Lebak Kathmandu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Kathmandu valley)
Sana Warisan Donya UNESCO
Lebak Kathmandu
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Lembah Kathmandu
Jinis Kebudayaan
Wewaton iii, iv, vi
Rujukan 121
Sujarah prasasti
Prasasti 1979 (Sési ke-3)
Èkstènsi 2006
Kabebayan 2003-2007

Lebuk Kathmandu(Nepal: नेपाः स्वनिगः Nepāḥ Svanigaḥ [nepaː sʷonigəː]), dumunung wonten ing Nepal, papanipun wonten ing pasimpangan budaya kuna nagara Asia, lan kagungan paling boten 130 monumen wigati, kalebet sapérangan papan perziarahan tumrap umat Hindu lan Agama Buddha.[1]

Etimologi[besut | besut sumber]

Kutha Kathmandu asalipun saking sawijining sungsunan ing daratan Durbar ingkang nama Kaasthamandap. Wonten ing basa Sanskerta, kāṣṭh (Cithakan:Lang-sa2) = "kayu" and maṇḍap (Cithakan:Lang-sa2) = "papan ingkang terlindhungi." Kuil ingkang khas punika, ugi dipunkenal kanthi sebutan Maru Satal, dipunbangun nalika taun Cithakan:Peristiwasm-tahun déning Raja Laxmi Narsingh Malla. Sedaya sungsunan boten kagungan paku utawi pendhukung saking wesi lan dipundamel sadayanipun saking kayu. Miturut legéndha, kayu-kayu ingkang dipunginakaken kanggé pagoda kalih tingkat punika asalipun saking setunggal wit.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Lembah Kathmandu mbok menawi nembé dipundunungi antawis taun 300 SM, amari barang ingkang paling sepuh ingkang kapanggihaken ing lembah punika dipunprakirakaken asalipun saking atusan taun sadéréngipun masehi. Cathetan awal asalipun saking taun 185 Masehi. Bangunan paling sepuh ingkang wonten ing lembah ingkang asring ngalami lindhu punika kirang langkung kagungan yuswa 1992 taun. Sekawan stupa ingkang wonten ing sakitar kutha Patan, miturut prakiran dipunbangun déning satunggaling Charumati tartamtu, satunggaling tiyang ingkang ngakoni minangka putri Raja Ashoka ingkang Agung, satunggaling raja Maurya, nalika abad ke-3, ngandharaken sajarah kuno ingkang wonten ing salebeting lembah sapunika. Lan babagan cariyos kunjungan Sang Buddha, boten wonten bukti pendhukung babagan kunjungan Ashoka, ananging stupa-stupa kasebut mungkin asalipun saking abad kasebut. Suku Kirant minangka suku kapisanan ingkang acathet minangka panguwasa Lembah Kathamandu, peninggalan istana wartanipun wonten ing Patan caket Hiranyavarna Mahavihara (dipunsebut "Patukodon"). Dinasti Licchavi ingkang miturut cathetan awal nalika taun 464 Masehi inggih punika panerus dados pamimpinipun ing lembah punika lan kagungan hubungan ingkang caket kaliyan Dinasti Gupta saking India. Dinasti Malla, mimpin Lembah Kathmandu lan laladan sakitaripun wiwit saking abad ke-12 dumugi abad ke-18 Masehi, nalika Dinasti Shah ingkang dipunpimpin déning Prithvi Narayan Shah ngasoraken lembah lan niptakaken Nepal (ingkang dipunkenal sapunika). Sapérangan ageng Arsitektur Nepali kuno ingkang wonten ing Nepal sapunika aslipun saking masa pamaréntahan Malla.[2]

Papan wisata[besut | besut sumber]

Sapérangan monumen wigati ing Lembah Kathmandu inggih punika:

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

Delengen Uga[besut | besut sumber]

Pranala Njaba[besut | besut sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Lebak Kathmandu ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lebak_Kathmandu&oldid=1065018"