Amangkurat IV: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
referensi
Puryono (parembugan | pasumbang)
Tanpa ringkesan besutan
Larik 2: Larik 2:
[[Gambar:Amangkurat IV.jpg|thumb|Amangkurat IV]]
[[Gambar:Amangkurat IV.jpg|thumb|Amangkurat IV]]


'''Sri Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa''' utawi dipunsinged '''Amangkurat IV'' (lair: Kartasura, ? - séda: Kartasura, [[1726]]) inggih punika raja kaping sekawan Kasunanan Kartasura ingkang maréntah taun [[1719]] - [[1726]].
'''Sri Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa''' utawi dipunsinged '''Amangkurat IV''' (lair: Kartasura, ? - séda: Kartasura, [[1726]]) inggih punika raja kaping sekawan Kasunanan Kartasura ingkang maréntah taun [[1719]] - [[1726]].


==Silsilah==
==Silsilah==

Révisi kala 25 Januari 2013 00.28

Amangkurat IV

Sri Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa utawi dipunsinged Amangkurat IV (lair: Kartasura, ? - séda: Kartasura, 1726) inggih punika raja kaping sekawan Kasunanan Kartasura ingkang maréntah taun 1719 - 1726.

Silsilah

Nama aslinipun inggih punika Raden Mas Suryaputra, putra saking Pakubuwana I ingkang lair saking permaisuri Ratu Mas Blitar (keturunan Pangeran Juminah, putra Panembahan Senopati kaliyan Retno Dumilah putri Madiun).

Amangkurat IV kagungan putar-putra ingkang ing antawisipun dados tokoh-tokoh ingkang wigati, kadosta, saking permaisuri lair Pakubuwana II]][1] pendiri keraton Surakarta,saking selir Mas Ayu Tejawati lair Hamengkubuwana I raja kapisanan ing Yogyakarta, lan saking selir Mas Ayu Karoh lair Arya Mangkunegara, bapa saking Mangkunegara I.

Kadadosan saking Pangangkatanipun=

Pangeran Arya Dipanegara inggih punika putra Pakubuwana I ingkang lair saking selir. Nalika taun 1719 piyambakipun dipunparingi tigas nangkep Arya Jayapuspita, pemberontak saking Surabaya (rayi Adipati Jangrana). Mireng warta sédanpun sang bapa ingkang dipunlajengaken kanthi pengangkatan Amangkurat IV minangka raja énggal dadosaken Dipanegara boten purun kondur ing Kartasura..[2]

Arya Dipanegara lajeng ngangkat piyambakipun dados raja kanthi gelar Panembahan Herucakra ingkang jumeneng ing Madiun. Piyambakipun gabung kaliyan kelompok Jayapuspita ingkang dumunung ing Mojokerto. Sesarengan, nyusun pemberontakan tumrap Amangkurat IV ingkang angsal dhukungan saking VOC.

Déné, Amangkurat IV ugi wonten perkawis kaliyan kalih rayinipun, inggih punika Pangeran Blitar lan Pangeran Purbaya. Kekalih pangeran punika lajeng dipuncabut hak lan kasugihanipun déning Amangkurat IV.

Pangeran Blitar lajeng nyerang istana kanthi dhukungan saking kaum ulama ingkang boten remen kaliyan VOC. Pangeran Purbaya lan Arya Mangkunegara (putra Amangkurat IV) kagabung ing salebeting pemberontakan punika. Ananging amargi pihak Amangkurat IV langkung kiat, para pemberontak pungkasanipun nyingkir ninggalaken Kartasura.

Pangeran Blitar lajeng mbangun malih kutha Karta (bekas istana Mataram jaman Sultan Agung). Piyambakipun ngangkat piyambakipun dados raja kanthi gelar Sultan Ibnu Mustafa Paku Buwana, lan kerajaanipun dipunsebut Mataram Kartasekar.

Pakdhé Amangkurat IV, inggih punika Arya Mataram ugi ninggalaken Kartasura pinuju Pati ing pundi piyambakipun ngangkat piyambakipun dados raja ing mrika.[3]

Akhir Pamaréntahan

Amangkurat IV lajeng wonten perkawis kaliyan Cakraningrat IV bupati Madura (kilén). Cakraningrat IV punika ndhérék merangi pemberontakan Jayapuspita ing Surabaya taun 1718 rumiyin. Piyambakipun kagungan kapitadosan bilih Madura badhé langkung makmur menawi wonten ing sangandhapipun VOC tinimbang Kartasura ingkang dipunanggep bobrok.

Hubungan kaliyan Cakraningrat IV lajeng saé malih sabibaripun dipunpendhet minangka mantu Amangkurat IV. Samangké Cakraningrat IV punika mbrontak dhateng Pakubuwana II, gantosipun Amangkurat IV.

Amangkurat IV piyambak gerah nalika wuan Maret 1726 amargi dipunracun. Sadéréngipun sampet manggihaken pelakunipun, piyambakipun séda nalika tanggal 20 April 1726.

Amangkurat IV dipungentosi putranipun ingkang nembé 15 taun kanthi gelar Pakubuwana II minangka raja Kartasura salajengipun.

Kapustakan

  • Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sejarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya oleh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Purwadi. 2007. Sejarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu

Cathetan Suku


Kang sadurungé
Pakubuwana I
Sunan Kartasura
1745-1749
Kang sawisé
Pakubuwana II
(Sunan Surakarta)