Kripik kenthang
| Jeneng liyané | Crisps |
|---|---|
| Ajangan | Snack, side dish |
| Panggonan asal | United Kingdom, 1817 |
| Hawa ajangan | Room temperature |
Keripik kenthang iku irisan kenthang sing tipis sing uwis digoreng ing lenga sing akèh, dipanggang, digodhog, utawa di nganti renyah. Keripik kenthang iku lumrahé disedhiaké minangka panganan ringan, panganan sampingan, utawa panganan pambuka. Keripik sing dhasar iku dimasak lan di uyahi; jinis-jinis tambahan iku direkayasa nganggo sawenèh bumbu lan bahan masakan kalebu rempah godhong, bumbon crakèn, kèju-kèju, lan dat additif gawéan manungsa.
Nanging, sing diarani "Crisps", uga ngrujuk marang warna-warna produk-produk panganan ringan sing gurih sing béda-béda kadhol ing Britania Raya lan Irlandia, sawenèh kagawé saka kenthang, nanging sawenèh kagawé saka jagung, tapioka, utawa séréalia liyané, lan tuwuhan sing dinggo minangka sayuran, persis kaya jinis-jinis keripik sing dipangan ing Amérika Sarékat.
Keripik kenthang iku pérangan sing wigati ing pasar panganan ringan ing nagara-nagara barat. Pasar global kanggo keripik kenthang wénéhi pendapatan gunggungé $16.49 milyar dollar amérikah ing taun 2005. Iku mau kaétung kanggo gunggung 35.5% saka gunggungé pasar panganan ringan gurih ing taun ikumau (46.1 milyar dollar amérikah).[1]
kenthang iso diolah dadi sawetara macem produk panganan ing antarane yaiku keripik kenthang. Pengolahan kenthang dadi keripik yaiku tahapan sadurunge panen kang ditempuh kanggo ngembangake produk lan ningkatke minat saka wong liyo. Keripik kenthang kang apik asale saka umbi, kenthang kang nduweni kadar banyu lan gula endhep sarta kadar pati dhuwur. Kadar banyu kang dhuwur ngasilke keripik kenthang ingkang tekstur kurang renyah. Kadar gula kang dhuwur ing kenthang bisa ngudhunake kualitas keripik kenthang utamane wernane amarga bisa menehi reaksi pencoklatan.[2]
Keripik kenthang ngandhut kalori kang cukup dhuwur lan bisa dadi sumber energi cepet. Nanging, konsumsi keluwihen uga bisa nambahi risiko kolesterol lan lemu amarga kandhutan lenga lan uyahe kang dhuwur. Kanggo alternatif kang luwih sehat, bisa njajal keripik kenthang kang dipanggang.[3]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "PotatoPro/Datamonitor".
- ↑ Mandei, Nuryadi, Judith, Alim (2017-12-02). "Pengaruh cara perendaman dan jenis kentang terhadap mutu keripik kentang" (PDF). Jurnal Penelitian Teknologi Industri. Vol. 9: 14.
{{cite journal}}:|volume=has extra text (pitulung) - ↑ Safitri, Riyan (2024-11-11). "Keripik Kentang: Sejarah, Proses Pembuatan, dan Tips Membuatnya di Rumah oleh Riyan Safitri SMKN 1 ANJATAN". Tempat PKL Kuliah Industri di Kota Bandung (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-11-20.