Craig Alan Chesner

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Craig Alan Chesner (lair Juni 1958) ya iku peneliti wasis saka Amérika Sarèkat kang dadi peneliti ing Tlaga Toba Sumatera Lor. Dhèwéké nduwé aran Bapak ahli Kaldera Tlaga Toba.[1] Suwénè wis 30 taun dhèwéké neliti babagan Kaldera ing Tlaga Toba. Chesner dadi master lan doktor ing bidang géologi saka Universitas Teknologi Michigan. Dhèwéké saiki dadi Profesor géologi ana ing Departemen Géologi/Géografi, Universitas Eastern Illionis nganti saiki. Chesner dadi peneliti senior ing Department of Geology & Geography, Eastern Illinois University lan dadi pamicara ing adicara International Workshop on Collapse Caldera (IWCC) 2018 ing Toba Cottages, Tuk-Tuk, Pulo Samosir, Sumatera Lor, September pungkasan taun 2018.

Latar Wuri dadi Paneliti Kaldera Toba[besut | besut sumber]

Chesner wiwit teka ing Tlaga Toba kang sepisan nalika taun 1987 amarga dikongkon dening dosèn pambimbingé kanggo naliti babagan Kaldera ing Tlaga Toba. Ing kana dhèwèké nginep ing Pulo Samosir. Chesner ngandharaké yén Kaldera ing Toba duwéni tilas bledhosan kang gedhé. Kawah iku duwé diamèter kurang luwih 2.000 mèter utawa 2 kilomèter ya kuwi Kaldera. Kaldera paling gedhé ing Tlaga Toba sing ditemokaké ya iku duwé ukuran 100 kilomèter x 30 kilomèter. Toba mbledhos kaping 3 lan pungkasan dicathet  74.000 taun kapungkur.

Titikan Kalderané arang ing bumi, ya iku asalé saka Bledhosan jero Tlaga kang kaangkat amarga ana pawon magma kang gedhe ing jeroné. Pulo Samosir uga isih aktip kaangkat 1 milimèter saben taun. Kanggo nggenepi panalitèn, dhèwèké uga nggawa watu-watu saka Kaldera mau menyang papan anggegana nganti laboratorium nang Amérika Sarèkat.

Panemuan Bathymetric[besut | besut sumber]

Salah sawijining peneliten Chesner ya iku babagan bathymetric utawa karejoan lan pemetaan jero banyu kaya déné banyu segara. Chesner ngandharaké yén kajeroan Tlaga Toba iku ora rata ananging manéka warna ya iku antawis 50 mètér nganti 500 mètér. [2] Panéliten bathymetric iku dilakokaké dening Chesner nganggo metode panjupukan sata, kajeroan banyu nanggo single-beam sonar. Metode iki nganggo proses pandektesi parambatan swara (frekuensi) ing jero kapal penarik. Sabanjuré pencathetan rambatan swara iki ngasilaké denah-denah kajeroan banyu kang akurat.

Chesner dikancani pirang-pirang wasis nalika panaliten nemokaké 60 ceceg kang dadi 30 garis pangubung Pulo Samosir karo Pulo Sumatera kang ngubengi Tlaga Toba. Menawa direntangaké, Chesner luwih saka rong minggu ngubengi 600 kilomèter kanggu entuk ceceg kaya zig-zag. Asil panaliten mau dibabaraké dening Jurnal Ilmiah Quaternary International, Elsevier Ltd and INQUA kanthi irah-irahan  ”The Toba Caldera Complex” (2011). Panaliten Chesner iki dadi rujukan nalika ana penylametan kacilakan prau kerem KM Sinar Bangun, ing sasi Juli 2018 ana Tlaga Toba. Prastawa iku dimangerténi yén kapal iku kerem ing jéro Tlaga Toba kanthi jero 500 mètér.[3]

Asil Panalitèn[besut | besut sumber]

Sakswise bledhosan, Chesner ngandharaké menawa Pulo Samosir kang dawané 45 km lan amba 19 km wiwitanè mapan ing ngisor tlaga. Sansaya suwé keangkat munggah amarga anane seselan magma saka njero weteng bumi ing sangisoré tlaga. Pangangkatan iku kadadeyan sakwisé bledhosan. Chesner nemokaké watu-watuan Samosir kang umuré 74.000 taun. Bukti liyane ya iku ditemokaké fosil  ganggang ing Pulo Samosir. Ana ing Tlaga Sidihoni, Tlaga ing jero Tlaga kang dhuwuré 1314 mèter ing dhuwur banyu segara. Sabanjuré iku, ing dhaérah Simbolon ing Pulo Samosir, ditemokaké fosil godhong-godhongan kang kacithak ing antawis lapis fosil ganggang.

Craig alan chesner nemokake menawa Tlaga Tonba kabentuk saka sakurang-kurangé 4 fase bledhosan ya iku :

1.      1,2 yuta taun kapungkur : bledhosan kadadeyan ing dhaerah Haranggol kang mbentuk kalderara Haranggaol.

2.      840.000 taun kapungkur : bledhosan kadadeyan ing dhaerah wetan Tlaga Toba, ing Prapat lan Porsea.

3.      501.000 taun kapungkur : bledhosan ing Kaldera lor ing Silalahi lan Haranggol

4.      74.000 taun kapungkur : kadadeyan bledhosan kang mbentuk Tlaga Toba kaya saiki.[4]

Ana ing bledhosan kang pungkasan ana 74.000 taun kepungkur, miturut Chesner :

1.      Kadadeyan metuné wedhus gembel kang nutupi dhaerah ambané 20.000 km kothak, kang ngubur lemah ing Sumatera saka Segara Hindia ing kulon nganti Selat Malaka ing wétan

2.      Kandel wedhus gembel kurang luwih 100 mèter ana sawetara panggonan nganti 400 mèter

3.      Awu kang nutupi papan 4 yuta kilomèter kothak lan ninggalaké tilas awu vulkanik ing India, amèh kabeh Segara Hindia, Laut Arab nganti Laut China Kidul.


Chesner ngandharaké menawa ana bledhosan pungkasan iki :

1.      Gunggungé 5.000 yuta ton partikel asam belérang  menyang atmosfér

2.      Partikel gas iki ngalang-alangi sorot srengéngé nganti 90% nampik dumadiné banyu kang ngabar ing atmosfér.

3.      Ora udan, mangsa ketiga mataun-taun, garing ananging adhem.

4.      Peteng kabeh lan hawa adhem dumadakan iki marang Zielinsky lan Rampino digambaraké minangka bebendu ing wayah kuwi.

5.      Wit-witan mati among suket sing bias urip.

6.      Fase paling adhem ing zaman pleistosen pungkasan.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sulityowati, Ayu (2018-11-1). "Craig Alan Chesner, Bapak Ahli Kaldera Toba". Kompas.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  2. Diela, Tabita (2018-07-02). "Indonesia Calls Off Operation to Retrive Lake Toba Ferry Victims". Jakarta Globe. Dijupuk 2019-05-10. 
  3. Tumanggor, Abdi (2018-07-06). "Penjelasan Craig Alan Chesner dari Eastern Illinois University soal Korban KM Sinar Bangun di Danau Toba". Tribun Medan. Dijupuk 2019-05-06. 
  4. Koten, Thomas (2017-10-12). "Bukti Ilmiah Danau Toba Berasal dari Letusan Gunung Toba". Netralnews.com. Dijupuk 2019-05-11.