Romeo lan Julia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan déning Frank Bernard Dicksee kang njlèntrèhaké Romeo lan Julia.

Romeo lan Julia ya iku tragèdhi saka carita kang kaanggit déning William Shakespeare kang ditulis ing awal kariré. Tragèdhi iki njlèntrèhaké sapasang tiyang enom putra lan putri enom kang katresnan, nanging tresna iku kaalang-alangan amarga kulawargané kang musuhan.[1] Roméo, lan Julia iku salah sijining karya saka Shakespeare kang paling misuwur, lan iku uga salah siji kang paling asring dadi gelaran, kajaba Hamlet lan Macbeth.

Roméo lan Julia mulané roman tragis ing jaman kuna. Carita Roméo lan Julia digawé dhedhasar carita ing Italia, kang diowahi menyang sajak ing The Tragical Sajarah Romeus and Juliet déning Arthur Brooke ing taun 1562, lan dicritakaké manèh ing wujud prosa ing Palace of Pleasure karya saka William Painter 1582. Shakespeare nyilih gagasan saka panemu loro kuwi, nanging luwih ngembangaké karakter pandhukung, mligi Mercutio lan Paris, kanggo njembaraké dalan crito. Ditulis watara taun 1591 tekan 1595, Roméo, lan Julia iki pisanan dipentasaké gelaran ing 1597.

Shakespeare migunakaké struktur dramaktik. Èfèk saka owah-owahan kuwi antarané kumedhi lan tragèdhi menyang puncak, njembaraké karakter kecil, lan nggunakaké sub-plot kanggo nambahi carita, wis ngalembana minangka salah siji saka pratandha awal saka bakat saka dramatik Shakespeare. Drama iki asalé saka manéka saka gurit, lan karakter, kadhangkala ngganti dalan karakter. Contone, kaya Roméo saya pinter nulis soneta

Romeo lan Julia wis bola-bali digawé gelaran ing wujud drama, filem, musikal, lan opéra. Kala Restorasi Inggris, drama iki digelaraké lan diowah déning William Davenant. David Garrick uga ngganti sawatara pérangan, lan adhaptasi saka opéra déning Georg Benda ngilangké akèh tumindak, lan nambah pérangan pungkasan kang nyenengaké. Katon ing abad 19, déning Charlotte Cushman, nggunakaké naskah asli Roméo lan Julia, lan luwih fokus ing aliran realisme. Ing abad 20, Roméo, lan Julia wis dicocogaké marang manéka warna vèrsi kaya ta film Romeo lan Juliet 1936. Ing Indonésia piyambak, pertalan marang basa Indonesia kanthi irah-irahan Ariewayq, lan Tiara ditindakaké déning Trisno Sumardjo.[2]

Karakter[besut | besut sumber]

Romeo lan Juliet nggambaraké sesambungan antarané rong kulawarga ing Verona.[3]

Sinopsis[besut | besut sumber]

L’ultimo bacio dato a Giulietta da Romeo karya Francesco Hayez.

Carita iki duwèni latar ing Verona. Mulané, ana perang antarané kulawarga Montague nglawan kulawarga Capulet. Pangéran Verona misah perang iku, lan nyatakaké yèn nganti ana tandhing manèh, arep ditindakaké ukuman pati. Banjur, Count Paris lan Lord Capulet duwé rencana yèn Count Paris arep omah-omah karo putriné Capulet, ya iku Julia. Nanging, Capulet njaluk Paris nunggu rong utawa telung taun manèh amarga umuré Julia isih 13 taun. Ratu Capulet nyoba meksa Julia bèn gelem nampa lamarané Paris.

Ing sisih liya, kulawarga Montague, Benvolio ngomong marang misané, Roméo, yèn Roméo sajaké meneng waé. Benvolio ngerti yèn Roméo lagi kesengsem marang Rosaline, ponakané Lord Capulet. Ing sawijining dina, Roméo teka ing pista Capulet karebèn ketemu Rosaline. Nanging, Roméo malah kesengsem tresna marang Julia. Ing pérangan kang sok diarani balcony scene, Roméo meneng-meneng mlipir ing plataran Capulet, lan ora sengaja krungu pocapané Julia. Ing balkon, Julia ngudarasa yèn dhèwèké tresna marang Roméo sanadyan Julia uga ngerti yèn kulawargané ora seneng marang kulawargané Roméo. Roméo banjur muncul ing ngarepé Julia lan ngajak Julia omah-omah. Julia sarujuk waé. Frater Lawrence ngréwangi Roméo lan Julia nganggo cara nikah meneng-meneng ing dina candhaké.

Sepupu Julia, Tybalt, ngertèni yèn Roméo wis nyusup ing pista Capulet, nantang Roméo. Romeo, kang nganggep Tybalt kaya seduluré dhéwé, nolak tandhing. Mercutio kang tersinggung amarga Tybalt ora sopan, banjur Mercutio tarung nglawan Tybalt nganggo jeneng Roméo. Mercutio lara parah kala Roméo nyoba ngendegaké tarungan kuwi. Amarga ngrasa salah marang Mercutio, Romeo banjur matèni Tybalt.

Pangeran Verona banjur ngguwang Roméo saka Verona. Roméo meneng-meneng ngentèkaké wengi ing kamar Julia, lan wong kloron ngrampungké upacara nikah. Ing liya dina, Lord Capulet ngancem ora arep ngakoni Julia dadi anaké yèn Julia nolak nikah karo Paris. Julia njaluk bèn upacara nikah diendhe-endhe, nanging ibuné nolak.

Julia banjur menyang Frater Lawrence kanggo nyuwun bantuan, lan Frater nawani obat kang bisa marakaké Julia kaya wong tilar donya (awak kadhemen, ora deg-degan, bulak) kira-kira 42 jam.[4] Frater Lawrence prajanji kanggo ngirim pesen babagan rencana mau marang Roméo, supaya Roméo bisa ketemu Julia nalika Julia wis tangi. Ing wengi sadurungé rencana nikah karo Paris, Julia njupuk obaté, lan banjur diglethakaké ing kuburan sawisé kulawarga ngerténi yèn Julia "tilar donya".

Nanging, utusan gagal kanggo nggayuh Roméo, lan Roméo èntuk kabar yèn Julia tilar donya. Lara ati, Roméo tuku racun saka apotèker banjur menyang omahé Julia. Roméo ketemu Paris kang lagi nglayat ing Julia. Paris ngira yèn Roméo vandal banjur tarung lan Roméo matèni Paris. Roméo ngombé racun kang mau dituku ning apotèker. Banjur, Julia tangi. Julia weruh yèn Roméo tilar donya, lan Julia maténi awaké dhéwé nganggi péso. Frater Lawrence nyeritakaké Roméo lan Julia, banjur kulawarga Capulet lan Montague sarujuk kanggo mungkasi kanepson antarané wong-wong mau.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Romeo and Juliet, I.0.6.
  2. Trisno Sumardjo, Romeo dan Julia (karya William Shakespeare).[pranala mati permanèn]
  3. Gibbons (1980: 80); Levenson (2000: 139-140); Spencer (1967: 51-52).
  4. Romeo and Juliet, IV.i.105.
  5. Romeo and Juliet, V.iii.308–9.

Pranala njaba[besut | besut sumber]