Pratélaning tembung Jawa asal basa Walanda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

A[besut | besut sumber]

  • aliyas (saka tembung alias) tegesé jenenge liya.
  • artikel (saka tembung artikel) tegesé (1) bab ing undhang-undhang, (2) jejer ing karangan utawa plot, lan (3) tulisan mawa irah-irahan tinamtu.
  • apèl (saka tembung appel) tegesé (1) ngulur prakara marang pangadilan kang luwih dhuwur lan (2) nglumpukaké prajurit.
  • amral (saka tembung admiraal) tegesé sénapati lautan.

B[besut | besut sumber]

  • benèt (saka tembung kabinèt) tegesé lemari cilik cendhèk.
  • boncis utawa buncis (saka tembung boontjes) tegesé tetuwuhan bangsa kara.
  • bir (saka tembung bier) tegesé inuman bangsa legèn.
  • bur (saka tembung boor) tegesé piranti dianggo ngunceki utawa gawé bolongan; jara.
  • baron (saka tembung baron) tegesé sesebutané pangéran ing Éropah.
  • branduwin (saka tembung brandewijn) tegesé inuman bangsa legèn kang mendemi banget.
  • brug (saka tembung brug) tegesé kreteg.
  • barliyan utawa barléyan (saka tembung brillant) tegesé intên kang wus disarawèdi.
  • bregada (saka tembung brigade) tegesé prajurit sagolongan.
  • buk (saka tembung boek) tegesé buku utawa cathetan.
  • baki (saka tembung bakje) tegesé témbor.
  • Batawi (saka tembung Batavia) tegesé Kutha Batavia (saiki Jakarta) lan sing ndunungi.
  • botol utawa botel (saka tembung bottel) tegesé gendul.
  • bas (saka tembung baas) tegesé lelurahé wong nyambut gawé, kaya ta tukang kayu lan tukang watu.
  • beskuwit utawa besuwit (saka tembung beschuit) tegesé panganan bangsa roti.
  • buwi (saka tembung boei) tegesé kunjara.
  • balok (saka tembung balk) tegesé kayu sing wis diprèjèngi wangun pesagi.
  • blodir (saka tembung berduren) tegesé sulam.
  • bulsak (saka tembung bulzak) tegesé kasur.
  • bum (saka tembung boom) tegesé wesi utawa kayu dawa cacadané kréta.
  • bangku (saka tembung bank) tegesé (1) dhingklik palinggihan lan (2) méja sikilané cendhèk.

C[besut | besut sumber]

  • cakur (saka tembung jachthoorn) tegesé wadhah obat.
  • cal utawa sal (saka tembung syaal) tegesé rimong kanggo ubed-ubed gulu.

D[besut | besut sumber]

  • delèr (saka tembung Edel Heer) tegesé sesebutané para warga Rad Indiya.
  • derbis (saka tembung donderbus) tegesé jinis bedhil.
  • derbus deleng tembung derbis.
  • dim (saka tembung duim) tegesé 1 1/12 kaki (± 2,54 cm).
  • drèl (saka tembung drillen) tegesé unining bedhil bebarengan kanggo kurmat. Tembung varian: edrèl.

Dh[besut | besut sumber]

  • dham (saka tembung damspel) tegesé aran dolanan nganggo blabag digambari pesagèn-pesagèn abang putih utawa irêng putih.
  • dhamdhaman deleng tembung dham.
  • dhangsah (saka tembung dansen) tegesé jogèd cara Éropah.
  • dhipisi (saka tembung divisie) tegesé golongan prajurit.
  • dhis (saka tembung dienst) tegesé dadi saradhadhu.
  • dholok (saka tembung dolk) tegesé glathi.
  • dhongkrah (saka tembung dommekracht) tegesé piranti dianggo ngegol montor.
  • dhongkrak deleng tembung dhongkrak
  • dhus (saka tembung doos) tegesé wadhah kothakan kang digawé dluwang kandêl.
  • dhuwit (saka tembung duit) tegesé sarananing urup-urupan kang diwujudi ing cithakan tembaga utawa slaka.

È[besut | besut sumber]

  • èrloji (saka tembung horologie) tegesé jam.
  • èngsèl (saka tembung hengsel) tegesé sindikan ing kuponing lawang (inebing lawang).

G[besut | besut sumber]

  • gurnat (saka tembung granaat) tegesé piranti kanggo njeblukaké bangsané bom.
  • grutni, gruteni, utawa teni (saka tembung grootenne) tegesé sandhangan dhines.
  • got (saka tembung goot) tegesé larèn utawa kalèn.
  • gitnisa (saka tembung grootkruis) tegesé palang gedhé.
  • gas (saka tembung gaas) tegesé jisim kang kaanané kaya hawa.
  • gèsper (saka tembung gesp lan gespen) tegesé timangan cathokan cilik.
  • gladri utawa gadri (saka tembung galderij) tegesé èmpèr ngarêp.
  • gelas (saka tembung glas) tegesé piranti kanggo ngombé saka kaca.
  • guldhen (saka tembung gulden) tegesé rupiyah.
  • guprenur (saka tembung gouverneur) tegesé lelurah wewengkon.
  • gupremèn (saka tembung gouvernement) tegesé pamaréntah.

H[besut | besut sumber]

  • hak (saka tembung haak) tegesé canthélan.
  • Holan (saka tembung Hollandsch) tegesé Walanda.
  • hup (saka tembung hoofd) tegesé lurah.

J[besut | besut sumber]

  • jenèwer (saka tembung janever) tegesé aran inuman keras.
  • jendral (saka tembung general) tegesé panggedhéning prajurit.
  • juris utawa joris (saka tembung joris) tegesé kethèk.
  • jas (saka tembung jas) tegesé klambi lanang (potongan Kulonan).
  • juli (saka tembung juli) tegesé aran sasi kang kapitu.
  • jager (saka tembung jager) tegesé aran prajurit.
  • jongos (saka tembung jonges) tegesé (1) batur Walanda, lan (2) paladèn ing hotèl lsp.

K[besut | besut sumber]

  • kaos (saka tembung kous) tegesé mojah sikil utawa tangan.
  • kenir (saka tembung knier) tegesé èngsèl lawang.
  • kenèker utawa nèker (saka tembung knikker) tegesé dhir.
  • kenap (saka tembung knaap) tegesé méja cilik bunder utawa pesagi.
  • kenur (saka tembung snur) tegesé (1) bolah rami lan (2) tali ing pancing.
  • kandelar utawa pandelar (saka tembung kandelaar) tegesé ajug-ajug lilin.
  • kantin (saka tembung cantine) tegesé (1) kamar kasukan ing bètèng, (2) papan padhaharan.
  • kantor (saka tembung kantoor) tegesé papan dianggo ngurus bab administrasi.
  • kontrak (saka tembung kontrakt) tegesé prajanjian nyambut gawé.
  • kar (saka tembung kaart) tegesé petha utawa gambar bumi.
  • kristin, krastin, kestin, utawa kesting (saka tembung satijn) tegesé bakal saèmper sutra.
  • kruwik (saka tembung kruik) tegesé goci.
  • krebin, karabin utawa karibin (saka tembung karabijn) tegesé bedhil cilik.
  • krebil utawa kerbil (saka tembung korbeel) tegesé kayu sanggan blandar mencok ing saka.
  • koki (saka tembung kok utawa kokkin) tegesé tukang olah-olah.
  • kèker (saka tembung kijker) tegesé piranti dianggo ndedeleng barang kang adoh-adoh.
  • kokar (saka tembung kokarde) tegesé ciri rupa pita.
  • kakus (saka tembung kakhuis) tegesé jumbleng.
  • kokis (saka tembung kukjes) tegesé roti saèmper apem.
  • kètèl (saka tembung ketel) tegesé cèrèt gedhé.
  • kusir (saka tembung kutsier) tegesé tukang nglakokaké kréta.
  • kestal, setal, kestalan (saka tembung stal) tegesé gedhogan.
  • kestèl utawa setèl (saka tembung stel) tegesé prangkat utawa rakitan.
  • kestop utawa setop (saka tembung stof) tegesé jinis bakal kanggo gawé klambi.
  • kestabel utawa setabel (saka tembung constabel) tegesé prajurit mriyeman.
  • kespur utawa sepur (saka tembung spoor) tegesé kreta api.
  • kul (saka tembung kool) tegesé kobis.
  • kelah(saka tembung klagt) tegesé gugat.
  • kulnèl, kolènèl, utawa kurnèl (saka tembung kolonel) tegesé pangkat panggedhé saradhadhu.
  • kèlèr (saka tembung kelder) tegesé kothak wadhah gendul jenèwer.
  • kaléja (saka tembung kleedje) tegesé klasa.
  • klonyo utawa plonyo (saka tembung cologne) tegesé lênga wangi.
  • kelam (saka tembung klamp) tegesé wilahan wesi utawa kayu dianggo pikukuhing sambungan.
  • kap (saka tembung kap) tegesé thonthor.
  • kopi(saka tembung koffie) tegesé aran wit lan wohé kang digawé wédang bubuk.
  • kiper (saka tembung keper) tegesé kang njaga gul tumrap dolanan bal-balan.
  • koper (saka tembung koffer) tegesé pethi dianggo wadhah sandhangan.
  • kopral (saka tembung korporaal) tegesé aran pangkat saradhadhu.
  • kaptin utawa kapitan (saka tembung kapitein) tegesé (1) aran pangkat panggedhé saradhadhu lan (2) panggedhé kapal.
  • kumendur (saka tembung kommandeur) tegesé aran pangkat panggedhé saradhadhu.
  • kemandhah (saka tembung kommando) tegesé aba-aba utawa pakon sajeroning kaprajuritan.
  • kumendhan (saka tembung kommandant) tegesé lelurah saradhahdu.
  • kumpeni (saka tembung compagnie) tegesé pakumpulan dagang.
  • kompor utawa komper (saka tembung komfoor) tegesé anglo mawa oncor lenga utawa gas.
  • kemidhi, komidhi, utawa kumidhi (saka tembung komidie) tegesé tontonan ulah kaprigelan.

L[besut | besut sumber]

  • landrat (saka tembung landraad) tegesé pangadilan sing mriksa prakara.
  • lantéra (saka tembung lantaarn) tegesé damar.
  • lentéra deleng lantéra.
  • lak (saka tembung lak) tegesé bangsaning jabung warna abang.
  • laken (saka tembung laken) tegesé sengkelat.
  • lèker (saka tembung lekker) tegesé énak.
  • lat (saka tembung laat) tegesé kasèp.
  • lot (saka tembung lood) tegesé (1) layang sing ana angkané kanggo lotré, lan (2) timah gilig lancip digandhulaké kanggo nyumurupi jejeg lan orané cagak, témbok, lsp.
  • litnan (saka tembung luitenant) tegesé aran pangkat saradhadhu utawa panggedhéning bangsa Cina utawa Arab.
  • lis (saka tembung lijst) tegesé (1) plisiran ing kayu utawa témbok sing mbrenjul, lan (2) cathetan urut-urutaning jeneng, lsp.
  • lès (saka tembung lezen) tegesé piwulang utawa kursus.
  • los (saka tembung loods) tegesé ikal-ikalan.
  • lespangan (saka tembung spaning) tegesé aran lelara ing weteng.
  • lésiyun (saka tembung legioen) tegesé prajurit.
  • lapur (saka tembung rapport) tegesé ngaturaké prakara apa-apa marang pulisi, lsp.
  • loper utawa lopor (saka tembung looper) tegesé kenèk kang nuntun jaran rakitan.
  • loji (saka tembung loge) tegesé omah gêdhong.
  • legandir (saka tembung grenadier) tegesé prajurit mawa grenat.
  • legunder (saka tembung gragonder) tegesé prajurit jejaranan.
  • lèger (saka tembung legger) tegesé tong gedhé kanggo wadhah banyu.
  • labrag (saka tembung rabraken) tegesé pilara.

M[besut | besut sumber]

  • musik (saka tembung muziek) tegesé bangsa gamelan Éropah.
  • musikan (saka tembung muziekant) tegesé juru musik.
  • mestri (saka tembung meester) tegesé sebutaning dhukun.
  • mal (saka tembung mal) tegesé klebut.
  • mayor (saka tembung majoor) tegesé pangkat sadhuwuring kaptin.

O[besut | besut sumber]

  • oli (saka tembung olie) tegesé lenga.
  • ongkos (saka tembung onkost) tegesé wragad.

P[besut | besut sumber]

  • pun (saka tembung pond) tegesé bobot ½ kg.
  • ponès (saka tembung vonnis) tegesé pepancasan pangadilan
  • panci utawa pancé (saka tembung pannetje) tegesé piranti mangsak gilig saka logam.
  • pondhemèn utawa pandhemèn (saka tembung fondament) tegesé bebatur utawa tetales omah kang dipendhem.
  • poci (saka tembung potje) tegesé téko.
  • picis (saka tembung pietje) tegesé (1) dhuwit lan (2) ketip; 10 sèn.
  • pir (saka tembung veer) tegesé wilahan waja tipis lan mendal, kaya ta ing rodha kréta.
  • prèi (saka tembung vrij) tegesé libur; lèrèn ora sekolah utawa nyambut gawé.
  • prenis utawa pernis (saka tembung vernis) tegesé aran cèt gilap.
  • porok (saka tembung vork) tegesé garpu.
  • partikelir (saka tembung particulier) tegesé dudu yeyasan nagara, dudu dhines.
  • presèn utawa persèn (saka tembung present) tegesé bebungah.
  • pursekot (saka tembung voorschot) tegesé empingan.
  • presil utawa persil (saka tembung perceel) tegesé bumi nagara kang diséwa 75 taun.
  • permili (saka tembung familie) tegesé sanak sêdulur.
  • pregul utawa pergul (saka tembung verguld) tegesé nyepuh nganggo emas.
  • pak (saka tembung pacht) tegesé pajeg marang nagara supaya kena adol apyun utawa bukak gadhéan.
  • pokrol utawa pokrul (saka tembung procureur) tegesé juru ngembani prakara ana ing pangadilan.
  • pot (saka tembung pot) tegesé jembangan wadhah tamanan.
  • patrol utawa patroli (saka tembung patrouille) tegesé nganglang njaga.
  • patrum (saka tembung patroon) tegesé jubungan isi obat lan mimis.
  • pas (saka tembung pas) tegesé trep.
  • pestil utawa pastil (saka tembung pastel) tegesé panganan saèmper kuwih.
  • pistul (saka tembung pistool) tegesé bedhil cilik lan cendhak.
  • pal (saka tembung paal) tegesé ukuran dawa 1507 m.
  • pilar (saka tembung pilaar) tegesé saka gedhé kang digawé témbok.
  • plekat (saka tembung plakaat) tegesé undhang-undhang.
  • plat (saka tembung plaat) tegesé blébékan sèng.
  • polèt (saka tembung epoulet) tegesé très utawa setrip ing lengenan.
  • plitur (saka tembung polituer) tegesé cèt dianggo nggilapaké piranti kaya ta méja lan kursi.
  • plès (saka tembung flesch) tegesé gendul.
  • plesir utawa plaisir (saka tembung pleizier) tegesé mlancong utawa dolan-dolan.
  • plèster (saka tembung pleister) tegesé tamba tatu.
  • pulmak (saka tembung volmagt) tegesé wewakil.
  • polong (saka tembung peulen) tegesé woh-wohan bangsa kacang lan kapri.
  • pompa (saka tembung pomp) tegesé piranti dianggo nyêmprotake banyu utawa angin.
  • pabrik (saka tembung fabriek) tegesé panggonan gawé barang sarana mesin-mesin.
  • perklaring (saka tembung verklaring) tegesé layang katerangan ing prakara. Tembung varian: uperklaring.

R[besut | besut sumber]

  • rundha utawa rondha (saka tembung ronde) tegesé nganglang ing wayah bengi.
  • roki utawa rok (saka tembung rok) tegesé klambi dawa.
  • rikning utawa rèkening (saka tembung rekening) tegesé itung.
  • rèken (saka tembung reken) tegesé réka.
  • rad (saka tembung raad) tegesé keklumpukané wong sing kajibah ngrembug utawa awèh pamrayoga.
  • rus (saka tembung roos) tegesé kembang mawar abang.
  • russedhah (saka tembung rustdag) tegesé dina libur.
  • résidhèn (saka tembung resident) tegesé priyayi Walanda sing dadi panggedhéné wewengkon.
  • rol (saka tembung rol) tegesé pangadilan kang mriksa prakara palanggaran cilik-cilik.
  • rolak utawa rolah (saka tembung rollang) tegesé bata kang ditata ngadeg ing sadhuwuring palang kori.
  • rolis (saka tembung rollezen) tegesé nacahaké kuli nyambut gawé.
  • répot (saka tembung rapport) tegesé rèbyèg.
  • ram (saka tembung ram) tegesé (1) jendhéla lan (2) wengkuné pangilon.
  • rumpi (saka tembung rompye) tegesé klambi jas kotang kanggo rangkepan klambi jas bukak.
  • règen (saka tembung regent) tegesé bupati.
  • rebal utawa perbal (saka tembung proces-verbaal) tegesé cathetan papriksané prakara kang bakal katur marang pangadilan.
  • rangsum (saka tembung rantsun) tegesé pangan kanggo saradhadhu.

S[besut | besut sumber]

  • salomprèt, deleng tembung slomprèt.
  • senapan (saka tembung snaphaan) tegesé bedhil.
  • srebèt utawa serbèt (saka tembung servet) tegesé kacu.
  • sak (saka tembung zak) tegesé kanthongan klambi.
  • sekonyar (saka tembung schooner) tegesé jinis prau.
  • sekoci (saka tembung schuitje) tegesé jinis prau cilik.
  • sekotor (saka tembung kotter) tegesé jinis prau.
  • soklat (saka tembung chocolaad) tegesé panganan (bubukan) saka woh wit.
  • sekongkel (saka tembung gekonkel) tegesé sekuthu.
  • setrika (saka tembung strijken) tegesé piranti dianggo ngêlus klambi.
  • setrap (saka tembung straf) tegesé paukuman.
  • setrup (saka tembung stroop) tegesé jurjuran gula dicampuri banyu woh-wohan
  • setriman (saka tembung stuurman) tegesé juru mudhi.
  • setat (saka tembung staat) tegesé layang klowongan kang diisèni katrangan prakara warna-warna.
  • setut (saka tembung stoot) tegesé (1) pungkasané sabuk wlulang, (2) sabuk.
  • setiwel (saka tembung stevel) tegesé wlulang urungé sikil (lumrahé dianggo ana bal-balan).
  • sosis (saka tembung saucijs) tegesé daging cacah dibumboni diwangun bumbungan.
  • selèdri utawa slèdri (saka tembung selderij) tegesé sayuran sing dianggo campuran sop, bakso; Apium graveoles.
  • suldhat (saka tembung soldaat zie saradhadhu) tegesé prajurit.
  • selomprèt deleng tembung slomprèt.
  • salébrak utawa slébrak (saka tembung schabrak) tegesé lèmèk lapak.
  • sop (saka tembung soep) tegesé jangan digawé duduh iwak (ampasé wortel, slèdri, kacang, lsp).
  • sopi (saka tembung zoopje) tegesé jinis arak.
  • sepèn (saka tembung dispens) tegesé kamar kanggo wadhah panganan.
  • sepir (saka tembung cipier) tegesé wong sing njaga kunjara.
  • semir (saka tembung smeer) tegesé barang lintreg-lintreg dianggo nggosok sepatu, ngireng rambut, lsp.
  • semur (saka tembung gesmoord) tegesé aran lelawuhan.
  • sègel (saka tembung zegel) tegesé cap atas nama pamaréntah (racaké minangka pasaksiné prajanjian).
  • slomprèt (saka tembung trompet) tegesé unèn-unèn sing anggoné ngunèkaké sarana disebul. Tembung varian: salomprèt, selomprèt, tarompèt.

T[besut | besut sumber]

  • taksir (saka tembung taxeer) tegesé pangira-ira tumrap wuragad. Tembung varian: teksir, kala-kala uga tapsir lan tepsir.
  • tambur (saka tembung tamboer) tegesé unèn-unèn bangsa trebang urungé cendhak wlulangé kiwa tengen sarta nganggo èthèr-èthèr.
  • taplak (saka tembung tafellaken) tegesé lawon lèmèk méja.
  • tapsir, deleng tembung taksir
  • tar (saka tembung taart) tegesé panganan bangsa roti.
  • taromprèt, deleng tembung slomprèt.
  • teksir, deleng tembung taksir
  • tepsir, deleng tembung taksir
  • tesmèn (saka tembung testament) tegesé wasiyat.
  • tèken (saka tembung teeken) tegesé tandha tangan.
  • tir (saka tembung teer) tegesé barang cuwèr rupané ireng sok dianggo ngecèt.
  • tong (saka tembung ton) tegesé wadhah sing digawé kayu.
  • tuwidhé, deleng tembung twidhe.
  • twidhe (saka tembung tweede) tegesé angka kaping kalih.

U[besut | besut sumber]

  • uperklaring (saka tembung op verklaring) deleng tembung perklaring.
  • upas (saka tembung oppasser) tegesé batur kang dianggo kongkonan, lumrahé ana ing kantor-kantor.
  • upsir (saka tembung officier) tegesé aran pepangkatan ing saradhadhu.
  • urdenas (saka tembung ordonnans) tegesé utusan.
  • urdi (saka tembung order) tegesé dhawuh.
  • usar (saka tembung huzaar) tegesé prajurit jejaranan.

W[besut | besut sumber]

  • Walanda (saka tembung Hollansch tegesé wong Éropah saka nagara Nèderlan.