Menyang kontèn

Lebak Kathmandu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sana Warisan Donya UNESCO
Lebak Kathmandu
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Lembah Kathmandu
JinisKebudayaan
Wewatoniii, iv, vi
Rujukan121
Sujarah prasasti
Prasasti1979 (Sési ke-3)
Èkstènsi2006
Kabebayan2003-2007

Lebuk Kathmandu(Nepal: नेपाः स्वनिगः Nepāḥ Svanigaḥ [nepaː sʷonigəː]), dumunung wonten ing Nepal, papanipun wonten ing pasimpangan budaya kuna nagara Asia, lan gadhah paling boten 130 monumen wigati, kalebet sapérangan papan perziarahan tumrap umat Hindhu lan Agama Buda.[1]

Ètimologi

[besut | besut sumber]

Kutha Kathmandu asalipun saking sawijining sungsunan ing daratan Durbar ingkang nama Kaasthamandap. Wonten ing basa Sanskerta, kāṣṭh (Cithakan:Lang-sa2) = "kayu" and maṇḍap (Cithakan:Lang-sa2) = "papan ingkang terlindhungi." Kuil ingkang kas punika, ugi dipunkenal kanthi sebutan Maru Satal, dipunyasa nalika taun Cithakan:Peristiwasm-taun déning Raja Laxmi Narsingh Malla. Sedaya sungsunan boten gadhah paku utawi pendhukung saking wesi lan dipundamel sadayanipun saking kayu. Miturut legéndha, kayu-kayu ingkang dipun-ginakaken kanggé pagoda kalih tingkat punika asalipun saking satunggal wit.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Lembah Kathmandu mbok manawi nembé dipundunungi antawis taun 300 SM, amari barang ingkang paling sepuh ingkang kapanggihaken ing lembah punika dipunprakirakaken asalipun saking atusan taun sadéréngipun masehi. Cathetan awal asalipun saking taun 185 Masehi. Wangunan paling sepuh ingkang wonten ing lembah ingkang asring ngalami lindhu punika kirang langkung gadhah yuswa 1992 taun. Sekawan stupa ingkang wonten ing sakitar kutha Patan, miturut prakiran dipunyasa déning satunggaling Charumati tartamtu, satunggaling tiyang ingkang ngakoni minangka putri Raja Ashoka ingkang Agung, satunggaling raja Maurya, nalika abad ke-3, ngandharaken sajarah kuna ingkang wonten ing salebeting lembah sapunika. Lan babagan cariyos kunjungan Sang Buda, boten wonten bukti pendhukung babagan kunjungan Ashoka, nanging stupa-stupa mau mungkin asalipun saking abad mau. Suku Kirant minangka suku kapisanan ingkang acathet minangka panguwasa Lembah Kathamandu, tilas pura wartanipun wonten ing Patan caket Hiranyavarna Mahavihara (dipunsebut "Patukodon"). Dinasti Licchavi ingkang miturut cathetan awal nalika taun 464 Masehi inggih punika panerus dados pamimpinipun ing lembah punika lan gadhah gayutan ingkang caket kaliyan Dinasti Gupta saking India. Dinasti Malla, mimpin Lembah Kathmandu lan laladan sakitaripun wiwit saking abad kaping 12 dumugi abad kaping 18 Masehi, nalika Dinasti Shah ingkang dipunpimpin déning Prithvi Narayan Shah ngasoraken lembah lan niptakaken Nepal (ingkang dipunkenal sapunika). Sapérangan ageng Arsitektur Nepali kuna ingkang wonten ing Nepal sapunika aslipun saking masa pamaréntahan Malla.[2]

Papan wisata

[besut | besut sumber]

Sapérangan monumen wigati ing Lembah Kathmandu inggih punika:


Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]