Babad Buda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sajarah agama Buddha)
Buda

Babad Buda kawiwitan saking abad ke-6 SM dumugi sapunika saking miyosipun sang Buda Sidharta Gotama. Kanthi punika, punika minangka salah satunggaling agama ingkang paling sepuh ingkang taksih dipunanut wonten ing donya. Sadanguning masa punika, agama punika sapunika ngrembaka, unsur kabudayan India,[1] dipuntambah kanthi unsur-unsur kabudayan Helenistik (Yunani), Asia Tengah, Asia Timur lan Asia Tenggara. Wonten ing prosès perkembanganipun punika, agama punika praktis sampun nyénggol méh sadaya bawana Asia. Sajarah agama Buda ugi dipuntandhani kanthi perkembangan kathah aliran lan madahab, sarta perpecahan-perpecahan. Ingkang utama ing antawisipun inggih punika aliran tradisi Theravada , Mahayana, lan Wajrayana (Bajrayana), ingkang sajarahipun dipuntandhani kanthi masa pasang lan surut.[2]

Tahap awal agama Buda[besut | besut sumber]

Sadèrèngipun kasebaraken ing sangandhaping perlindhungan maharaja Asoka wonten ing abad ke-3 SM, agama Buda katingalipun namung sawijining fénomena alit kémawon, lan sajarah prastawa-prastawa ingkang mbentuk agama punika boten kathah kacathet. 2 konsili (sidang umum) pambentukan dipunngendikaken naté dipunadani, éwadéné kawruh kita bab punika dhedhasar cathetan-cathetan saking salajengipun dinten. Konsili-konsili (ugi dipunsebut pasamuhan agung) punika ngupaya ngrembag formalisasi dhoktrin-dhoktrin Buddhis, lan sapérangan perpecahan wonten ing obahan Buda.

Konsili Buda Pisanan (abad ke-5 SM)[besut | besut sumber]

Konsili pisanan Buda dipunadani boten dangu sasampuning Buda séda ing sangdandhaping perlindhungan raja Ajatasattu saking Kamaharajan Magadha, lan dipunpimpin déning satunggaling rahib ingkang nama Mahakassapa, ing Rajagaha(sapunika dipunsebut Rajgir). Ancasing konsili punika inggih kanggé netepaken kutipan-kutipan Buda (sutta (Buda)) lan mengkodifikasikan hukum-hukum monastik (vinaya): Ananda, salah satunggaling murid utama Buda lan sadhèrèkipun, dipunundhang kanggé ngresitasikaken ajaran-ajaran Buda, lan Upali, satunggaling murid sanèsipun, ngresitasikaken hukum-hukum vinaya. Punika lajeng dados dhasar kanon Pali, ingkang sampun dados tèks rujukan dhasar ing sadaya masa sajarah agama Buda.

Konsili Angka 2 Buda (383 SM)[besut | besut sumber]

Konsili kaping 2 Buda dipunadani déning raja Kalasoka ing Vaisali, ndhèrèkaken konflik-konflik antawising madahab tradisionalis lan obahan-obahan ingkang langkung liberal lan nyebut dhirinipun piyambak kaum Mahasanghika.

Madahab-madahab tradhisional nganggep Buda minangka satunggalig manungsa biyasa ingkang pikantuk pencerahan, ingkang ugi saged dipuncapai déning para bhiksu ingkang sami nindakaken peraturan monastik lan mraktèkkaken ajaran Buda kanggé ngatasi samsara lan dumugi arhat. Nanging kaum Mahasanghika ingkang kapingin misahaken dhiri, nganggep punika langkung individualistis lan égois sanget. Kaum Mahasanghika sami nganggep bilih ancas kanggkaum Mahasanghika dados arhat boten cekap, lan ngandharaken bilih ancas ingkang sajati inggih punika dumugi status Buda penuh, wonten ing teges mbikak margi paham Mahayana ingkang samangké medal. Kaum punika sai njurung peraturan monastik ingkang langkung longgar lan langkung menarik tumrap sapérangan ageng kaum rohaniwan lan kaum awam (punika sebabipun namanipun ateges kempalan "ageng" utawi "mayoritas").

Konsili punika pungkasan kanthi panampikan ajaran kaum Mahasanghika. Kaum punika nilaraken sidang lan tetep ing sawatawis abad ing India baratlaut lan Asia Tengah miturut prasasti-prasasti Kharoshti ingkang kapanggihaken caket Oxus lan bertarikh abad kapisanan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-03-04. Dibukak ing 2013-03-23.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. http://www.indoforum.org/showthread.php?t=27037