Jongos

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Jongos ya iku babu lanang sing urip bareng karo Pejabat Indis ana ing abad 18 nganti medio 20.[1] Gaweyané luwih abot tinimbang babu wadon sing padha-padha urip bareng. Gawéyané ana sing resik-resik kebon lan taman, resik-resik kandang jaran, ngopèni kebon woh-wohan karo janganan, lan ngresiki omah lan papan panggonan liyané.

Jongos

Kala-kala Pejabat Indis ngongkon para jongos angkut-angkut barang sing dibutuhaké karo Pamérintah Kolonial Walanda utawa dadi para tukang angkut transportasi darat sing pas durung ana transportasi mesin, kaya déné sepur lan mobil. Para Jongos ana sing urip kepénak mélu para Pejabat Indis, uga ana sing ora kopèn mung dadi kacung sing ora ana ajiné. Jongos bisa diistilahaké dadi budak belian sing gampang didagangaké yèn para Pejabat Indis bosen utawa ijol amarga kerjané ora bener [2]. Jumlahé bisa atusan mapan ana ing Omah Indis. Kabèh mau diwènèhi spesialisasi gawéan sing kerjané kaya kuli sing lèrèné kèri nanging kerjané abot banget. Yèn Jongos mau mati dijarké waé karo sing duwé, amarga dianggep kaya budak mulané kala-kala dikubur ora samestiné.

Akèhé jongos utawa babu uga nemtokaké kalungguhan Pejabat Indis mau saka liyané apik lan gedhéné omah sing diyasa. Para punggawa sing kepéngin omahé duwé rerenggan unik sing tumèmplèk ana ing jero omah lan njaba omah. Ana rerenggan témbok sing kagawé saka kaca bening sing ditèmplèkaké potong per potong, ana papan penunjuk arah angin sing bisa muter nututi arah angin kagawé saka wesi, ana kandhang kéwan kaya déné jaran utawa sapi utawa kéwan raja-kaya liyané. Pokoké bisa dipamèrake kanggo ngunggahaké gèngsi sosialé punggawa. Kabèh mau diopèni karo Jongos utawa babu.

Jongos-jongos iku mau ora mung turu saomah karo para Pejabat Indis, kala-kala sakulawargané digawa sapapan panggonan nganti samatine majikané. Omah Indis dadi saksi papan panggonan akulturasi budaya saka budaya Éropah ing budaya pribumi utawa sawaliké. Akèh amalgamasi sing ana ing omah Indis, para punggawa ngawini para babu sing mlebu kulawargané jongos lan ngasilaké anak-anak campuran utawa bocah-bocah Indis sing duwèni campuran getih Walanda lan Jawa.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Djoko Soekiman. 1996. Kebudayaan Indis dan Gaya Hidup Masarakat Pendukungnya di Jawa (Abad XVIII sampai Medio Abad XX). Yogyakarta: Yayasan Bentang Budaya.
  2. F. de Haan. Oud Batavia. Bandung: Firma A.C. Nix & Co. 1935. hlm. 109.