaran saged katingal langkung saé wonten ing babagan ékonomi kaliyan katiga Praja Kejawèn sanèsipun, inggih menika Kasunanan, Kasultanan, saha Pakualaman. Upaya menika dipundadosaken minangka kalajengan upaya sanèsipun, kados ta kawontenaning korps militèr kanthi nama Légiun Mangkunagaran, saha politik laki rabi kaliyan kaluwarga Kasunanan[9].
Pasèlèhan séla kapisan wewangunaning pabrik gendhis dipunlampahaken wonten ing tanggal 11 Juni 1871. Wewangunan dipunrampungaken wonten ing taun 1874. Nama pabrik gendhis menika Tasikmadu, dipunpundhut saking tembung tasik ingkang artosipun seganten saha madu ingkang artosipun gendhis. Pangajeng-ajeng saking KGPAA Mangkunagara IV supados pamedal saking pabrik gendhis menika saged limpah méwah kados segantening madu. Kados Pabrik Gendhis Calamadu, pangalolaning Pabrik Gendhis Tasikmadu wonten ing ngandhapipun KGPAA Mangkunagara IV[7].
Wiwitanipun kagiyatan produksi Pabrik Gendhis Tasikmadu kalampahan nalika pamedalipun pakebonan kopi Mangkunagaran kirang medalaken kanohan. Salampahipun kathahing panyuwunan gendhis ingkang kedah dipun-produksi, mangka manajemen pabrik nglampahaken sekaitan kaliyan Nederlandsche Handle Maatschappij (Serikat Dagang Walanda) wonten ing Semawis kangge ngantukaken pawitan. Tetaneman rosan minangka bahan utama gendhis dipunantukaken saking Dhistrik Karang Anyar, Matesih saha wewengkon sanès[7].
Jujugan
[besut | besut sumber]Sandakara mawi antaranipun kaliyan Alun-alun Karanganyar boten tebih. Menawi migunakaken titihan umum utawi titihan piyambak, namung pitu menit kemawon saged dugi dhateng Sandakara. Menawi tedhak saking Alun-alun Karanganyar, wisatawan saged mlampah dhumateng Margi Kolonèl Sugiana. Lajeng mlampah dhumateng Margi Jènderal Gatot Subrata paosipun 1,7 kilomèter. Boten dangu malih para wisatawan saged dumugi wonten Sandakara.
Wahana wisata
[besut | besut sumber]Wonten ing Sandakara sampun cumawis kathah wahana ingkang saged dipun-ginakaken dening para wisatawan, kados ta kora-kora, bianglala, kumèdi putar, flying fox, panjat bambing, saha sanès-sanèsipun. Wonten ing Sandakara ugi wonten waterboom utawi kolam langin. Menawi sampun sayah, para wisatawan saged lenggah wonten gazébo ingkang sidhum, ngungkumaken samparan wonten kolam terapi ulam, dhahar wonten aréa food court, utawi lelenggahan wonten ing celaking toya mancur[3].
Wahana ingkang langkung wigatos wonten Sandakara inggih menika kawontenanipun lori ingkang wonten ing ngrika. Wonten 9 lokomotif ingkang taksih dipun-ginakaken wonten ing Pabrik Gendhis Tasikmadu. Lokomotif menika dipunbagé kangge kapreluan pariwisata saha kapreluan sarana kangge biyantu produksi gendhis wonten pabrik. Lokomotif kanthi nomor seri TM 1 saha nomor 3 ingkang dipun-ginakaken kangge kapreluan pariwisata wonten Musiyum saha Objek Wisata Sandakara[10].
Tikèt saha fasilitas
[besut | besut sumber]Sandakara dipunbikak saben dinten, menawi dinten Senèn ngantos Jumuwah dipunbikak saking jam 8 énjing ngantos jam 3 sonten, ananging menawi dinten Setu ngantos Minggu dipunbikak ngantos jam 5 sonten. Reginipun tikèt menawi badhe mlebet dhateng Sandakara inggih menika 20.000 rupiyah saben tiyang, ugi menawi badhe nitih lori pariwisata kedah mbayar 15.000 rupiyah saben tiyang. Wonten ing Sandakara ugi sampun cumawis kathah fasilitas saha wahana inggih menika[3]:
- Waterboom
- Bianglala
- Kumèdi putar
- Kora-kora
- Sepur uap
- Griya studio
- Rèsto geprèk
- Musiyum Mesin Giling 1926
- Lori
- Gedhung Pindusita
- Panggung
- Terapi ulam
- Live music
- Pakiwan
- Langgar
- Papan parkir kréta
- Flying fox
- Panjat bambing
- Kreteg gantung
- Griya uwit
- Gazébo
- Wandé wisata
- Food court
Ugi tingali
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ digsa.id. "Pariwisata Provinsi Jawa Tengah | Destinasi Wisata | AGRO WISATA SONDOKORO". visitjawatengah.jatengprov.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-09-24.[pranala mati permanèn]
- ↑ Borobudur, Badan Otorita (2023-07-06). "Agrowisata Sondokoro, Wahana Asik Untuk Liburan Keluarga". Badan Otorita Borobudur (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-24.
- ↑ a b c "Agrowisata Sondokoro, Wisata Sejarah Epic di Karanganyar - NativeIndonesia.com". www.nativeindonesia.com (ing basa Indonesia). 2022-09-24. Dibukak ing 2023-09-24.
- ↑ Borobudur, Badan Otorita (2021-06-26). "Pabrik Gula Biasa Yang Kemudian Disulap dan Berubah Menjadi Agrowisata Sandokoro Karanganyar". Badan Otorita Borobudur (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-24.
- ↑ a b Media, Kompas Cyber (2023-04-26). "Agrowisata Sondokoro di Karanganyar: Daya Tarik, Harga Tiket, Jam Buka, dan Rute Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-24.
- ↑ "Sondokoro". direktoripariwisata.id. Dibukak ing 2023-09-24.
- ↑ a b c Mangkunegaran (2017-08-09). "Manisnya Gula Tasikmadu". Puro Mangkunegaran (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-10-01. Dibukak ing 2023-09-24.
- ↑ Teraslampung.com (2023-05-09). "Gula dan Tahta". Teraslampung.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-24.
- ↑ a b Wasino (Februari 2005). "Mangkunegara IV, Raja-Pengusaha, Pendiri Industri Gula Mangkunegaran (1861-1881)". Humaniora, 17. (1): 31–37.
{{cite journal}}
: Check date values in:|date=
(pitulung) - ↑ "Berusia Seabad, Kereta Lori Pabrik Gula Tasikmadu Tetap Bertenaga". merdeka.com (ing basa Inggris). 2021-08-28. Dibukak ing 2023-09-24.