Gracia Indri
| Gracia Indri | |
|---|---|
![]() | |
| Lair | Gracia Indria Sulistyaningtum 14 Januari 1990 Pasuruan, Jawa Timur, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis, Pelawak, Presenter, Penyanyi |
Gracia Indria Sari Sulistyaningrum utawa kang kondhang kanthi jeneng Gracia Indri (lair ing Pasuruan, 14 Januari 1990; umur 36 taun).[1] Gracia Indri iku salah sijiné juru main sinétron kang asalé saka Indonesia.[1]
Karir
[besut | besut sumber]Gracia Indri miwiti karir ing donyaning seni peran wiwit umuré 10 taun.[1] Nalika iku Gracia Indri wiwit main ing sinétron kang judhulé Panji Manusia Millennium.[1] Ing sinétron iki, Gracia Indri dadi juru main antagonis kang jenengé Jessica ing sinétron Bidadari 2 & 3.[1] Gracia Indri wis dadi bintang ing akèh sinétron lan ing akèh peran, Gracia Indri kerep éntuk peran antagonis utawa tokoh kang duwé watek kang élek.[1] Saliyané Gracia Indri, adhiké kang jenengé Gisela Cindy uga mèlu main ing sinétron.[1] Gracia Indri main ing sinétron kang judhulé Aku Bukan Cantik bareng karo Malih, Bolot, Mpok Nori, Omaswati kang diprodhuksi FrameRitz lan digiyaraké ing Trans TV nalika taun 2007.[1]
Gracia Indri tau pacaran karo wong lanang kang jenengé Sammuel Z Heckenbucker.[1] Sanajan wis putus mantan pacar Samuel Zylgwyn iki isih nduwéni gayutan kang apik lan ora memungsuhan.[2] Sawisé bapaké kang jenengé Edo Sulistiarto (alm) séda, Gracia Indri banjur dadi balung punggung kluwargané.[1] Mulané Gracia Indri kerep syuting stripping, contoné nalika main ing sinétron Melati untuk Marvel. Gracia Indri iku anak pambarep saka sadulur kang cacahé loro.[1] Gracia Indri manggon karo ibuné lan adhiné wadon.[1] Ibuné Gracia Indri duwé jeneng Nevos Setyaningrum.[1]
Filmografi
[besut | besut sumber]Film kang dibintangi Gracia Indri.[1]
- Malam Jumat Kliwon (2007)
- Coblos Cinta (2008)
- Pasangan Romantis (2010)
Sinetron
[besut | besut sumber]Sinetron kang dibintangi Gracia Indri.[1]
- Tuyul Dan Mbak Yul
- Panji Manusia Millennium
- Bidadari 2
- Bunga Diujung Matahari
- Bidadari 3
- Jinny Lagi Jinny Lagi
- Untung Ada Jinny
- Jalan Jaksa
- Senyuman Ananda
- Turun Ranjang
- Penjaga Hati
- Peri Sok Gaul
- JanjiMu Seperti Fajar
- Kakak Iparku 17 Tahun
- Cinta Semanis Coklat
- Bembi
- Cinta Fitri
- Legenda
- Romantika Remaja
- Cinta Maia
- Melati untuk Marvel
- Indahnya KaruniaMu
- Cinta Ramadhan Dan Ramona
- Cinta Slamet Yonata
- Kesetiaan Cinta [butuh sitiran]
- Rama dan Ramona
- Dia Anakku sebagai Vina
FTV
[besut | besut sumber]FTV kang dibintangi Gracia Indri.[1]
- Juminten Goes To Paris
- Finding Nino
- Buat Gue Jatuh Cinta (bersama Samuel Zylgwyn)
Iklan
[besut | besut sumber]Iklan kang dibintangi Gracia Indri.[1]
- Yupi
- C & A
- Kacang Garuda
- Mikorex
- Caladine
- California Fried Chicken
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
