Faisal bin 'Abd al 'Aziz Al Sa'ud

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Prince Faisal (circa 1941)

Faisal bin 'Abd al 'Aziz Al Sa'ud (1906-25 Maret 1975) (basa Arab: فيصل بن عبدالعزيز آل سعود) ya iku Raja Arab Saudi kang njabat wiwit taun 1964 nganti tekan taun 1975.[1][2] Raja Faisal lair ana ing Riyadh lan anak nomer papat saka Raja Abdul Aziz Al Saud.[1] Raja Faisal mrentah sekumpulan laskar lan sukses menangake pertempuran ing Hijaz.[1][3] Merga saka iku, dheweke dilantik dadi Gubernur Hijaz ana ing taun sakwise.[3] Sawise Arab Saudi didegake, dheweke diwenehi jabatan Menteri Luar Negeri Arab Saudi nalika taun 1932.[3] Sawise resolusi PBB ngenani pemecahan Palestina lan ngedegake Israèl, Pangeran Faisal (durung dadi raja) ndesek bapake kanggo mutusake hubungan karo Amerika Serikat, nanging desekane iku ditolak.[3] Sawise ana skandal keuangan Raja Saud, Pangeran Faisal dilantik dadi pamarentah sawetara.[3] Nalika tanggal 2 November 1964, dheweke dilantik dadi raja sawise Raja Saud diusir saka Arab Saudi menyang Yunani.[2] Raja Faisal nglakokake akeh reformasi nalika njabat dadi raja, ing antarane ya iku ngolahake bocah wadon kanggo sekolah, televisi, lan sapanunggalane.[2] Usahane iku entuk tantangan saka akeh pihak amarga perkara-perkara iki dianggep bertentangan karo Islam.[2] Dheweke banjur ngrasa kuciwa banget nalika Israèl menangake Perang Enem dina kang kadadean nalika taun 1967.[1] Nalika taun 1973, Raja Faisal miwiti sawijining program kang nduweni ancas kanggo majukake kakuwatan tentara Arab Saudi.[2] Nalika tanggal 17 Oktober 1973, dheweke ngèndegaké ekspor lenga Arab Saudi menyang nagara Amerika Serikat kang nyebabake rega lenga ana ing Amerika Serikat mundhak dhuwur banget.[2] Perkara iki dilakokake kanggo ndesek Amerika Serikat kanggo neken Israèl supaya metu saka wewengkon Palestina.[1][2]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]