Ludwig Ingwer Nommensen

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Ludwig Ingwer Nommensen

Ludwig Ingwer Nommensen (wonten ing wewengkon Batak misuwur minangka Ingwer Ludwig Nommensen utawi I.L. Nommensen; lair ing Nordstrand, Dhénemarken (sapunika Jerman), 6 Fèbruari 1834 – pati ing Sigumpar, Toba Samosir, 23 Mèi 1918 ing umur 84 taun) inggih punika panyebar agami Kristen Protèstan ing antawising bebrayan Batak, Sumatra Lèr[1] ingkang asalipun saking nagari Jerman, nanging langkung kondhang wonten ing Indonésia.[1] Kasil saking pakarayanipun inggih punika yasanipun sawijining gréja paling ageng ing sadengahing tlatah Batak Toba, Huria Kristen Batak Protèstan (HKBP).[1]

Biografi[besut | besut sumber]

Mangsa Alit[besut | besut sumber]

Nommensen asalipun saking Pulo Noordstrand ing Schleswig, ingkang wekdal punika minangka wewengkon Dhénemarken.[1] Kulawarganipun gesang ing sadengahing kamiskinan saéngga wiwit alit Nommensen sampun biyasa gesang wonten ing kaanan ingkang sarwa winates.[1][2][3] Saking bab punika, wiwit alit piyambakipun sampun pados nafkah saperlu mbiyantu tiyang sepahipun.[1][2] Nalika umur 7 taun, Nommensen milih angon angsa tinimbang lenggah wonten ing bangku pamulangan.[4] Nalika umur 8 taun, piyambakipun sampun wiwit pados nafkah saperlu mbiyantu tiyang sepahipun kanthi cara angon domba.[1][4] Wonten ing umur 9 taun, piyambakipun sinau dados tukang gendhèng.[1][4] Lajeng, wonten ing umur 10 taun, piyambakipun nyambut damel mbiyantu satunggaling tani ingkang sugih sinambi sinau nggarap lemah.[3] Piyambakipun ugi nyambut damel nuntun turangga ingkang narik bajak saperlu mbajak sabin tiyang tani sugih punika.[3]

Wonten ing taun1846, nalika umur 12 taun, Nommensen ngalami kacilakan.[1][3] Nalika piyambakipun dolanan kaliyan kancanipun, piyambakipun dipuntabrak kréta turangga ingkang nglindhes samparanipun dumugi tugel lan kaanan makaten maksa piyambakipun lèrèn kanthi wekdal ingkang radi dangu.[1] Wekdal punika, wonten ing pandonganipun, Nommensen nyuwun kasarasan lan jangji, manawi piyambakipun mantun, piyambakipun badhé martakaken injil dhateng tiyang kafir.[1][5] Sasampunipun mantun, Nommensen wangsul malih dados buruh tani saperlu mbiyantu kulawarganipun sasampuning bapakipun tilar donya.[6]

Pandhidhikan lan misi[besut | besut sumber]

Wonten ing yuswa 20 taun, Nommensen tindak dhateng Barmen (sapunika Wuppertal) saperlu nglamar dados panginjil.[1][5] Sadanguning 4 taun piyambakipun sinau wonten ing seminari zending Lutheran Rheinische Missionsgesellschaft (RMG).[1][5] Sasampuning wisudha, piyambakipun lajeng dipuntahbisaken dados pandhita nalika taun 1861.[1] Piyambakipun kaparingan ayahan déning RMG dhateng Sumatra lan dumugi ing tanggal 14 Mèi 1862 ing Padang.[1] Piyambakipun miwiti misinipun wonten ing Barus kanthi pangajab badhé pikantuk ijin saperlu netep wonten ing wewengkon Toba.[5] Nanging, pamaréntah kolonial boten ngidinaken kanthi alesan kawilujengan.[7] Amargi punika, piyambakipun kagabung kaliyan panginjil-panginjil sanès, inggih punika misionaris Pdt. Heyni lan Pdt. Klammer ingkang sampun wonten ing wewengkon Sipirok ingkang sasampuning Perang Padri kalebetaken wonten ing wewengkon Hindia-Walanda.[7] Ing mrika, sapérangan saking sing ndunungi sampun mlebet agami Islam saéngga kamajenganipun lendhet.[7] Sasampuning pirembagan kaliyan kekalih Missioanaris punika, dipunsarujuki pambagéan wewengkon lelados, bilih Nomensen badhé nyambut damel ing Silindung.

Tilar donya[besut | besut sumber]

Nommensen tilar donya tanggal 23 Mèi 1918, kanthi yuswa 84 taun.[1] Nommensen lajeng dipunsarèkaken ing Sigumpar, ing Tanah Batak, sasampuning tumandhang kanggé bebrayan punika sadanguning 57 taun.[1]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • 1877, The Gospel according to Saint John: Translated out of the Original Greek into Batta (Toba), the Language of the Batta in the Island of Sumatra. Elberfeld: Friderichs & Comp.
  • 1877, Tobasch Spelboekje, Batavia: 's Landsdrukkerij.
  • 1878, The New Testament of our Lord and Saviour Jesus Christ: Translated out of the original Greek into Batta (Toba), the language of the Batta in the island of Sumatra. Elberfeld: R. L. Friderichs & Comp,
  • 1885, Tobasch Spelboekje, Elberfeld: R.L. Friderichs & Comp.
  • 1886, Djamita sian Hata ni Debata na di Padan na Robi, Elberfeld: R.L. Friderichs & Comp.
  • 1908, Jamita sian hata ni Debata na di padan na robi, Elberfeld: R.L. Friderichs & Comp.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q F.D. Willem. 1987. Riwayat Hidup Singkat Tokoh-Tokoh Dalam Sajarah Gréja. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm. 198, 199.
  2. a b Jan Sihar Aritonang, Karel Steenbrink. 2008. A History of Christianity in Indonésia. Leiden: Koninklijke Brill. Hlm. 535.
  3. a b c d J.T. Nommensen. 1974. Ompu i Dr. Ingwer Ludwig Nommensen. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm. 9.
  4. a b c Uli Kozok. 2010. Utusan Damai di Kemelut Perang: Perang Zending dalam Perang Toba. Jakarta: Yayasan Pustaka Obor Indonésia. Hlm. 35,38,92,123.
  5. a b c d Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng van den End
  6. Schreiner, Lothar "Nommensen in Selbstzeugnissen: unveröffentlichte Aufsätze, Entwürfe, und Dokumente eingeleitet, erklärt, und herausgegeben von Lothar Schreiner". Verlag an der Lottbek in Ammersbek. 1996. ISBN 3861300419
  7. a b c Jan S. Aritonang. 1988. Sajarah Pendidikan Kristen Di Tanah Batak. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm. 148,149,150, 157.