Menyang kontèn

Pitik cemani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Piték cemani

Piték Cemani ya iku piték kang sakabèhé wernané ireng lan diyakini bisa kanggo kagiyatan pedukunan.[1] Miturut peternak génerasi awal, cemani asalé saka Kedu Temanggung, ciri mirunggan pitek cemani ya iku kabèh awaké lan wuluné wernané ireng, kalebu uga daging lan balung nalika diolah.[1] Tembung cemani asalé saka basa Jawa kuna kang tegesé ireng legam, warna ireng iki ngambah saka jengger, cucuk, mata, ilat, wulu, swiwi, sikil lan cakar.[2] Saka mbièn nganti saiki para peternak asli piték cemani ing Kedu ora adol piték cemani kanthi rega larang nanging ngedol kanthi rega lumrah, jumbuh karo pasarané piték cemani, wiwit rega 25.000 (anakan) nganti 5 yuta knggo kang wés jago.[1] Wondéné rega cemani regané nganti atusan juta, iku kabèh namung permainan para spekulan kang duwèni niyat njupuk bathi kang gedhé lan racaké kanggo kepentingan kang anèh-anèh kaya ta pasugihan utawa tumbal.[1]

Piték cemani jago

Mupangat piték cemani

[besut | besut sumber]
  • Minagka panggawa keberuntungan (Hoki).[2]
  • Kanggo tumbal, utawa sarat ritual (ruwat gaib).[2]

Jinis-jinis pitek cemani

[besut | besut sumber]

Saat ini dikenal empat macam tipe pitek cemani[3]:

  1. pitek cemani ireng, seluruh awak lan wulu berwarna ireng, hanya jengger lan kloaka isih rodok abang
  2. pitek cemani (Sansk. cemani = ireng legam), kabèh awaké lan wuluné ireng tanpa kecuali, la uga daging lan balungé uga keirengan
  3. pitek cemani putih, warna wulu putih
  4. pitek cemani abang, wuluné ireng lan jènggèré abang

Morfologi

[besut | besut sumber]

ing ngisor iki ya iku pira-pira ciri-ciri penampilané. Durung ana bakuan resmi ngenaini ukuran iki. Bobot babon/wédok: 2 nganti 3 kg, lanang 3 nganti 4 kg; umur 6 nganti 8 taun; rwuluné atos; awak ukuran sedengan; wulu buntu madep munggah; jènggèr ukuran gedhé, kanggo subtipe cemani warnané ireng banget; warna mata coklat peteng; klakuané seneng ngayap, wédoké nglindungi anaké kanti temenanan; warna thothok endhog coklat; produksi endhog 160 iji per taun; wiwit ngendog ing umur enem wulan.

Miturut cathetan, ras lokal iki wiwit ditangkarmurnikaké déning Tjokromihardjo ing taun 1924, banjur diterusaké déning kaloro anaké. Khusus ayam cemani, kang paling larang kanggo ritual utawa usada, kaitané karo legenda Ki Ageng Makukuhan.[4]

Fisiologi

[besut | besut sumber]

Sacara gènetik, piték cemani, kaya ngendi pték ingonan ing Nusantara lan Oceania, dikira duwé keturunan piték bekisar.[5]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Ayam Cemani antara realotas dan mistis
  2. a b c viva.com Archived 2012-12-19 at the Wayback Machine., Kaunduh 2/10/2012.
  3. Rukmana R. Ayam Buras Intensifikasi lan Kiat Pengembangan. Kanisius. Yogyakarta.
  4. Nomor 15/IV, 28 Februari 1998 Ayam cemani:Si ireng dari Temanggung. Artikel Majalah Gatra, edisi 28 Fèbruari 1998. atau saudara ada yang berminat bisa menghubungi mbah imam 081915478666 juga peternak ayam cemani asli lan beliau juga asli penduduk temanggung.
  5. Ayam Bekisar di laman feathersite.com