Gezer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Platform di Gezer

Gezer (Cithakan:Lang-he-n) inggih punika asma sebuah kutha Kanaan kuno, ingkang kapéngkér ugi punika sebuah karajan, ingkang dipunsébat ing Alkitab Ibrani utawi Perjanjian Lama ing Alkitab Kristen. Tel Gezer (ugi dipunsébat Abu Shusha utawi Tell el-Jezer), sapunika mnéika panggénan arkelogi ingkang wigati manggèn ing tengah-tengah antawis kutha Yerusalem lan Tel Aviv lan dados salah satunggaling taman budaya nasional ing Israèl. Ing Alkitab, kutha Gezer mliginipun gégayutan kaliyan Yosua bin Nun lan raja Salomo. Ing sajarah Mesir kuno, kutha punika dipunsébat-sébat ing kumpulan Surat Amarna.[1] Penemuan-penemuan ingkang gégayutan kaliyan Alkitab antawisipun inggih punika:

  • walu monumen batu raksasa;
  • gua beruang ganda ing ngandap panggènan pemujaan, ingkang manawi dipuinginaaken ing panggènan ngibadah;
  • 13 batu-batu batas bertulisan asma "Gezer", dadosaken panggènan ingkang kawiwitan saged dipunidentikaken kaliyan catatan Alkitab;
  • gerbang beruang 6 sami kaliyan ingkang dipuntemukaken ing Hazor lan Megido, sedayanipun dipunyakini punika tilas Salomo.
  • sistem pengairan ageng ingkang kapérang saking terowongan ingkang mandap ing sumber toya, sami kaliyan ingkang kapanggih ing Yerusalem.

Lokasi[besut | besut sumber]

Gezer manggèn ing kaki pengunungan Yudea (dulu: pagunungan Efraim) ing wates lor Sefela (Shephelah utawi Shfela), kinten-kinten 30 km sisih kidul Yerusalem. Punika panggènan strategis ingkang wigati amargi manggèn ing persimpangan jalan raya internasional Via Maris ("Jalan Laut" utawi "Way of the Sea") ingkang nyusuri pasisir Laut Tengah kaliyan jalan ing Yerusalem lan Yerikho nglampahi lembah Ayalon. Kalihipun punika jalur dagang utama. Verifikasi identitas kaliyan panggènan ingnsebat ing Alkitab punika pikoleh saki basa Ibrani ingkang dpuniukir ing watu-watu pinten-pinten atus mèter saking pusat kutha. Seratan punika saking abad kaping 1 SM punika berbunyi "batas kutha Gezer."

Sajarah[besut | besut sumber]

Zaman Perunggu[besut | besut sumber]

Penghuni wiwit ing Gezer ing pungkasan milenia kaping 4 SM manggèn ing gua-gua ingkang dikpuneruk ing watu karang. Ing wiwitan Zaman Perunggu, panggènan punika ingkang boten berbenteng njangkepi laladan punika, ingkang dipunhancuraken ing pertengahan milenia ke-3 SM lan dipuntinggal ngantos atusan taun. Ing pertengahan Zaman Perunggu (pertengahan pertama milenia ke-2 SM), Gezer dados kutha ageng berbenteng. Dipunkelilingi kaliyantembok-tembok perlindungan ageng lan menara-menara, sarta dipunlindungi gundukan tanah liat ingkang dipuntutupi plaster setinggi 5 mèter. Gerbang kutha saking kayu, dekat suduh barat daya tembok, dipunperkuat kaliyan kalih menara.[2] Penemuan panggènan ngibadah ing ngriku arupi deretan 10 monumen watu raksasa, berjajar ing garis utara-selatan, ingkang inggil gadhah ukuran 3 mèter, kaliyan struktur altar ing tengah, lan kubangan watu ageng wujud bujur sangkar ing tengah-tengah. Kegunaanipun taksih dipunperdebataken, ananging dipunduga punika panggènan ngibadah Kanaan saking Zaman Perunggu Tengah, sawatawis taun 1600 SM.[3] Kota Kanaan punika dipunhancuraken déning api, manawi ing wanci punika penyerangan firaun Mesir Thutmose III. Sedasa saking surat-surat Amarna saking abad kaping 14 SM dipunkintun denig raja-raja (pemimpin-pemimpin) Gezer ingkang gadhah sumpah setia dateng Pirngon Mesir.[2] Ing pungjasan Zaman Perunggu (pertengahan kalihipun milenia ke-2 SM) sebuah tembok pertahanan énggal, setebal 4 mèter, dipunyasa. Ing abad kaping 14 SM, sebuah pura dipunyasa ing dataran tinggi sisih barat pusat kutha. Ing pungkasan Zaman Perunggu punika, Gezer bertambah lemah lan pendudukipun menipis jumlahipun. Gezer ugi dipunsebat-sebat ing Prasasti Merneptah ingkang dipundamel ing pungkasan abad kaping 13 SM. Kota-karajan Gezer (dipunsebat Gazru ing catatan Babilonia; boten sami kaliyan kutha modern Gaza ingkang dipunsebat Hazzatu) dipunperintahaken déning 4 pemimpin ngantos periode 20 taun miturut surat-surat Amarna sawatawis taun 1350 SM.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Ndelengen Uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Koordhinat: 31°51′32″N 34°55′08″E / 31.859°N 34.919°E / 31.859; 34.919