Pasemon
Pasemon inggih punika salah satunggaling pralambang wonten ing tanah Jawi. Pasemon saged gadhah teges minangka pralambang utawi tandha ingkang sipatipun kias. Pasemon kadadosan saking tembung semu, satemah pasemon saged dipunmangertosi minangka tandha ingkang semu, ingkang dados reroncen tetembungan kias. Pasemon wonten ing folklor Jawi dipuntegesi kanggé nggambaraken salah satunggaling babagan ingkang awrat, utawi saged damel cuwanipun manah tiyang sanès. Wonten ing tembung sanès, pasemon punika salah satunggaling wacana tandha ingkang alus, ndelik, ugi nyindir.
Folklor
[besut | besut sumber]Pasemon saged dipunwujudaken wonten manéka warna folklor, inggih punika;
Idhiom jawa utawi unèn-unèn ingkang ngemot tetembungan èndah sarat simbol. Idhiom biasanipun ngginakaken kadadosan alam, kéwan, utawi sanèsipun. Geguritan utawi syair, inggih punika karya folklor ingkang éndah, ingkang dipunginakaken kanggè sarana hiburan. Saha kisah utawi cariyos, inggih punika folklor gancaran cekak aos ingkang ngemu teges.[1]
Rumiyin pasemon dipunginakaken kanggé bungkusan teges, kangge nggambaraken salah satunggaling kadadosan ingkang wigati ingkang kadadosan wonten jaman karajan utawi kolonialisme[1]. Pangriptanipun ugi boten dipunmangertosi, satemah masarakat namung nampi saking gethok tular, tuladhanipun :
Catur rana semuné sagara asat. Tegesipun, sakawan gerbang kados déné sagara asat, ingkang nggambaraken sakawan karajan (Kadhiri, Jenggala, Singasari, dan Ngurawan) ingkang asring peperangan sami risakipun saha boten wonten makmuripun.[1]
Damar wulan semuné asmara kingkin. Tegesipun, Damarwulan remen nglamapahi ingkang boten saè.[1]
Pasemon Idhéomatik
[besut | besut sumber]Pasemon idhéomatik kalebet pasemon ingkang ngemu teges angen-angen saha ramalan. Pasemon idhéomatik Jawa ingkang nedhaken kawontenanipun tanah Jawa. Pasemon kados mekaten ngemu ramalan kados pundi lelampahanipun tanah Jawi ing wekdal benjing. Pasemon kasebut antawisipun;
Tunjung putih semuné pundhak kasungsang. Teraté pethak kados kembang pandhan ananging kuwalik.[1] Tegesipun wonten tanah Jawa benjing badhé wonten tiyang ingkang suci kados kembang teraté pethak, gandanipun kados kembang pandhan wangi, ananging tasih siningid. Punika nedhahaken pasemon ingkang awujud pangangen-angen rawuhipun ratu adil, inggih punika satriya piningit ingkang dipunantu-antu kanggé nentremaken kahanan.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e Endraswara, Suwardi (2010). Folklor Jawa: Macam, Bentuk, dan Nilainya. Yogyakarta: Penaku.