Latèks

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Latèks lagi didèrès saka wit para.

Latèks yiku tlutuh kentél, mèh kaya susu, kang dikasilaké akèh wit-wita lan mbeku nalika kena angin bèbas. saliyané wit-witan, pira-pira hifa jamur uga dingertèni bisa ngasilaké cuwèran kenthél kaya latèks. Pada wit-witan, latèks diprodhuksi déning sèl-sèl kang minangka alah sijiné pembuluh dhéwé, ingaran pembuluh latèks. Sèl-sèl iki ana ing sakiwa tengené pembuluh tapis (floem) lan duwé inti akih lan mrodhuksi butiran-butiran cilik latèks ing pérangan sitosole. Manawa jaringan pembuluh sèl iki mbukak, kaya ta amarga keratin, bakalé dadi prosès pelepasan butiran-butiran iki ana ing pembuluh lan metu minangka getah kenthel. Latèks iku ana perangané ya iku partikel karèt lan bahan dudu karèt (non-rubber) kang kadispersi ana ing banyu [1]. Latèks uga dadi satunggaling larutan koloid kanthi partikel karèt lan dudu karèt kang kasuspènsi ing satunggaling médhia kang ngandhut warna-warna zat [2]. Ana ing latèks ngandhut 25–40% bahan karèt mentèh (crude rubber) lan 60–75% serum kang duwé pérangan saka banyu lan zat kang kalarut. Bahan karèt mentah ngandhut 90–95% karèt murni, 2-3% protéin, 1--2% asem lemak, 0.2% gula, 0.5% jinis uyah saka Na, K, Mg, Cn, Cu, Mn lan Fe. Partikel karèt tersuspensi utawa nyebar kanthi rata ana ing serum latèks kanthi ukuran 0.04-3.00 mikron kanthi wujud partikel bunder nganti lonjong.[3].

Komponèn Latèks[besut | besut sumber]

Gambar:Komponen latèks.jpg

Latèks iku wujud emulsi kompleks kang ngandhut protéin, alkaloid, pati, gula, (poli) terpena, lengo, tanin, resin, lan gom. Ana ing wit-witan latèks racaké wernané putih, nanging ana uga kang wernané kuning, jingga utawa abang. Susunan bahan latèks bias dipantha dadi rong komponèn. Komponèn wiwitan ya iku perngan kang mendispersikan utawa mancarake bahan-bahan kang kakandhut kanthi rata kang mau serum. Bahan-bahan kang dudu karèt kalarut ana ing banyu, kaya ta protéin, uyah mineral, enzim lan liyané kalebu ana ing serum. Komponèn kaping lara ya iku pérangan kang didispersikan, kasusun saka butir-butir karèt kang diubengi lapisan tipis protéin. Bahan kang dudu karèt kang jumlahe relatip cilik pranyata duwé peran wigati nalika ngendalikake kestabilan sipat latèks lan karete [3]. Latèks iku wujud suspense koloid saka banyu lan bahan-bahan kimia kang kakandhut ing sajerone. Pérangan-pérangan kang kakandhut mau ora larut sampurna, nanging kapencar kanthi homogen utawa rata ing banyu [4]. Partikel karèt ing latèks kasusun ora kajejer cepak, nanging saling ngadoh amarga asing-masing partikel duwé momotan listrik. Gaya tolak menolak momotan listrik iki nimbulake obah brown. Ana ing latèks, isoprene dislimuti déning lapisan protéin saéngga partikel karèt bermuatan listrik [5]

Nggumpalaken Latèks[besut | besut sumber]

Latèks kebun dadi gumpal utawa mbeku kanthi alami ana ing wektu sawetara jam sawisé dikumpulake. Penggumpalan alami utawa spontan bias kasebabake déning wetuné asem-asem amarga terruraine bahankaret kang ana ing latèks akibat aktivitas mikroorganisme. Babagan iku uga kang njalari kenapa ta lump asil penggumpalan alami mambu bosok. Saliyané iku, penggumpalan uga disebabake déning wetuné anion saka asem lemak asil hidrolisis lipid kang ana ing latèks. Anion asem lemak iki saperngan gedhé bakal bereaksi kaliyn ion magnesium lan kalsium ing latèks kadhapur sabun kang ora larut, kalorone njalari ora mantepe latèks kang ing pungkasané bakal ddi pembekuan [6]..

Prakoagulasi ya iku pembekuan pendahuluan kang ora dipengini ngasilaké lump utawa gumpalan-gumpalan ing cuwèran getah sadapan. Kedadean kaya ngene racaké kedean nalika latèks ana ing tangki nalika pengangkutan pinuju pabrik pengolahan. Hasil sadapan kang mengalami prakoagulasi amung bisa diolah dadi karèt kanti mutu endek kaya karèt remah jinis SIR 10 lan SIR 20. Prakoagulasi bisa kadadéan amarga kemantapan pérangan koloidal kang terkandung ing jero latèks berkurang akibat aktivitas baktèri, guncangan sarta suhu lingkungan kang terlalu tinggi. Bagiyan-pérangan koloidal kang wujud partikel karèt iki banjur nggumpal dadi siji lan minangka komponèn kang ukurane luwih gedhé lan membeku. Kanggo nyegah prakoagulasi, pengawetan latèks kebun mutlak diperlokake, luwih-luwih yèn jarak antarané kebon karo pabrik pengolahan rodok adoh. Zat kang digunakaké minangka bahan pengawet ingaran kanti zat antikoagulan. Syarat zat antikoagulan ya iku kudu duwé pH kang dhuwur utawa sipat basa. Ion OH- ing jero sipat zat antikoagulan bakal netralake ion H+ ing latèks, saéngga kestabilane bisa tetep kajaga lan ora dadi penggumpalan. Ana pira-pira jinis zat antikoagulan kang lumrahé digunakaké déning pakebonan gedhé utawa pakebonan rakyat ing antrane ya iku amoniak, soda utawa natrium karbonat, formaldehida sarta natrium sulfit [4] Latèks para (Hevea brasiliensis) kang digaringaké duwèni distribusi bobot molekul kati rong pucuk ing Mr 1.2xE+5 dan 2xE+6. Latèks para, biyasa ingaran karèt, saliyané ngandung senyawa kang ingaran ing dhuwur uga ngandung politerpena kang kas kang nyebapake duwé sipat-sipat kang béda saka akèhé latèks wit-witan liya. Latèks iki saiki bisa uga digawe kanthi sintetis déning polimerisasi salah siji monomer kang wis diemulsi déning surfaktan.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Balai Penelitian Perkebunan Sembawa. 1981. Penyadapan Tanaman Karet. Seri Pedoman No.1. Badan Peneliti dan Pengembangan Pertanian, Palembang.
  2. ^ Tim Penulis PS. 2005. Karet ; Strategi Pemasaran Budidaya dan Pengolahannya. Penebar Swadaya, Jakarta.
  3. ^ a b Triwijoso, Sri Utami. 1995. Pengetahuan Umum Tentang Karet Hevea. Dalam Kumpulan Makalah: In House Training, Pengolahan Latèks Pekat dan Karet Mentah. No: 1. Balai Penelitian Teknologi Karet Bogor, Bogor.
  4. ^ a b Tim Penulis PS. 2005. Karet ; Strategi Pemasaran Budidaya dan Pengolahannya. Penebar Swadaya, Jakarta.
  5. ^ Zuhra, Cut Fatima. 2006. Karet. Karya Tulis Ilmiah. Departemen Kimia Fakultas Matematika dan Widya Alam. Universitas Sumatra Lor. Medan.
  6. ^ Triwijoso, Sri Utami dan Oerip, Siswantoro. 1989. Pedoman Teknis Pengawetan Dan Pemekatan Latèks Hevea. Balai Penelitian Perkebunan Bogor, Bogor.

Uga delengen[besut | besut sumber]