Rompi anti mimis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Rompi anti mimis

Rompi anti mimis utawa rompi tahan mimis ya iku salah sawijining sandhangan kang bisa ngaubi panganggoné saka bebayane pistul kang ngganggo proyektil lan saka pecahan mimis sing mbledhos kang sengaja dikenakaké marang awak.[1] Rompi mau kagawé saka serat kang ditenun utawa dilaminasi lan digawé lapis-lapis akèh supaya bisa ngaubi panganggone saka pistol kaliber kang cilik lan senapan proyektil, sarta fragmen cilik saka bahan peledak kaya granat tangan.[2] Bahan logam utawa kramik bisa minangka nggawé rompi mau, bisa ngewenehi tambahan pangauban saka lakuné peluru kang diarahake marang awak lan bahan logam utawa lapisan serat anyaman kang rapet bisa ngewenehi ketahanan kaya-kaya sandhangan wesi lemes kang ora bisa mempan ditusuk lan disuwek karo ladhing.[1] Rompi iki racaké digunakaké déning wadyabala pulisi, warga nagara, penjaga keamanan lan pengawal.[1] Sandhangan pangaub kang modern bisa nggabungake antawise rompi anti peluru kaliyan bahan liyané saka sandhangan pangaub, kaya ditambahi helm tempur.[2] Panganggone rompi ditujokake kanggo militèr lan pulisi uga bisa kelebu petugas penjinak bom kang dijangkepi karo sandhangan wesi abot lan helm wajah sarta panguban balung geger.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Sadawane sujarah ing donya iki manungsa wis migunakaké aneka warna jinisi bahan kanggo ngubi awake ing perang utawa kaanan kang bahaya.[1] Sandhangan pangaub lan tameng kang pisanan digawé saka kulit kéwan.[1] Rikala pradaban manungsa saya maju, tameng kayu wiwit digunakaké.[1] Banjur, logam uga digunakaké mawa perisa awak kang diarani sandhangan zirah.[1] Nanging tinemu senjata api kira-kira 1500 nggawé tameng logam ora patia ngaubi manèh.[1] Mula manungsa nggawé panemunan manèh nganti mentune sandhangan-sandhangan pangaub kang luwih tahan ngadepi panjeblugé sanjata api.[1]

Soft Body Armor[besut | besut sumber]

Rikala abad pertengahan Jepang kacathet mawa salah sawijining panganggo pangaub awak kang bahane lemes kagawé saka sutera.[1] Nyedaki pungkasane abad kaping 19, militèr Amérikah Sarékat ngadakake panaliten migunakaké pangaub awak kang kagawé saka sutera.[1] Proyek mau pikantuk sorotan saka kongres sawisé Présidhèn William McKinley séda taun 1901 amarga ditembak.[1] Asil saka panaliten iku, jebul sutera bisa ngaubi awak saka peluru kang alon kira-kira banteré mung 400 kaki per detik, sandhangan kaya ngene iki jebul ora bisa ngaubi awak saka amunisi anyar kang banteré bisa punjul 600 kaki per detik.[1] Sandhangan pangaub kang kagawé saka sutera iku jarene uga digunakaké déning Archduke Francis Ferdinand rikala séda amarga sirahé di tembak.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n tèknologi baju anti peluru[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 21 Dhésèmber 2012)
  2. a b c Beginilah Baju anti peluru dibuat (dipunundhuh tanggal 21 Dhésèmber 2012)