Man'yōgana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Man'yōgana
万葉仮名
Jinis
BasaBasa Jepang lan Basa Okinawa
Kala
sekitar 650 M nganti zaman Meiji
Aksara babon
Aksara turunan
Hiragana, katakana
Aksara sadulur
Kanji kontemporer
Waka nganggo manyōgana. Karya penyair wadon Nukata no Ōkimi.

Man'yōgana (万葉仮名?) menika sistem tulisan kuna kang nggunakaké karakter Cina kanggo ngewakili basa Jepang lan sistem kana kapisan kang dirembaka kanggo ngwakili basa Jepang sacara fonetis. Tanggal panggunaan paling awal kana jenis iki ora pati jelas, nanging panggunakaké paling ora saka tengahan abad kapitu. Jeneng "man'yōgana" asalé saka Man'yōshū, sawijining antologi geguritan Jepang saka zaman Nara kang ditulis ing dalem man'yōgana.

Asal[besut | besut sumber]

Tuladha panggunaan Man'yōgana paling tuwa ya iku Pedang Wesi Inariyama kang digali ing Inariyama Kofun ing tahun 1968. Ing tahun 1978, analisis sinar-X mbabaraké prasasti tanduk emas kang duwèni 115 karakter Cina lan Man'yōgana, kang ditulis ing basa Cina, kalebu jeneng pribadhi Jepang kang ditulis sacara fonetis (swara). Pedhang iki diperkirakaké digawé ing taun 辛亥年 (kira-kira 471 M).[1] Ana kemungkinan yèn tulisan pedang Inariyama ditulis nganggo basa Cina vèrsi Keraton Baekje (sawijining krajaan ing Semenanjung Korea).[2]

Dhasar[besut | besut sumber]

Man'yōgana nggunakaké karakter kanji kanggo kualitas fonetik[a] lan nora semantiké [b] dhéwé—maksudé, aksara iki digawé berdhasarkan swara, dudu makna karakter. Ora ana sistem standar kanggo milih kanji; kanji kang berbeda ngewakili swara kang padha. Pilihan digawé adhédhasar kepéngénan panulis. Ing akhir abad kewolu, 970 kanji digunakaké kanggo nulis 90 morae basa Jepang,[3] luwih saka sing dibutuhké. Tuladhané, geguritan Man'yōshū pada 17 gatra 4025 ditulis kaya ing ngisor iki:

Man'yōgana 之乎路可良 多太古要久礼婆 波久比能海 安佐奈藝思多理 船梶母我毛
Katakana シオジカラ タダコエクレバ ハクヒノウミ アサナギシタリ フネカジモガモ
Modern 志雄路から ただ越え来れば 羽咋の海 朝凪したり 船梶もがも
Romanisasi Shioji kara tadakoe kureba Hakuhi no umi asanagi shitari funekaji mogamo

Suara mo (母, 毛) lan shi (之, 思) ditulis kanthi pira-pira karakter. Sedangkan semua partikel lan tetembungan diwakili sacara fonetis (多 太 tada, 安佐 asa), tembung umi (海) lan funekaji (船 梶) diterjemahké secara semantik.

Jinis[besut | besut sumber]

Ing man'yōgana, kanji digambaraké marang pira-pira karakter swara kang beda. Ana sing gampang cara nulise lan ana sing angel.

Shakuon kana (借音仮名) didasarake saka Basa Sino-Jepang kanthi wacanan on'yomi, ing endi siji karakter ngewakili watara siji mora utawa loro morae.

Shakuon kana
Mora 1 karakter, komplit 1 karakter, parsial
1 以 (い), 呂 (ろ), 波 (は) 安 (あ), 楽 (ら), 天 (て)
2 信 (しな), 覧 (らむ), 相 (さが)

Shakkun kana (借訓仮名) didasarake ing wacanan kun'yomi, ing endi siji nganti telu karakter ngwakili siji nganti telu mora.

Shakkun kana
Mora 1 karakter, komplit 1 karakter, parsial 2 karakter 3 karakter
1 女 (め), 毛 (け), 蚊 (か) 石 (し), 跡 (と), 市 (ち) 嗚呼 (あ), 五十 (い), 可愛 (え), 二二 (し), 蜂音 (ぶ)
2 蟻 (あり), 巻 (まく), 鴨 (かも) 八十一 (くく), 神楽声 (ささ)
3 慍 (いかり), 下 (おろし), 炊 (かしき)
Tabel man'yōgana
siji karakter ngewakili siji mora
K S T N P M Y R W G Z D B
a 阿安英足鞅 可何加架香蚊迦 左佐沙作者柴紗草散 太多他丹駄田手立 那男奈南寧難七名魚菜 八方芳房半伴倍泊波婆破薄播幡羽早者速葉歯 万末馬麻摩磨満前真間鬼 也移夜楊耶野八矢屋 良浪郎楽羅等 和丸輪 我何賀 社射謝耶奢装蔵 陀太大嚢 伐婆磨魔
i1 伊怡以異已移射五 支伎岐企棄寸吉杵來 子之芝水四司詞斯志思信偲寺侍時歌詩師紫新旨指次此死事准磯為 知智陳千乳血茅 二人日仁爾迩尼耳柔丹荷似煮煎 比必卑賓日氷飯負嬪臂避匱 民彌美三水見視御 里理利梨隣入煎 位為謂井猪藍 伎祇芸岐儀蟻 自士仕司時尽慈耳餌児弐爾 遅治地恥尼泥 婢鼻弥
i2 貴紀記奇寄忌幾木城 非悲斐火肥飛樋干乾彼被秘 未味尾微身実箕 疑宜義擬 備肥飛乾眉媚
u 宇羽于有卯烏得 久九口丘苦鳩来 寸須周酒州洲珠数酢栖渚 都豆通追川津 奴努怒農濃沼宿 不否布負部敷経歴 牟武無模務謀六 由喩遊湯 留流類 具遇隅求愚虞 受授殊儒 豆頭弩 夫扶府文柔歩部
e1 衣依愛榎 祁家計係價結鶏 世西斉勢施背脊迫瀬 堤天帝底手代直 禰尼泥年根宿 平反返弁弊陛遍覇部辺重隔 売馬面女 曳延要遥叡兄江吉枝衣 礼列例烈連 廻恵面咲 下牙雅夏 是湍 代田泥庭伝殿而涅提弟 弁便別部
e2 気既毛飼消 閉倍陪拝戸経 梅米迷昧目眼海 義気宜礙削 倍毎
o1 意憶於應 古姑枯故侯孤児粉 宗祖素蘇十 刀土斗度戸利速 努怒野 凡方抱朋倍保宝富百帆穂本 毛畝蒙木問聞 用容欲夜 路漏 乎呼遠鳥怨越少小尾麻男緒雄 吾呉胡娯後籠児悟誤 土度渡奴怒 煩菩番蕃
o2 己巨去居忌許虚興木 所則曾僧増憎衣背苑 止等登澄得騰十鳥常跡 乃能笑荷 方面忘母文茂記勿物望門喪裳藻 与余四世代吉 呂侶 其期碁語御馭凝 序叙賊存茹鋤 特藤騰等耐抒杼

Pengembangan[besut | besut sumber]

Katakana lan padanane ing man'yōgana (bagean man'yōgana sing diadaptasi dadi katakana diwernani abang)
Man'yōgana Katakana
kalebu silabogram lawas
K S T N H M Y R W
a
i
u
e
o
Pengembangan hiragana saka man'yōgana
Man'yōgana Hiragana
kalebu silabogram lawas
K S T N H M Y R W
a
i
u
e
o

Delengen Uga[besut | besut sumber]

  1. 借音 shakuon; "swara silihan"[butuh sitiran]
  2. 借訓 shakkun; "arti silihan"[butuh sitiran]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Seeley, Christopher. A History of Writing in Japan. University of Hawaii: 2000. 19-23.
  2. Sacred texts and buried treasures: issues in the historical archaeology of ancient Japan by William Wayne Farris P102 [1] "The writing style of several other inscriptions also betrays Korean influence... Researchers discovered the longest inscription to date, the 115-character engraving on the Inariyama sword, in Saitama in the Kanto, seemingly far away from any Korean emigrés. The style that the author chose for the inscription, however, was highly popular in Paekche."
  3. Joshi & Aaron 2006, kc. 483.

Daftar Pustaka[besut | besut sumber]

  • Joshi, R. Malatesha; Aaron, P. G. (2006). Handbook Of Orthography And Literacy. Routledge. ISBN 978-0-8058-5467-1.
  • Bentley, John R. (2001). "The origin of man'yōgana". Bulletin of the School of Oriental and African Studies. 64 (1): 59–73. doi:10.1017/S0041977X01000040. JSTOR 3657541.

Pranala Jawi[besut | besut sumber]

Wiktionary
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Man'yōgana ing KamusWiki.
Wiktionary
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Man'yōgana ing KamusWiki.

Cithakan:Japanese language Cithakan:List of writing systems