Filosofi Bathik
Filosofi bathik yaiku filosofi arti ing kain bathik. Arti budaya bisa mbukak cakrawala yèn menungsa bisa ndèlèhké awak (grewes). supaya bisa dingertèni, kabudayan kudu diwujudké nganggo bentuk indrawi, digunakké, lan dingertèni nganggo spiritual.
Manut étimologi lan terminologiné, bathik yaiku gabungan tembung mbat lan tik. Mbat ing basa Jawa diarténi minangka ngembat utawa mbalang bola-bali, wondéné tik saka tembung titik. dadi mbathik artiné mbalang titik-titik bola-bali ing kain.
Bathik ugi saka tembung mbat yaiku cekakkan saka tembung gawé, wondéné tik yaiku titik. wonten ingkang ngarani yèn bathik saka gabungan kalih tembung basa jawa amba kang artiné nulis lan titik sing maknané titik.
Bathik ing gambaran kejawèn luwih akèh nduwéni isi gambaran spiritual kang awujud ing bentuk simbol filosofi kang rumaket kaliyan makna-makna simbol. Motif bathik ingkang kasebar ing Indonésia, diyakini nduwéni isi filosofis, miturut enggèn digawé. Kepara, ing pinten-pinten nggén wonten cara mbathik ingkang kudu didhisiki nganggé ritual tertentu, kados maos mantra utawi pasa luwih dhisik. Bathik jawa, tasih saged di bédakké malih dados bathik ingkang dipengaruhi budaya kraton, lan bathik ing njaba pengaruh kraton. Bathik Yogyakarta lan Solo, miturut kaliyan kathahipun ragam upacara adat lan agama nduwéni ora kurang saka 400-an motif.
Motif bathik pola truntum, gompol, nagasari, gringging, ceplok, mangkara, sido asih, sido mukti, semén rama, pola ntik, cakar ayam nyimbolké kasuburan kanggé tiyang ingkang nglakoni urip anyar, kathah digunakké kanggé upacara pangantèn. wondéné motif Parang Barong, amung dienggo Sultan utawa Raja lan kabèh kerabaté, di garap kelawan njlimet lan kudu ati-ati. Saben garis kang mbentuk pola iki kudu ditulis kaliyan sak tarikan nafas supaya ora pedhot, saéngga dibutuhké konseèntrasi lahir lan bathin. Motif iki ngandhut larangan kanggé diénggo wong liya, ing jawi Sultan. Amarga, bathik iki dinilai sakral banget.[1]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ wahyuningsih, Dyah (2014). sejarah Batik di Tawa Tengah. Jawa Tengah: Badan Arsip dan Perpustakan Privinsi Jawa Tengah tahun 2014. kc. k. 4.