Karburator

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Bendix-Technico (Stromberg) 1-barrel downdraft carburetor model BXUV-3

Karburator yiaku salah sijiné piranti kang kanggo nyampur angin lan bahan bakat kanggo salah sijiné mesin pembakaran jero. Karburator mesin digunakaké sajeroning mesin cilik lan mobil tuwa utawa kusus kaya ta kang dirancang kanggo balap mobil stock. Lumrahé mobil kang diprodhuksi ing awal taun 1890an wis nggunakaké injèksi bahan bakar èlèktronik terkomputerisasi. Akèh-akèhé motor isih migunakaké karburator amarga luwih ènthèng lan murah, ananging ing taun 2005 wis akèh modèl anyar dikenalaké kanti injèksi bahan bakar.[1]

Sajarah lan Pengembangan[besut | besut sumber]

Karburator pertama kali tinemu olèh Karl Benz ing taun 1885 lan dipatènaké taun 1886. Ing taun 1893 insinyur kebangsaan Hungaria kanti jeneng János Csonka lan Donát Bánki uga ndésain piranti kang mèh padha. ya iku Frederick William Lanchester saka Birmingham, Inggris kang pertama kali berèksperimèn migunakaké karburator ing mobil. ing taun 1896 Frederick lan seduluré yasa mobil pertama kang migunakaké bahan bakar bènsin ing Inggris, kanti silinder tunggal bertenaga 5 hp (4 kW), lan arupa mesin pembakaran sajeroning (internal combution). Ora puas karo hasil akir kang digawé, terutama amarga ciliké tenaga kang dihasilaké, dèwèké membangun ulang mesin mau, saiki déwèké migunakaké rong silinder horisontal lan uga ndisain ulang karburatoré. Saiki mobil dèwèké mampu ngrampungaké tur kang dawané 1.000 mil (1600 km) ing taun 1900. Hal iki arupa langkah maju penggunaan karburator sajeroning bilang otomotif.

Karburator umum minangka mobil berhahan bakar bènsin nganti akir 1980-an. Sawisé akèh kontrol elektronik digunakaké ing mobil, penggunaan karburator wiwit digantikaké déning sistem injèksi bahan bakar amarga luwih gampang terintegrasi kanti sistem kang lain kanggo mencapai efisiensi bahan bakar.[2]

Désain[besut | besut sumber]

Karburator bisa dikelompokaké miturut arah aliran angin, barel lan tipe venturi. Tiap-tiap karburator ngkombinasikaké keteluné sajeroning désainé.

Arah aliran angin[besut | besut sumber]

  1. Aliran turun (downdraft), angin mlebu saka pérangan nduwur karburator banjur mentu pérangan ngisor karburator.
  2. Aliran datar (sidedraft), angin mlebu saka sisih samping lan ngalir kanti arah mendatar banjur mentu léwat sisih sebelahé.
  3. Aliran munggah (updraft), kebalikan saka aliran mudun, angin mlebu saka ngisor banjur mentu pérangan nduwur.[3]

Barel[besut | besut sumber]

A high performance 4-barrel carburetor.

Barel ya iku saluran angin kang ing jerone terisa venturi.

  1. Single barel, amung duwé satu barel. Umumnya digunakan padha sepeda motor atau mobil kanti kapasitas mesin kecil.
  2. Multi barel, duwé punjul sak barel (lumrahé léoro utawa papat barel), kanggo memenuhi kebutuhan aliran angin kang luwih gadhé mliginé kanggo mesin kanti kapasitas mesin kang gedhé.

Venturi[besut | besut sumber]

  1. Venturi Tetap, ing tipe ikii ukuran venturi sawisé tetap. Pedal gas ngatur katup angin kang nentokaké gedhiné aliran angin kang nglewati venturi sahigga nentokaké gedhiné tekanan kanggo narik bahan bakar.
  2. Venturi obah, ing tipe iki pedal gas ngatur gedhiné venturi kanti migunakaké piston kang bisa munggah midun saéngga mbentuk celah venturi kang bisa berubah-ubah. Munggah miduné piston venturi iki dibarengi kanti munggah miduné needle jet kang ngatur gedhiné bahan bakar kang bisa katarik sarta kanti aliran angin. Tipe iki disebut uga "tekanan tetep".

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ [1] pengertian-karburator, (Kaunduh 26/10/12).
  2. ^ sejarah-penemuan-karburator, (Kaunduh 22/11/12).
  3. ^ karburator, (Kaunduh 11/10/13).