Kakus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
A Western flush toilet with a paper seat cover dispenser, waste basket, and toilet brush near the German-Austrian border
Manéka rupa kakus, kang bisa wujud kakus lungguh, kakus dhodhok lan jumbleng.

Kakus (saka tembung Walanda kakhuis) ya iku pérangan omah kang gunané kanggo papan bebuwang sesuker awak wujud tai lan uyuh. Panyebut kakus bisa ditrapaké tumrap piranti kang kanggo bebuwang uga papan/kamar kang digunakaké kusus kanggo bebuwang. Kakus uga diarani diarani WC (saka basa Inggris: Water Closet). Déné manawa nunggal papan karo padusan, lumrahé diarani jamban. Cara migunakaké miturut pakulinan. Lumrahé wong Asia kulina bebuwang kanthi ndhodhok, déné wong Éropah bebuwang kanthi lungguh.

Wigatiné tumrap kasarasan[besut | besut sumber]

Sesuker awak kang dibuwang ing sadhengah papan bisa njalari pira-pira lelara, ing antarané mèncrèt[1], koléra, muntabèr lan cacingen. Unicef mratélaké (2015) manawa 51 yuta warga Indonesia isih bebuwang ing sadhengah papan, kalebu ing kali lan ing gisik sagara.[2] Saliyané amarga pakulinan, isih akèh omah kang ora duwé kakus amarga kaanan warga kang mlarat. Mula, pameréntah lumantar Kementrian Kasarasan ada-ada supaya sakabèhing warga ngulinakaké bebuwang ana ing kakus kanthi program Stop BABS (Buang Air Besar Sembarangan).[3]

Déné ing India, kanggo bangun pakulinan bebuwang ing kakus lan njamin anané kakus ing saben omah, sawatara LSM gawé slogan "No Toilet, No Bride" utawa "No loo, no "I do""[4][5] (jarwané: manawa omah tanpa kakus, aku emoh dirabi).

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Kebiasaan Buang Air Sembarangan Pemicu Diare di Wanadadi".[pranala mati permanèn]
  2. "51 Juta Orang Indonesia Buang Air Besar Sembarangan".
  3. "Stop Buang Air Besar Sembarangan!".
  4. Global Problems, Smart Solutions: Costs and Benefits. Cambridge University Press. 2013. kc. 623. ISBN 978-1-107-43524-7.
  5. Stopnitzky, Yaniv (12 Dhésèmber 2011). "Haryana's scarce women tell potential suitors: "No loo, no I do"". Development Impact. Blog of World Bank. Dibukak ing 17 Novèmber 2014.