Gugon tuhon

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados

Gugon tuhon utawi wonten ing madyaning masyarakat Jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon punika kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin.

Gugon tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi perkawis ingkang boten tinemu wonten ing nalar. Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang menawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika[1].

Asaling tembung gugon tuhon[sunting | besut sumber]

Gugon asale saking tembung gugu. Menawi tuhon saking tembung tuhu

Jinising Gugon Tuhon[sunting | besut sumber]

  1. Gugon Tuhon ingkang salugu Inggih punika lare utawi tiyang ingakng dados mangsanipun Bathara kala miturut dongeng inggi punika bocah sukreta. Miturut kapitadosan lare punika saged waluya lan lestari bilih dipunruwat kanthi dipuntanggapaken wayang kanthi lakon Amurwa Kala.

Ingkang kalebet bocah sukreta inggih punika:

  1. Gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika ingkang kalebet pitutur ingkag boten kalairaken kanthi melok. Langkung kathah ngginakaken tembung "boten ilok" ingkang sejatinipun ngemu teges boten becik [1].

ingkang kalebet gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika:

  • Ampun ngidoni sumur mundhak suwing tutukipun.
  • Menawi wewehan dipunjaluk malih gulunipun gondhoken.
  • Boten pareng lenggah wonten bantal mundhak wudunen [2].
  • Boten pareng dhahar wonten peturon mundhak gudhigen [2].
  1. Gugon tuhon ingkang kalebet wewaler inggih punika wewaler saking leluhur utawi tiyang ingkang dados cikal bankal wonten panggenan punika. Amargi leluhur wau sampun nate nemu cilaka amargi nindhakaken sawijining bab, lajeng migunakaken wewaler dhumateng anak putunipun supados boten tumut nindhakaken.[1]

Tuladha :

  • Tiyang wonten ing Banyumas boten angsal kesah wonten ing dina Setu Paing. Miturut cariyosipun : Sang Adipati ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing dinten Setu paing. Sang Adipati banjur paring pangandikan maran putra wayah saha para kawulanipun.

Cathetan suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ a b c Hartuti, Sri. C. Pustaka Ajining Sastra. ISBN 979-3280-22-9. CV.Radhita Buana. Yogyakarta. (2004:9-10)
  2. ^ a b gugon tuhon, Sastra Jawa - Gugun Tuhon.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gugon_tuhon&oldid=1014272"