Gerard Piqué
|
| |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Gerard Piqué Bernabéu[1] | ||
| Tanggal lair | 2 Fèbruari 1987 | ||
| Papan lair | Barcelona, Spain | ||
| Dhuwur | 1.94 m (6 ft 4 in)[2] | ||
| Posisi main | Centre-back | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Barcelona | ||
| Angka | 3 | ||
| Karir nom | |||
| 1997–2004 | Barcelona | ||
| 2004–2005 | Manchester United | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2004–2008 | Manchester United | 12 | (0) |
| 2006–2007 | → Zaragoza (loan) | 22 | (2) |
| 2008–2022 | Barcelona | 259 | (22) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2002–2003 | Spain U16 | 7 | (2) |
| 2004 | Spain U17 | 8 | (3) |
| 2006 | Spain U19 | 8 | (3) |
| 2007 | Spain U20 | 5 | (1) |
| 2006–2008 | Spain U21 | 12 | (1) |
| 2009–2018 | Spain | 94 | (5) |
| 2004–2019 | Catalonia | 9 | (0) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23:22, 24 December 2017 (UTC). | |||
Gerard Piqué Bernabeu (lair 2 Fèbruari 1987; umur 39 taun) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Spanyol, ingkang samenika main ing klub FC Barcelona lan Timnas Spanyol, lan gadhah posisi minangka bék.[3] Pique kalebet prodhuk akadhemi bal Barcelona ingkang anami Barca Centera.[3] Sasampunipun sekawan mangsa ing Inggris sareng klub Manchester United, Pique wangsul dhateng Barcelona lan langsung dados juru main inti ing tim punika wekdal mangsa 2008-2009.[3]
Sanajan miwiti karir ing akadhemi bal Barcelona, Pique napakasmani kontrak profésional kapisan minangka juru main bal sareng klub Manchester United wekdal taun 2004.[4] Pique nindakaken debut sareng Manchester United ing wulan Oktober 2004 nggantosaken John O'Shea wekdal MU menang 3-0 mengsah Crewe Alexandra ing Piala Liga Utama Inggris.[4] Amargi dipunanggep kirang siap main ing tim utami MU, Sir Alex Ferguson ngampilaken Pique dhateng klub Real Zaragoza ing mangsa 2006-2007.[4] Ing Zaragoza, Pique main règulèr ing 22 pertandhingan La Liga lan nyithak 2 gol.[4]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "FIFA World Cup South Africa 2010: List of Players" (PDF). FIFA. 4 June 2010. kc. 29. Dibukak ing 7 January 2018.
- ↑ "Gerard Piqué profile". FC Barcelona. Dibukak ing 7 January 2018.
- 1 2 3 Gerard Pique(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
- 1 2 3 4 Gerard Pique Archived 2019-08-20 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)