Menyang kontèn

Gréja Blendhuk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gréja blenduk (saka sisih tengen).
Gereja Blenduk miangka salah siji cagar budaya ing Semarang

Gréja Blendhuk iku salah sijiné gréja kang duwé gaya arsitèk yasan neo-klasik. Gréja iki kalebu tetengeré Kota Lama Semarang lan salah siji cagar budaya kang dilestarekaké. Lokasi gréja iki ana ing dalan Suari kang mbiyén karan dalan Basa Walanda: Kerk Straat (dalan gréja). Gréja iki kalebu Gréja Kristen tuwa dhéwé ing Jawa Tengah kang dibangun déning masarakat Walanda kang manggon ing Semarang ing taun 1753, kanthi wangun hèksagonal (pesagi wolu).

Sajarah

[besut | besut sumber]

Gréja Blenduk sajatiné duwé jeneng Gréja Protestan Indonesia Barat (GPIB) Immanuel, kang dumunung ing dalan Letjen Suprapto No.32, Tj. Mas, Kec. Semarang Utara, Kota Semarang, Jawa Tengah. Gréja iki duweni ciri-ciri kubah gedhé, dilapisi prunggu, lan ing sajeroné ana sawijining orgel Barok. Arsitèktur ing bagean jero gedhong digawé adhedhasar wujud salib Yunani. Jeneng Blendhuk iku jejuluk kang diwènèhaké dening masarakat ing kita tengené gréja amarga wangunan kubah ing gedhong iki mblendhuk. Gréja iki nganti saiki isih digunakaké ngibadah saben dina Minggu. Ing saubengé gréja iki uga ana sawatara yasan liya saka jaman kolonial Walanda.

Sanajan gréja iki dinggo panggonan ngibadah wong-wong Kristen, wong-wong Katulik uga nggunakaké gedhong iki dinggo ngibadah nganti gréja Katulik kapisan, Gréja Santo Yusuf utawa Gréja Santo Yosef ing Gedangan dibangun.

Arsitèktur

[besut | besut sumber]

Gedhong gréja iki wiwitané duweni modhèl joglo lan bagean wuwungan melu modhèl arsitèktur Jawa. Gedhong iki diowahi taun 1787, sawisé iku diowahi manèh banjur diresmekaké ing taun 1794. Sawisé ngalami karusakan ping bola-bali amarga kesamber bledhèk lan kebakaran ing taun 1894-1895, gréja iki diambrukaké lan dibangun manèh dening arsitèk BOW, yaiku W. Westmaas lan H. P. A. de Wilde ing tahun 1894.[1] Sajroning pambangunan iki ana kubah lan menara cacah loro kang ditambahaké. Wuwungane gedhong uga diowahi dadi modhèl kubah setengah bal. Owah-owahaning wangunan gedhong iki katulis ing prasasti kang ana ing adeg-adeg gréja.[2]

Gréja Blendhuk taun 1940 saka sisih kiwa (Kolèksi Troopenmuseum).

Ing wiwitan taun 2000-an renovasi liyané uga dibacutaké. Ing taun 2004, gréja iki duweni 200 kulawarga lan nganakaké kebaktian rutin saben Minggu. Kajaba dadi panggonan ngibadah wong-wong Kristen, gréja iki uga dadi panggonan wisata kang nyengsemaké. Ing taun 2003, gréja iki ngancik umur 250 taun.[3]

Pandhita

[besut | besut sumber]

Para pandhita sing wis tau leladi ing gréja iki wiwit gréja iki dibangun tekan seprene ana luwih saka 90 uwong. Ing ngisor iki nama-nama para pandhita Gréja Blendhuk:

Mimbar Gréja Blenduk ing masa advèn kaping telu (14 Dhésèmber 2025)
  1. Johannes Wilhelmus Swemmelaar (1753 – 1760)
  2. David Daniel van Vianen (1760 – 1762)
  3. Simon Gideon (1762 – 1766)
  4. Cornelius Coetzier (1766 – 1772)
  5. Jonas van Pietersom Ramring (1767 – 1770)
  6. Johannes Lipsius (1772 – 1776)
  7. HermanusWachter (1777)
  8. Fredericus Montanus (1778 – 1814)
  9. Gottlob Bruckner (1814 – 1816)
  10. Dr. Diederik Lenting (1816 – 1817)
  11. Gerardus van den Bijllaard (1819)
  12. Dr. Diederik Lenting (1819 – 1820)
  13. Gerardus van den Bijllaard (1820 – 1821)
  14. Dominicus Anne Manstra (1821-27 RIP)
  15. Pieter van Laren (1828 – 1836)
  16. Cornelis Pieter Lammers van Toorenburg (1836 – 1840)
  17. Johannes Hendrik van Rossum (1840 – 1843)
  18. Frederik Ulrich van Hengel (1843)
  19. Hendrik Herman Schiff (1844 – 1847)
  20. Jan Jurrien Scheuer (1847 – 1851)
  21. Frederik Corneille van der Maar van Kulleler (1851 – 1864)
  22. Frederik Ulrich van Hengel (1860 – 1871)
  23. Pieter Leonard de Gaay Fortman (1864 – 1866)
  24. Joseph Karel Kam (1866 – 1869)
  25. Albert van Davelaar (1869 – 1873)
  26. Barend Johannes Ovink (1871 – 1872)
  27. Frederic Johan Jacobus Prins (1872 – 1875)
  28. Caspar Adam Laurens van Trootensburg de Bruijn (1873)
  29. Hendrik Sanders Balsem (1873 – 1874)
  30. Haijte van Ameijdem van Duijm (1874 – 1885)
  31. Barend Johannes Ovink (1875 – 1888)
  32. Jan Faber (1885 – 1887)
  33. Ijnze Radersma (1886 – 1889)
  34. Haijte van Ameijdem van Duijm (1887 – 1890)
  35. Willem Mallinckredt (1899 – 1894)
  36. Dr.Wouterus van Lingen (1890 – 1895)
  37. Cornelis Rogge (1892 – 1894)
  38. Abraham Samuel Carpentier Alting (1895 – 1897)
  39. Willem van Griethuijsen (1895 – 1897)
  40. Dr.Wouterus van Lingen (1897)
  41. Joan Frederic Verhoeff (1897 – 98)
  42. Johan Hendrik Christiaan Israel (1898 – 1899)
  43. Johannes Cornelis Ijsbrand Bussingh de Vries (1898 – 1900)
  44. Joan Frederic Verhoeff (1899 – 1904)
  45. Dr.Aart Christian van Leeuwen (1900 – 1904 RIP)
  46. Johannes Cornelis Ijsbrand Bussingh de Vries (1904 – 1904)
  47. Johan Hendrik Christiaan Israel (1903)
  48. Jean Henri de Vries (1904 – 1907)
  49. Dr.Wouterus van Lingen (1904 – 1906)
  50. Ari Adama (1905 – 1905)
  51. Joan Frederic Verhoeff (1907 – 1908)
  52. Tonke Pilon (1908 – 1910)
  53. Evert van Loon (1909 – 1910)
  54. Richeld Willem Frans Kyftenbelt (1910 – 1911)
  55. Georg Hennemann (1910 – 1911)
  56. Johannes Mechtelinus Coops (1911 – 1912)
  57. Abraham Hagedoorn (1911 – 1919)
  58. Warner van Griethuysen (1912 – 1914)
  59. Jan Brink (1914 – 1921)
  60. Dirk Jacobus Leepel (1919 – 1920)
  61. Bernardus Johannes Audier (1920 – 22)
  62. Johannes Mechtelinus Coops (1921 – 1927)
  63. Gerrit Jan Reindert Langen (1922 – 1928)
  64. Johannes Arnoidus Rudolf Terlet (1927 – 1929)
  65. Gijsbert Cornelis Anton Adriaan van den Wijngaard (1928 – 1930)
  66. Bernardus Matthijs van Tangerloo (1930 – 1933)
  67. Hermanus Sterrenga (1930 – 1931)
  68. Johannes Matthijs Lindeijer (1931 – 1934)
  69. Karel Frederik Creutzberg (1933 – 1934)
  70. Jacques Louis Brinkerink (1934)
  71. Cornelis Bastiaan Boere (1934 – 1936)
  72. George Willem Cornelis Vunderink (1935 – 1941)
  73. Wijsbrands Gerardus Redingius (1935 – 1940)
  74. Karel Frederik Creutzberg (1936 – 1940)
  75. Johana Hermina Stegeman (1940 – 1941)
  76. Floris Egbertus van Leeuwen (1940 – 1943)
  77. Johan Carel Hamel (1941 – 1942)
  78. Eppa Smith (1945 – 1946)
  79. Casper Spoor (1946 – 1949)
  80. W.H.F. Ter Braak (1947 – 1949)
  81. Eppa Smith (1949 – 1954)
  82. de Haart (1954 – 1960)
  83. Richard Palii (1954 – 1960)
  84. Willem Bernard Warouw (1960 – 1963)
  85. Augustinus Roberth Molle (1963 – 1967)
  86. Jan Frederick Hattu (1967 – 1978)
  87. Rein Robert Daada (1978 – 1984)
  88. Yopie Hukom, S.Th. (1984 – 1988)
  89. Theofilus Natumnea, S.Th. (1988 – 1992)
  90. Rudolf Andreas Tendean, S.Th. (1992 – 1995)
  91. Markus Kurami Tumakaka, S.Th. (1995 – 1998)
  92. Meyer Meindert Pontoh, S.Th. (1998 – 2004)
  93. Dra. Ny. Martha Nanlohy-Latupeirissa, M.Psi (2004 - 2009)
  94. Robert Williem Maarthin S.Th, M.Ag. (2009 - 2012)
  95. Parlindungan Lumban Gaol, S.Th. (2012 - 2015)
  96. Ny. Helen G.F. Luhulima-Hukom, M.Th (2015 - 2019)
  97. Yorinawa Salawangi, S.Th (2019 - 2023)
  98. Maxsarles Kapoh, S.Th (2023 - sekarang)

Dhaptar ini bisa ditemokake ing inskripsi kang ana ing tembok gedhong gréja.[4]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. cagarbudaya.semarangkota.go.id https://cagarbudaya.semarangkota.go.id/page/halaman/122. Dibukak ing 2025-12-16. {{cite web}}: Missing or empty |title= (pitulung)
  2. Media, Kompas Cyber (2021-04-04). "Sejarah Gereja Blenduk, Salah Satu Ikon Kota Lama Semarang Halaman all - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-12-16.
  3. "GPIB Immanuel Semarang". Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas (ing basa Indonesia). 2025-08-05.
  4. "GPIB Immanuel Semarang". Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas (ing basa Indonesia). 2025-08-05.