Mimi Rasinah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Rasinah
Lair-
Jeneng liyaMimi Rasinah
Pakaryanartis/seniman, penari
Taun aktif1940 - 2010

Rasinah kang luwih akrab diceluk Mimi Rasinah (lair ing Indramayu, 3 Fèbruari 1930 – pati ing Indramayu, 7 Agustus 2010 ing umur 80 taun) ya iku empu Beksan Topèng Cirebon, siji-sijiné kang iseh awit wafaté Sawitri, penari topeng Cirebon asal Losari ing 1999.

Rikala Urip[besut | besut sumber]

Awit cilik Mimi wis bisa nari jogèd topeng kang diajarke déning bapaké. Nalika umur 5 taun dhèwèké wis diajari nari déning bapake kang uga dadi dhalang lan ibune kang dadi dhalang ronggeng. Umur pitung taun, dhèwèké wiwit ngamen jogèd topeng. Nalika bangsa Jepang tekan Indramayu, rombongan topeng bapaké diarani Jepang mata-mata, mula kabèh piranti jogèd topeng dibuang déning Jepang mung sisa topeng siji. Nalika agresi milier 2 rombongan jogèd topengé bapaké uga diarani mata-mata nganti bapaké Rasinah séda ditembak déning Walanda. Sawisé bapaké séda, rombongan jogèd topeng Rasinah dibawahi bojoné, kang dadi dhalang wayang. Nganti tekan tragedi G 30 S, rombongsn jogèd topeng ora olèh manggung, amarga tariané maraaké syahwat lan abangan. Taun 1970-an kelompok jogèd topeng Rasinah saya sepi tanggapan, tarling, dangdut,lan sandiwara kang nggantekaké. Bojoné Rasinah banjur ngedol kabèh piranti jogèd modal yasa grup sandiwara. Rasinah mandeg nari topeng 20 taun luwih, mung nabuh gamelan kanggo sandiwara.

Taun 1994, Endo Suanda lan kancané padha-padha dhosèn STSI Bandung, Toto Amsar Suanda, "nemu manèh" Rasinah. Jogèd topeng Kelana kang dipentaské déning Rasinah bisa gawé dhosèn loro mau ndomblong. Aura magis lan karakter kang molah-malih manut wolung karakter topeng, saka topeng panji nganti kelana. Saka kono banjur semangat Rasminah ksnggo nari ana manèh lan wiwit pentas nganti tekan manca. Rasinah ora ngrubah jogèd topeng, mula banjur diarani jogèd kang klasik. Mimi Rasinah uga aktif ngajaraké jogèd topeng ing sekolah-sekolah sina ana ing Indramayu.

Sedané[besut | besut sumber]

Taun 2006, Rasinah tiba nalika wudhu sawisé mulang nari ing Indramayu. Rong minggu sawisé ngamar ing RSHS, Mimi nglereni narine. Dhèwèké marisake topeng sapirantiné menyang Aerli Rasinah, putu kang nerusaké jogèd topeng. Tanggal 15 Maret Aerli bebarangan ing pitung panggonan suwené sadina minangka syarat kanggo nerusaké Mimi Rasinah.Awit saka iku, sanggar banjur dialihake marang mahasiswa STSI Bandung iku[2].

Sanajan awaké lumpuh akibat stroke, nanging semangaté isih ana, ngendikané Rasinah "Aku arep lèrèn nari yèn wis mati"[2]. Dhèwèké nari terakhir ing Bentara Budaya Jakarta ana ing acara pentas seni lan pameran "Indramayu dari Dekat", sawisé iku banjur gerah lan digawa menyang RSUD Indramayu[2]. Tanggal 7 Agustus 2010 Mimi Rasinah akhiré séda, nanging sanggare isih tetp aktif[2].

Mimi Rasinah disarekaké ing désa Pekandangan, Indramayu, Indramayu nalika dina Minggu, 08/08/2010 kira-kira jam 9:00 WIB.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b http://oase.kompas.com/read/2010/08/07/19292888/Mimi.Rasinah.Wafat[pranala mati permanèn]
  2. a b c d "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2010-08-23. Dibukak ing 2012-10-16.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)

Pranala njaba[besut | besut sumber]