Katrina Kaif
| Katrina Kaif | |
|---|---|
Katrina Kaif in 2008 | |
| Lair | 16 Juli 1984 Hong Kong |
| Bangsa | British"Working in Bollywood for years, but shy of citizenship?". The Times of India. Aug 30, 2010. |
| Pakaryan | Model, Actress |
| Taun aktif | 2003 – present |
Katrina Kaif (lair ing 16 Juli 1984) iku aktris lan model Bollywood.[1] Dhèwèké putra saka pasangan Mohammed Kaif kang katurunan Kashmir lan Suzanne Turquotte kang katurunan Inggris.[1] Ibuné lulusan saka Harvard University.[1] Ning taun 2009 Katrina olih predikat dadi wanita paling seksi déning polling majalah FHM India.[1]
Katrina kang duwé getih katurunan saka Inggris sempet dikira dadi warga London, Ingrris.[1] Nanging faktané, dhèwèké namung manggon telung taun suwené ning London.[1] Sawisé iku, dhèwèké pindah maring Mumbai.[1] Nganti taun 2011, aktris lan model iki durung tau digaosipaké duwé pacangan.[1]
KARIR
[besut | besut sumber]Kariré ning donya entertainment diwiwiti nalika dhèwèké ana ning umur 14 taun.[1] Katrina dadi model majalah perhiasan ning London.[1] Dhèwèké tampil pisanan ning layar lebar nalika mainaké peran ning filem BOOM nalika taun 2003.[1]
Kanggo njurung kariré ning donya filem Bollywood, Katrina milih kanggo pindah marang Mumbai, India.[1] Dhèwèké miwiti main ning filem, filem-filem kang tau dibintangi dhèwèké ya iku SARKAR (2005) lan MAINE PYAAR KYUN KIYA (2005).[1] Ning filem paling akir, katrina olih bebungah dadi Stardust Breakthrough Performance Award (Female).[1]
Nanging jenengé tambah kondhang nalika dhèwèké mainaké filem box office NAMASTEY LONDON nalika taun 2006.[1] Sawisé iku, dhèwèké olih tawaran akèh kanggo ngasah bakat aktingé.[1] APNE, PARTNER, WELCOME, RACE, HELLO, NEW YORK lan BLUE iku tuladhané filem-filem kang tau dibintangi dhèwèké.[1]
Taun 2011, Katrina gawé filem kang judhulé JANAM_JANAM KA SAATHI LOVE-FOREVER, filem kasenut dadi filem pisanan kang digawwe déning dhèwèké.[2] Ning filem mau, dhèwèké uga kang nulis skenarioné.[2]
Filmografi
[besut | besut sumber]Film-filem kang tau dibintangi Katrina Kaif[1]:
| Year | Film | Role | Notes |
|---|---|---|---|
| 2003 | Boom | Rina Kaif/Popdi Chinchpokli | |
| 2004 | Malliswari | Princess Malliswari | Film Telugu |
| 2005 | Sarkar | Pooja | |
| 2005 | Maine Pyaar Kyun Kiya | Sonia | |
| 2005 | Allari Pidugu | Shwetha | Film Telugu |
| 2006 | Hum Ko Deewana Kar Gaye | Jia A. Yashvardhan | |
| 2006 | Balram vs. Taradas | Supriya | Film Malayalam |
| 2007 | Namastey London | Jasmeet "Jazz" Malhotra | |
| 2007 | Apne | Nandini Sarabhai | |
| 2007 | Partner | Priya Jaisingh | |
| 2007 | Welcome | Sanjana Shetty | |
| 2008 | Race | Sophia | |
| 2008 | Singh Is Kinng | Sonia Singh | |
| 2008 | Hello | Story-teller | Kaméo |
| 2008 | Yuvvraaj | Anushka Banton | |
| 2009 | New York | Maya Shaikh | Nominated—Filmfare Award for Best Actress |
| 2009 | Blue | Nikki | Kaméo |
| 2009 | Ajab Prem Ki Ghazab Kahani | Jennifer "Jenny" Pinto | |
| 2009 | De Dana Dan | Anjali Kakkad | |
| 2010 | Raajneeti | Indu Sakseria/Pratap | |
| 2010 | Tees Maar Khan | Anya Khan | |
| 2011 | Zindagi Na Milegi Dobara | Laila | |
| 2011 | Bodyguard | Minangka dhèwèké dhéwé | Munculan kusus ing lagu "Bodyguard" |
| 2011 | Mere Brother Ki Dulhan | Dimple Dixit | Nominated—Filmfare Award for Best Actress |
| 2012 | Agneepath | Chikni Chameli | Munculan kusus ing lagu "Chikni Chameli" |
| 2012 | Main Krishna Hoon | Radha | Kaméo |
| 2012 | Ek Tha Tiger | Zoya | Filming (Dirilis tanggal 8 Agustus 2012) |
| 2012 | Yash Chopra's Untitled Project | Filming[3] | |
| 2013 | Dhoom 3 | Pra-produksi | |
| 2013 | Dostana 2 | Pra-produksi |
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |