John von Neumann

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
John von Neumann

John von Neumann (Neumann János) (lair ing Budapest, Hungaria, 28 Dhésèmber 1903 – pati ing Washington DC, Amérika Sarékat, 8 Fèbruari 1957 ing umur 53 taun) inggih punika salah satunggaling matematikawan katurunan Hongaria-Jerman ingkang maringi kontribusi wigati wonten ing babagan fisika kuantum, analisis fungsional, téyori himpunan, ngèlmu komputer, èkonomi lan babagan sanèsipun ingkang gegayutan kaliyan matematika. Von Neumann inggih punika pionir komputer digital modèrn lan penerapan téyori operator ing babagan mekanika kuantum.[1]

Biografi[besut | besut sumber]

Von Neumann pikantuk gelar Ph.D. ing babagan matematika saking Universitas Budapest nalika umur 23 taun. Wonten ing wekdal ingkang sami piyambakipun ugi sinau teknik kimia wonten ing Swiss. Antawising taun 1926 lan 1930, piyambakipun nyambut damel minangka dosèn wonten ing Berlin, Jerman.

Ilmu Komputer[besut | besut sumber]

Von Neumann dipunabadikaken namanipun minangka "arsitèktur von Neumann", inggih punika arsitèktur komputer ingkang kathah dipun-ginakaken wonten ing sapérangan ageng sistem komputer non paralèl, amargi piyambakipun ingkang kapisanan mbiwarakaken konsèp mau. Èwadènè konsèp punika dipunkembangaken déning J. Presper Eckert lan John William Mauchly wonten ing pengembangan komputer ENIAC, nama von Neumann ingkang langkung dipunkenal minangka penemu arsitèktur komputer mau.

Salah Satunggaling Penggagas Téyori Informasi[besut | besut sumber]

Saking sudut pandang kontribusi Von Neumann wonten ing babagan Komputing, kalebet pengaplikasian konsepipun wonten ing matematika komputer, lan aplikasi komputer wonten ing minatipun ingkang sanès inggih punika matematika fisika lan èkonomi, mbok manawi ingkang saèstu sanget ingkang dipundamel déning Herman Goldstine [1972]. Éwadéné wonten kritik tumrap perspektif Goldstine amargi piyambakipun kagayut kanthi sasètu wonten ing aktivitas-aktivitas Neumann wiwit papanggihan wonten ing Aberdeen taun 1944 dumugi kekalihipun makarya sesarengan wonten ing Institute for Advanced Studies saperlu ngembangaken mesin Institute for Advanced Studies (IAS) utawi IAS machine.[2]

Boten wonten ingkang nampik bilih visinipun bab mesin-mesin tundhanipun wonten ing sawijining infrastruktur lan ingkang sapunika dipunkenal minangka "von neumann's architecture".

Wonten ing taun 1940, nalika Claude Shannon saweg nyembut damel bab persamaan, wonten ing sawijining wekdal piyambakipun kapanggih kaliyan John von Neumann. Ing sawijining pirembagan, bab punapa ingkang badhé Shannon sebut babagan "ukuran saking ketakpastian" utawi pelemahan(atenuasi) wonten ing sinyal telepon, kanthi rujukan dhateng téyori informasinipun ingkang paling énggal.

Téyori mau sampun wonten ing wujud ingkang paling saé kajaba piyambakipun mrelukaken sawijining nama ingkang saé kanggé "informasi ingkang lepat"."Kénging punapa boten sebut kémawon Entropi", saran Neumann. Kapisanan,perkembangan matematika ingkang mirib sanget kados pamanggih panjengengan sampun wonten ing mekanika statistis Boltzmann, lan ingkang angka 2, boten wonten ing saged mangertosi kanthi saé punapa ingkang dipunsebut, saéngga wonten ing kathah pirembagan panjenengan badhé menang.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. John von Neumann's contribution to economic science — By Maria Joao Cardoso De Pina Cabral, International Social Science Review, Fall-Winter 2003
  2. http://cnls.lanl.gov/Highlights/2000-09/article.htm A Discussion of Artificial Viscosity,
  3. http://www.stephenwolfram.com/publications/informalessays/neumann/], article by Stephen Wolfram on Neumann's 100th birthday.

Cithakan:FOLDOC

  • Heims, Steve J., 1980. John von Neumann and Norbert Wiener, from Mathematics to the technologies of life and death. MIT Press.
  • Herken, Gregg, 2002. Brotherhood of the Bomb: The Tangled Lives and Loyalties of Robert Oppenheimer, Ernest Lawrence, and Edward Teller.
  • Israèl, Giorgio, and Gasca, Ana Millan, 1995. The World as a Mathematical Game: John von Neumann, Twentieth Century Scientist.
  • Macrae, Norman, 1992. John von Neumann.

Waosan langkung kathah[besut | besut sumber]

  • Jean van Heijenoort, 1967. A Source Book in Mathematical Logic, 1879-1931. Harvard Univ. Press.
    • 1923. "On the introduction of transfinite numbers," 346-54.
    • 1925. "An axiomatization of set theory," 393-413.
  • 1932. "Mathematical Foundations of Quantum Mechanics", Beyer, R. T., trans. Princeton U. Press.
  • 1944. (with 'Oskar Morgenstern) Theory of Games and Economic Behavior. Princeton Univ. Press.
  • 1966. (with Arthur W. Burks) Theory of Self-Reproducing Automata. Univ. of Illinois Press.

Secondary:

  • Aspray, William, 1990. John von Neumann and the Origins of Modern Computing.
  • Dalla Chiara, Maria Luisa and Giuntini, Roberto 1997, La Logica Quantistica in Boniolo, Giovani, ed., Filosofia della Fisica (Philosophy of Physics). Bruno Mondadori.
  • Goldstine, Herman, 1980. The Computer from Pascal to von Neumann.
  • Poundstone, William. Prisoner's Dilemma: John von Neumann, Game Theory and the Puzzle of the Bomb. 1992.
  • 1958, Bulletin of the American Mathemetical Society 64.
  • 1990. Proceedings of the American Mathematical Society Symposia in Pure Mathematics 50.

Para siswa[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]