Kevindra Ramadhani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Kèvindra Ramadhani ya iku sawijining wong kang nglakokaké komunitas musik lan seni. Kèvindra Ramadhani lair ing Pangkal Pinang, 7 Maret 1993. Kèvindra Ramadhani uga sawijining mahasiswa ing Universitas Bangka Belitung. Kanthi wektu seminggu sapèrangan pèmudha kang mélu komunitas Cak Macak Èthnic Ènsèmblé gladhén ing Cikar Sinar Gémala. Kèlompok bocah-bocah kréatip kang sènèng uga diwarisi seni iku wis didhirikaké kurang luwih télung taun képungkur. Anggota komunitas iku uga nglébokaké macém-macém aransémèn kayata biola lan sapèrangan alat musik kèyboard. Sapèrangan kuwi kudu digatèkaké supaya tradhisional ora ditinggalaké.

Préstasi[besut | besut sumber]

Préstasi kang diduwèni Kèvindra ramadhani iku akèh. Dhèwèké uga wis tau melu promosi ing Jerman, khususé neng Bérlin. Nalika taun 2010 lan taun 2012, dhèwèké melu dadi tim kesenian ing Paradè tari nusantara TMII, ing Jakarta. Sa liyané kuwi, dhèwèké uga wis tau dadi uwong kang nata musik paling apik se-Kota Pinang (2011) lan se-Propinsi Bangka Bèlitung (2011). Ing taun 2013, 2014 lan 2015 dhèwèké uga ajeg dadi uwong kang nata musik paling apik se-Kota Pangkal Pinang. Mila, ora salah meneh yèn uwong-uwong ngunekaké dhèwèké pinter musik, utamane gambus. Saka préstasine kang wus tumuju Nasional, bisa ngètèraké dhèwèké tekan Jerman.

Karya Dambus[besut | besut sumber]

alat musik dambus

Kèvindra Ramadhani karo kanca komunitas bisa gunakaké biola, pintèr ngaransèmén uga bisa nyiptakaké sapèrangan lagu dambus kang wis modhérn, sak liyané musik klasik. Yen durung ngèrti dambus, dambus yaiku alat musik kang caranè gunakaké yaiku dipètik. Dambus iki asalé saka Kèpulauan Bangka Bèlitung. Dambus lair amarga kena pèngaruh saka alat musik kang asalé saka Timur Téngah, yaiku oud. Ana ing cathètan kang wis ditulis jaman biyén babagan alat musik ing Bangka, ditèmokaké asil panelitèn Franzz App, sawijining wong kang asalé saka Jerman kang wis tau ményang néng Bangka nalika taun 1830-an. Ana ing bukuné kang terbit taun 1852 kanthi irah-irahané Schilderungen aus Hollandisch-Ostinden, Franz nyébutaké nalika dhèwèké mara néng omah tradhisionalé wong Bangka, ana ngarép kamar biasanè katon didelèhi piranti musik sénar. Alat musik kasébut ditérangaké digawé saka kayu kang atos lan ènthèng, banjur diwènèhi bolongan lan ditutup lulang munyuk. Apa sing didélok Franz nalika wèktu iku ya iku alat musik kang saiki disèbut dambus. Miturut Akhmad Elvian (Sejarawan lan Budayawan Bangka), béntuk fisik lan caranè gunakaké dambus ora padha karo gambus namung pada jénéngè wae. Dambus kuwi wis dadi ciri khasé dhaerah Bangka kang disébut Akhmad Elvian dadi alat musik asli ètnis Bangka. Perangan kuwi ngrujuk béntuk dambus kang prèséntasèkaké bèntuk rusa utawa kijang. Miturut Akhmad Elvian, Rusa utawa kijang yaiku kewan penting ing kauripan masarakat Bangka. Ana ing tradhisi nganggung, yaiku gawa panganan sing ditata ing dhuwuré tampah kanggo dipangan barèng-barèng ana ing acara kang gayut karo daur kauripan lan upacara kang gayut karo agama. Panganan kang paling mulya ana ing tradhisi nganggung yaiku daging rusa utawa kijang. Kanggo nyékel rusa utawa kijang uga perlu ritual khusus. Sakdurunge mburu, kèlompok kang mburu disébut bèlapan utawa bèrasuk kudu njaluk ijin karo dukun hutan. Cara baginé rusa utawa kijang asil buronané kudu dibagi kanthi adhil lan rata, ora olèh ana kang kélèwatan. Kanggo masarakat Bangka, dambus duwèni nilai kang dhuwur. Biyèn, gawè dambus gunakakè énem jinis kayu kang bèda, dijupuk saka énem, alas kang bèda. Uga gunaké dambus arupa untu harimau supaya swarané bisa ngasilaké kang luwih apik. Biasané dambus diwénéhi jimat, carané diasèpi nganggo kèmènyan banjur diwénéhi mantra. Kanggo para pemainé dambus uga nglèwati sapérangan ritual kang bentukè bèda-bèda, kang kulina dilakokaké karo pémainé dambus supaya para pènonton bisa ngrasakè swara kang wis dimainké.[1]

Dambus Huduk Gambus[besut | besut sumber]

Akhmad Èlvian nyaritakaké menawa saka buku Franz F., cathètan nalika lunga mènyang Bangka taun 1935, omah kamar ngarep duwéké uwong Bangka ana alat musik kang dipètik sènar. Nalika jaman semana durung di jènèngi Dambus, nanging alat musik kang pètik sènar. Dijènèngi dambus amarga èntuk pèngaruh saka Timur Tèngah kang dijènèngi Gambus. Ing réfèrènsi saka Franz F., uwong Bangka duwéni alat musik saka kayu, wujudé atos kang diwénéhi bolongan lan ditutup nganggo lulang munyuk. Mbok menawa ana pamrayoga alat musik iki ana pèngaruhé saka pèradaban Islam, nanging hal iki ora mungkin. Amarga Islam ora sarujuk yen alat musik kanthi béntuk brahala kayata alat musik iki. Apa ménèh alat musik iki ditutup nganggo kulit monyèt. Bait pantun kang dadi syair témbang gambaraké ciri khas dambus Bangka. Jaman biyén dambus dadi alat musik tunggal nanging ing jaman saiki dadi kèsenian, yaiku musik dambus, jogéd dambus lan kèsenian dambus.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Dewabrata, Wisnu. "Dambus Sang Pemanggil Rindu". Kompas. Dijupuk 2019-10-09. 
  2. M, Teddy (2019-05-27). "Dambus Bukan Gambus, Inilah Alasan Mengapa Dambus Bangka Punya Ciri Khas Kepala Rusa". tribunnews. Dijupuk 2019-10-16.