Mangkunagara IV
K.G.P.A.A. Mangkunagara IV | ||
---|---|---|
Raja Mangkunagaran. | ||
Miyos | Surakarta, 1810 | |
Séda | Surakarta, 1872 | |
Jabatan |
Barkas:Lambang Mangkunagaran.jpg Raja Mangkunagaran |
Sri Paduka Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara IV (Hanacaraka: ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂꦪꦩꦁꦑꦸꦟꦒꦫ꧇꧔꧇) utawi dipuncekak K.G.P.A.A. Mangkunagara IV punika miyos ing taun 1810 saha kaparingan asma Radèn Mas Sudira.[1] Ingkang rama asma K.P.H. Hadiwijaya déné ingkang ibu putri K.G.P.A.A. Mangkunagara II.[1] Dados manawi katingal saking garis pancer putri, R.M. Sudira punika wayahipun K.G.P.A.A. Mangkunagara II.[1] Mangkunagara IV séda taun 1872.[2]
Riwayat
[besut | besut sumber]Wiwit taksih timur R.M. Sudira sampun katingal kapinteran saha kaprigelanipun.[butuh sitiran] Rikala dumugi yuswa 14 taun mlebet dados kadèt ing Légiun Mangkunagaran.[3] Wekdal samanten ingkang Jumeneng ing Pura Mangkunagaran Surakarta inggih punika Mangkunagara III, ingkang kaleres nak-dhèrèkipun R.M. Sudira, jalaran sami sami wayahipun Mangkunagara II.[butuh sitiran]
Sareng kaangkat dados Pangéran salin asma dados K.P.H. Gandakusuma, krama kaliyan R. Ay. Semi,[butuh sitiran] patutan 14 lajeng séda.[butuh sitiran] Boten antawis lami Mangkunagara III séda ing taun 1839, lan kagentosan déning K.P.H. Gandakusuma ingkang jumeneng dados Mangkunagara IV.[butuh sitiran] Antawis sataun jumeneng keprabon lajeng dhaup kaliyan R. Ay. Dunuk putri dalem Mangkunagara III.[butuh sitiran]
Sadangunipun ngantos keprabon panjenenganipun Mangkunagara IV yasa pabrik gendhis ing Calamadu lan Tasikmadu, mrakarsani ngadegipun stasiun Balapan saha rèl sepur Sala – Semarang, lan sasanèsipun.[4][5] Panjenenganipun nyerat buku ngantos kirang langkung 42, antawisipun Serat Wedhatama.[6] Mangkunagara IV séda taun 1872 lan kasarèkaken ing Astana Giri Layu.[2]
Priksani ugi
[besut | besut sumber]Réferènsi
[besut | besut sumber]- Yogatama, 1953, Mangkunagara IV, Bag.dari: Sêrat-sêrat Anggitan Mangkunagara IV (Cetakan, 1953), Jinis: Cetakan, Bhs. Jawa, Hrf. Jawa, Bentuk: Tembang, Jml.hal. 5, No.Rec. 1404
- Wedhatama, 1953, Mangkunagara IV, Bag.dari: Piwulang Warni-warni (Cetakan, 1953), Jinis: Cetakan, Bhs. Jawa, Hrf. Jawa, Bentuk: Tembang, Jml.hal. 30, No.Rec. 1399
- Wanagiri Prangwadanan, 1953, Mangkunagara IV, Bag.dari: Sêrat-sêrat Anggitan Mangkunagara IV (Cetakan, 1953), Jinis: Cetakan, Bhs. Jawa, Hrf. Jawa, Bentuk: Tembang, Jml.hal. 67, No.Rec. 1461
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- openlibrary.org
- library.walisongo.ac.id Archived 2010-10-14 at the Wayback Machine.
- masbei.staff.fs.uns.ac.id Archived 2012-12-06 at the Wayback Machine.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Arja Mangkoenagara I-VII hing Soerakarta Hadiningrat: 6-7. Reksa Pustaka Mangkunagaran Surakarta M.N. 78.
- ↑ a b Tanda kehormatan Mangkunagara IV disemayamkan di Girilayu, www.solopos.com, 16 Dhésèmber 2010. © Copyright 2009-2011 SOLOPOS. URL dipunaksês 25 Mèi 2011.
- ↑ Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV: 4-7. 1936. Sala: Sadhu.
- ↑ Stasiun Solo Balapan Archived 2010-08-23 at the Wayback Machine., indonesianheritagerailway.com, 30 April 2010. Copyright © 2010 - Pusat Pelestarian Benda dan Wangunan, PT Kereta Api Indonesia (Persero). URL dipunaksês 25 Mèi 2011.
- ↑ Gritantin, Lucia Arter Lintang. 2010. Strategi Pulitik Ekonomi Mangkunagara IV Kasus Pabrik Gula Colo Madu 1853-1881 Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. Skripsi, Jurusan Sajarah, Program Studi S1 Ilmu Sajarah Fakultas Ilmu Sosial Universitas Negeri Malang. URL dipunaksês 25 Mèi 2011.
- ↑ M.C. Ricklefs, A History of Modern Indonesia Since c. 1300, 2nd ed., Stanford: Stanford University Press, 1994, 126.
Dipunrumiyini déning: Mangkunagara III |
Raja Mangkunagaran 1853 - 1881 |
Dipunlajengaken déning: Mangkunagara V |