Omah Indis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Omah Indis ya iku omah sing dipanggoni para petinggi pamaréntahan Walanda ing abad angka 18 nganti pertengahan abad angka 20. Omah iki duwé kaunikan amarga dibangun manut karo iklim ing tanah Jawa kanthi désain utawa gaya yasan ing Éropah.[1]

Omah Indis

Omah-omah iki lumrahé dibangun ana ing njaba kutha. Duwe ciri-ciri sing cetha ya iku bangunané duwé cendéla sing jembar, warna cat rumah cerah, omahé gedhé, lan duwé pekarangan omah sing amba. Mulané ana sing njenengi pasanggrahan utawa basa Walandané landhuizen. Wektu semana yasan omah Indis iki akèh dibangun ing kutha Batavia.[2]

Para pejabat Walanda sing sadar mode Indis iki ngrembaka ing tanah jajahan kususé Jawa lan tansah njaga. Yèn perlu dikembangaké nganti dadi sing luwih apik lan luwih megah manèh. Omah Indis dadi lambang kedudukané para pejabat Walanda, saya gedhé saya diajeni ana ing jajaran petinggi pamarèntah Walanda ing tanah Jawa [3].

Para pejabat Walanda lumrahé wong-wong sing terdidik saka nagara asalé banjur éntuk kedudukan amarga keahliyané. Para pejabat iku mau olèh kaistimewan sing béda karo pejabat pribumi lumrahé.[4]

Omah Indis duwèni rerenggan unik sing tumèmplèk ana ing jero omah lan njaba omah. Ana rerenggan témbok sing kagawé saka kaca bening sing ditèmplèkaké saben potong, ana papan penunjuk arah angin sing bisa muter nututi arah angin kegawé saka wesi, ana kandhang kéwan kaya déné jaran utawa sapi utawa kéwan raja kaya liyané.

Kajaba iku ana wong-wong sing ngopèni omah-omah Indis mau sing diarani jongos utawa babu sing jumlahé nganti atusan. Akèhé jongos utawa babu uga nemtokaké posisi Pejabat Indis mau saliyané apik lan gedhéné omah sing dibangun. Budak sing biyasa diarani jongos utawa babu iku pancèn didagangaké ing wektu iku lan kanggo nglayani resik-resik omah, ngopeni kéwan, lan tamané para pejabat Walanda.[5]

Omah Indis uga dadi papan panggonan akulturasi budaya saka budaya Éropah ing budaya pribumi utawa sawaliké. Akèh amalgamasi sing ana ing Omah Indis, para pejabat ngawini para babu utawa Jongos lan ngasilaké anak-anak campuran utawa bocah-bocah Indis sing duwé campuran getih Walanda lan Jawa.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Djoko Soekiman. 1996. Kebudayaan Indis dan Gaya Hidup Masarakat Pendukungnya di Jawa (Abad XVIII sampai Medio Abad XX). Yogyakarta: Yayasan Bentang Budaya.
  2. F. de Haan. Oud Batavia. Bandung: Firma A.C. Nix & Co. 1935. hlm. 109.
  3. C.Lekkerkerker."Het Voorspel Vestiging van de Nederlansche Macht op Bali en Lombok". KL deel 79. 1923. hlm. 204.
  4. Sartono Kartodirdjo. Perkembangan Peradaban Priyayi (Yogyakarta: Gadjah Mada University Press, 1987), hlm. 63.
  5. D.H. Medhurts. 1858. "Aantekeningen Gehouden op Eene Reis over Bali, Meer Bepald op het Vorstendom Baliling". TNI I. hlm. 207