Éjaan Basa Jawa
Adhedhasar Konggrès Basa Jawa III sing dianakaké ing taun 1991, wus karipta paugeran kang banjur kababar déning Balai Penelitian Basa ing Ngayogyakarta. Paugeran mau luwih kawentar kanthi sebutan "Pedoman Umum Ejaan Basa Jawa" utawa "Ejaan Basa Jawa dalam Tulisan Latin ". Paugeran mau dadi dhasar kanggo pasinaon basa Jawa ing sekolahan lan uga basa Jawa tinulis liyané.
Paugeran ngenani aksara
Sacara umum paugeran iki padha karo paugeran jroning Ejaan Basa Indonesia yang disempurnakan mung ana sawetara bagéan sing mligi tumrap basa Jawa.
Aksara latin sing kanggo nulis kaya déné ing basa Indonesia kanthi owah-owahan foném ing sawetara aksara. Ing éjaan iki ana 6 (enem) gabungan aksara sing nglambangaké konsonan, yaiku dh, kh, ng, ny, sy, lan th.
Ing paugeran iki isih madhakaké antarané aksara pepet (ě) lan taling (é/è). Ananging ing katrangané katulis yèn bisa migunakaké aksara e, é, lan è kanggo sinau lan artikel utawa tulisan sing magepokan klawan ndonya pasinaon (akadhémis), upamané kanggo bausastra (kamus), bauwarna ènsiklopédhia, buku pasinaon, makalah, buku ilmiah, lan liya-liyané.
Ing buku-buku sastra Jawa modern lan majalah basa Jawa, umumé tinulis nglegena tanpa tanda diakritik.
Aksara abjad
Aksara | Jeneng | Aksara | Jeneng | Aksara | Jeneng |
---|---|---|---|---|---|
A a | a | J j | je | S s | es |
B b | be | K k | ka | T t | te |
C c | ce | L l | el | U u | u |
D d | de | M m | em | V v | fe |
E e | e | N n | en | W w | we |
F f | ef | O o | o | X x | eks |
G g | ge | P p | pe | Y y | ye |
H h | ha | Q q | ki | Z z | zet |
I i | i | R r | er |
Aksara vokal | IPA | Ing wiwitan tembung | Ing tengah tembung | Ing pungkasan tembung |
---|---|---|---|---|
a | [a] | alon | mari | ora |
a | [ɔ] | ana | kana | sida |
e | [e] | énak | témbok | saté |
e | [ɛ] | èmbèr | sèn | - |
e | [ə] | emas | sega | - |
i | [i] | ibu | lintang | pari |
i | [ɪ] | - | sing | - |
o | [o] | omah | rodha | mengko |
o | [ɔ] | ompong | dhoyong | - |
u | [u] | udan | bumi | lucu |
u | [ʊ] | - | sabun | - |
Aksara konsonan | Ing wiwitan tembung | Ing tengah tembung | Ing pungkasan tembung |
---|---|---|---|
b | basa | aba | bab |
c | cangkem | ancas | - |
d | dara | kudu | tékad |
f | fakir | kafan | wakaf |
g | gajah | sêga | grobag |
h | hawa | tuhu | adoh |
j | jogan | pojok | - |
k | kudu | siksa | watak |
l | larang | alus | sikil |
m | mripat | ama | marem |
n | nila | ana | awan |
p | pasa | apa | urip |
q | Quran | Furqan | - |
r | rosa | piring | nalar |
s | sapa | isih | adus |
t | tapa | atos | obat |
v | vitamin | révolusi | - |
w | wani | sawah | - |
y | yuta | ayu | - |
z | zakat | mukjizat | - |
Gabungan aksara konsonan
Aksara konsonan | Ing wiwitan tembung | Ing tengah tembung | Ing pungkasan tembung |
---|---|---|---|
dh | dhadha | padha | -' |
kh | khusuk | akhir | tarikh |
ng | ngaku | angop | larang |
ny | nyata | anyar | - |
sy | syarat | masyarakat | arasy |
th | thuthuk | bathuk | - |
Pamenggalan tembung
Pamenggalan tembung dhasar
Imbuhan
Imbuhan, klebu ater-ater lan panambang sing ngalami owah-owahan wangun, jroning panyukuan tembung dipenggal minangka kesatuan, kajaba ater-ater nasal lan panambang -an sing asimilasi karo vokal tembung dhasaré. Tuladha:
- gu-me-lar
- ti-nan-dur
- tu-kon
- nu-lis
Aksara kapital, aksara miring lan aksara cithak kandel
Aksara kapital
- Aksara kapital (aksara gedhé) dianggo minangka aksara pisanan ing wiwitan ukara.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing petikan langsung
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing ungkapan sing magepokan karo jeneng Tuhan
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng gelar kaurmatan, katurunan lan kagamaan sing dibanjuraké jeneng wong. Tuladha: Pangeran Puger; Mangkenagara VII; Kyai Maja.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ingunsur jeneng jabatan lan pangkat sing dibanjuraké jeneng wong utawa sing dianggo minangka sesulih jeneng wong tinamtu, jeneng instansi utawa jeneng panggonan. Tuladha: Patih Suwanda; Walikutha Kuthamadya Yogyakarta; Bupati Semarang. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan jeneng jabatan lan pangkat sing ora dibanjuraké jeneng wong, instansi utawa panggonan. Tuladha: Sapa sing dadi patih?; Dadi bupati iku ora gampang.
- Aksara kapiltal dianggo minangka aksara pisanan ing unsur jeneng wong. Tuladha: Martaatmaja; Sudatya Cakra Siswara.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng bangsa, suku lan basa. Tuladha: bangsa Walanda; suku Asmat; basa Jawa. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng bangsa, suku lan basa sing dianggo minangka wangun dhasar tembung turunan. Tuladha: dijawakaké, kumlanda-landa.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng taun, sasi, dina, wuku, dina riyaya lan prastawa sajarah. Tuladha: taun Alip, ; sasi Sura; dina Selasa; riyaya Paskah; wuku Sungsang; perang Bubad.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng géografi. Tuladha: Asia Kidul; Gunung Semeru; Kali Brantas. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan jeneng géografi sing dianggo minangka jeneng jinis. Tuladha: gula jawa; jambu bangkok; saté madura.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh unsur jeneng nagara, lembaga pamaréntah, katatanagaraan sarta jeneng dhokumèn resmikajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Balai Panelitèn Basa ing Yogyakarta; Undhang-Undhang Dhasar 1945. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan tembung sing dudu jeneng resmi nagara, lembaga, pamarentah, ketatanagaraan, badan sarta jeneng dhokumen resmi. Tuladha: Bangsa Indonesia wis duwé undhang-undang dhasar; Iran wis dadi nagara republik.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan saben unsur wangun ulang sampurna sing ana ing jeneng badan, lembaga pamaréntah, ketatanagaraan, sarta dhokumèn resmi. Tuladha: Perserikatan Bangsa-Bangsa; Undhang-Undhang Dhasar 1945.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh tembung (klebu unsur tembung ulang sampurna) ing sajroning jeneng buku, kalawarti, koran, lan judhul karangan kajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Kidung Wengi ing Gunung Gamping; Mekar Sari; Kedhaulatan Rakyat; Tunggak-Tunggak Jati.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan unsur cekakan jeneng gelar, pangkat lan sapan. Tuladha: Prof.; Letkol.; Ny.;Tn.; R.M.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan tembung penunjuk hubungan kakrabatan kaya bapak, ibu, kakang, paman sing dianggo nyapa. Tuladha: “Mangga, Bu, pinarak ing ngajeng.”; Lho, Paman, sampun rawuh. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan tembung panunjuk hubungan kakrabatan sing ora dianggo sapan. Tuladha: Anak kudu tansah bekti marang bapak lan ibuné.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan jeneng gelar utawa jabatan sing didhisiki déning tembung ganti utawa sapan. Tuladha: Bapak Lurah; Ibu Camat.
- Aksara kapital dianggo jroning cekakan sing dumadi saka aksara-aksara wiwitan tembung jeneng badan, lembaga papréntahan, ketatanagaraan, lembaga nasional lan internasional, sarta jeneng dhokumèn resmi. Tuladha: SMA; MPR; PBB; UUD 1945.
- Aksara kapital dianggo minangka aksara pisnan akronim jeneng badan, lembaga papréntahan, ketatanagaraan, sarta prastawa wigati sing magepokan karo pamaréntah lan ketatanagaraan. Tuladha: Pangestu (Paguyuban Ngesti Tunggal); Pemilu (pemilihan umum).
Aksara miring
Aksara miring dianggo:
- nulisaké jeneng buku, majalah, lan koran sing dikutip jroning karangan;
- kanggo negasaké aksara, bagéan tembung, tembung utawa klompok tembung;
- nulisaké istilah èlmiahè utawa ungkapan asing kajaba sing wis disesuaikaké éjaané.
Aksara kandel
Aksara kandel dianggo:
- nulisaké judhul utawa irah-irahan buku utawa karangan
- nulisaké judhul bab jroning buku utawa karangan.
Panulisan tembung
Tembung dhasar
Tembung sing arupa tembung dhasar ditulis minangka siji kesatuan. Tuladha: Aku tuku klambi; Buku iku isih anyar; Sapa sing duwé klambi iki?
Tembung turunan
- Imbuhan ditulis sarangkai karo wangun dhasaré. Tuladha:digawa; suwèken; tinulis; digolèkaké; kalurahan.
- Yèn wangun dhasar sibg arupa gabungan tembung mung diwènèhi ater-ater waé utawa mung diwènèhi panambang waé, gabungan tembung ditulis kapisah. Tuladha: solah bawané; mbangun turut.
- Yèn wangun dhasar sibg arupa gabungan tembung diwènèhi ater-ater lan panambang sekaligus, unsur gabungan iku ditulis serangkai. Tuladha: mbandakalani; ditapakastani.
- Yèn siji wilangan sing dumadi saka rong suku tembung gabungv karo tembung wilangan sing dumadi saka rong suku tembung, satuan wilangan mau ditulis kapisah karo tembung wilangané. Tuladha: telu likur; patang puluh; sangang atus.
- Gabungan satuan wilangan lan tembung wilangan sing salah siji utawa kaloroné dumadi saka siji tembung ditulis serangkai. Tuladha: rolas; telulas;patlikur; rongèwu.
Tembung ulang
Tembung ulang penuh ditulis sacara pepak kanthi migunakaké tandha hubung. Tuladha: lumaku-lumaku; ngguya-ngguyu; jaga-jinaga; sawayah-wayah.
Tembung majemuk
- Unsur tembung majemuk ditulis kapisah. Tuladha: nyambut gawé; gotong royong; kembang gula.
- Unsur tembung majemuk sing wis padhu ditulis serangkai. Tuladha: éwadéné; bokmanawa; ubarampé, kayata.
Angka lan lambang wilangan
Tandha wacanTandha titik ( . )Tandha koma ( , )Tandha titik koma ( ; )
Tandha titik loro ( : )
Tandha hubung ( - )Tandha pisah ( -- )Tandha ellipsis ( ... )
Tandha pakon (!)Tandha pakon (basa Indonésia: Tanda seru) dianggo sawisé ungkapan sing nyatakaké seruan utawa pakon (printah), kasériusan, rasa ora percaya lan émosi sing kuwat. Tuladha:
Tandha pitakon (?)
Tandha kurung ( ( ... ) )
Tandha kurung siku ( [ ... ] )Tandha kurung siku dianggo ngapit katrangan jroning ukara sing njelasaké sing wis mawa tandha kurung. Tuladha: (Bab punika sampun kasaruwé sawatawis ing ngajeng [kaca 27]) Tandha petik rangkep ( " ... " )Tandha petik tunggal ( ' ... ' )
Tandha garis miring ( / )
Panutan lan serapanPaugeran sing kanggo cekelan yaiku seka "Ejaan Basa Indonesia yang Disempurnakan", utamané ana ing tembung-tembung serapan seka basa manca. Dadi, bisa diarani yèn prakara serapan basa Manca bisa manut marang basa Indonesia. Ing basa Jawa, serapan tembung akèh padhané karo Basa Indonesia. Seka tarafé, unsur serapan iku bisa dipérang dadi loro, yaiku:
Conto tembung serapan kaya déné ing basa Indonesia:
Saliyané iku, cara menggal tembung, aksara murda (huruf kapital), aksara miring, aksara kandel, lan tandha wacan (tanda baca) uga katulis kaya déné ing basa Indonesia. Seka kongres mau uga banjur kawetu yèn paugeran iki ngrujuk marang dhialek sing wis mapan ing Matraman (Yogyakarta lan Surakarta). Prakara kaya mangkono mau wis lumrah kaya déné nalika Basa Indonesia kudu milih salah sijining dhialèk sing sumrambah ing nalika semana. Aksara JawaKejaba prakara tembung-tembung serapan, sing wigati seka paugeran iki yaiku tulisan Latin sing adhedhasar tulisan ing aksara Jawa. Paugeran kanggo salin aksara iki bisa dipirsani ana ing ngisor iki: Ananging, panyalinan iku ora banjur persis kaya kang tinulis. Ana sawetara paugeran liyané sing dadi pathokan. Aksara latin sing kanggo nulis kaya déné ing basa Indonesia kanthi owah-owahan foném ing sawetara aksara. Ing éjaan iki ana 6 (enem) gabungan aksara sing nglambangaké konsonan, yaiku dh, kh, ng, ny, sy, lan th. Ing paugeran iki isih madhaaké antarané aksara pepet (ě) lan taling (é/è). Ananging ing katrangané katulis yèn bisa migunaaké aksara e, é, lan è kanggo sinau lan artikel utawa tulisan sing magepokan klawan ndonya pasinaon (akadhémis), upamané kanggo bausastra (kamus), bauwarna ènsiklopédhia, buku pasinaon, makalah, buku ilmiah, lan liya-liyané. Ing buku-buku sastra Jawa modern lan majalah basa Jawa, umumé tinulis nglegena tanpa tanda diakritik. Delengen Uga |