Jesús Navas
|
Jesús Navas González ing Sevilla | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Jesús Navas Gonzálezx | ||
| Tanggal lair | 21 Novèmber 1985 | ||
| Papan lair | Los Palacios, Spanyol | ||
| Dhuwur | 1.70 m (5 ft 7 in) | ||
| Posisi main | Winger | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Sevilla | ||
| Angka | 16 | ||
| Karir nom | |||
| 1998–2000 | Los Palacios | ||
| 2000–2003 | Sevilla | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2003–2004 | Sevilla B | 33 | (3) |
| 2003–2013 | Sevilla | 285 | (23) |
| 2013–2017 | Manchester City | 123 | (4) |
| 2017– | Sevilla | 10 | (1) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2004–2005 | Spanyol U21 | 5 | (0) |
| 2009– | Spanyol | 35 | (3) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 4 November 2017. | |||
Jesús Navas González utawi Jesús Navas (lair 21 Novèmber 1985) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional ingkang main ing posisi gelandhang utawi sayap, ingkang samenika main ing klub Sevilla lan Tim Nasional Spanyol.[1] Asèt utamanipun inggih punika dribling cepet, lumayu banter mbiyantu pertahanan lan crosing ingkang akurat dhateng kothak pinalti.[1][2]
Navas gabung kaliyan tim junior Los Palacios sadèrèngipun gabung kaliyan tim junior Sevilla FC ing taun 2000 wekdal umur 15 taun.[3] Ing mangsa 2003-2004, Navas miwiti debutipun ing Sevilla B ing La Liga mengsah Reial Club Deportiu Espanyol ing tanggal 23 Novèmber 2003.[3] Navas main 12 menit lan tetandhingan kasebat ngasilaken skor 1-0, kamenangan kanggé Reial Club Deportiu Espanyol.[3] Navas gabung kaliyan tim inti Sevilla ing mangsa 2004-2005 lan saged damel kalih gol saking 22 tetandhingan La Liga. Ing tanggal 4 Méi 2005, Navas napakasmani kontrak kaliyan Sevilla ingkang telas ngantos taun 2010.[3]
Pranala njawi
[besut | besut sumber](ing basa Indonésia) Jesus Navas[pranala mati permanèn]
Rujukan
[besut | besut sumber]- 1 2 FIFA World Cup profile(dipunundhuh tanggal 10 Januari 2018)
- ↑ World Cup profile[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 10 Januari 2018)
- 1 2 3 4 Navas[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 10 Januari 2018)