Kang Ibing
| Kang Ibing | |
|---|---|
| Lair | Raden Aang Kusmayatna Kusumadinata |
| Pakaryan | aktor, pelawak |
| Taun aktif | 1975 - 2010 |
Raden Aang Kusmayatna Kusumadinata utawi misuwur kanthi asma Kang Ibing (miyos ing Sumedang, 20 Juni 1946 – tilar donya ing Bandung, 19 Agustus 2010 ing yuswa 64 taun) inggih punika pelawak Indonésia ingkang ndhèrèk grup lawak De'Kabayan ingkang anggotanipun inggih punika [[Aom Kusman lan Suryana Fatah.[1] Pelawak punika ugi aktif ing kasenian Sunda.[1]
Kang Ibing gadhah garwa ingkang namanipun Nieke lan patutan tiga cacahipun.[1] Kariéripun ing jagad seni kalebet suksés.[1] Kang Ibing piyambak boten naté ngimpi dados aktris ingkang misuwur, menapa malih dados bintang filem.[1] Miwiti kariéripun minangka panatacara Obrolan Rineh ing Radhio Mara Bandung Gaya wicaranipun ingkang intonasinipun khas Sunda sampun dados ciri khasipun Kang Ibing.[1]
Nalika taksih kuliyah ing Fakultas Sastra Universitas Padjajaran Bandung jurusan Sastra Ruslan, Kang Ibing naté njabat dados Ketua Kasenian Daya Mahasiswa Sunda (DAMAS).[1] Penasihat Dhepartemén Kasenian Unpad lan naté ugi dados asistén Dosén ing Fakultas Sastra Unpad.[1] Taun 1970 sesarengan kaliyan Aom Kusman lan Suryana Fatah damel grup lawak De'Kabayan.[1] Nalika taun 1975 kanggé ingkang kapisanan Kang Ibing dados bintang filem Si Kabayan ingkang dipunsutradarai déning Tutty Suprapto.[1]
Kang Ibing tilar donya nalika tanggal 19 Agustus 2010 ing Griya Sakit Islam Bandung.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njawi
[besut | besut sumber][hhttp://www.ceritamu.com/Info/Individu/Kang-Ibing.aspx 'Kang Ibing]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Artikel mawa basa krama
- Alumni Universitas Padjadjaran
- Da'i Indonesia
- Pelawak Indonesia
- Aktor Indonésia
- Tokoh dari Sumedang
- Tokoh Sundha