Colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya
Colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya iku kasus colong-jupuk puluhan barang cagar budaya ing Musiyum Sanabudaya, Ngayogyakarta nalika 11 Agustus 2010. Kolèksi kang ilang cacah 87 iji (banjur ingambalan anggoné ngétung dadi 75 iji), racaké wujud tinggalaning Mataram Kuna lan Majapait kang bahané saka emas, sarta sawatara kolèksi kang bahan prunggu lan pérak. Salah siji barang kang kacolong iku Topèng Emas Nayan, mahakarya topèng emas wutuh siji-sijiné kang diduwèni musiyum ing Indonésia.[1][2] Kasus colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya ora rampung sapréné lan barang-barang kang cinolong dinuga wis kaadol ing pasar peteng internasiyonal.[3][4] Lelakon iki kaaran colong-jupuk kolèksi musiyum kang gedhé dhéwé ing sauruting sajarah Indonésia.[5]
Manut UU No. 11 Taun 2010 bab Cagar Budaya, yèn siji barang cagar budaya ilang lan ing sajroné enem taun durung tinemu bakal kabusek saka pratélan barang cagar budaya nasiyonal.[6]
Pratélan barang kang cinolong
[besut | besut sumber]Ana 17 jinis kolèksi emas saka abad 8 nganti 10 ing jaman Mataram Kuna lan Majapait, kanthi gunggung watara 3 kg emas, ilang kacolong lan durung tinemu.[7] Pérangan cilik ing antarané bahan prunggu lan pérak. Sawatara barang kang kacolong saka Musiyum Sanabudaya karinci ing isor iki:[8]
- Topèng Emas Nayan — 1 iji.
- Lèmpèng siluwèt — 4 iji.
- Kalung emas tumpuk telu minangka rerenggan dhadha.
- Kalung liyontin mawa mata inten barléyan — 1 iji.
- Kalung liyontin siku enem — 1 iji.
- Makutha bahan emas — 1 iji.
- Rerenggan emas wujud rembulan sabit — 1 iji.
- Reca Dèwi Tara bahan emas — 1 iji.
- Reca Awalokitèswara — 1 iji.
- Reca Dyani Budha Akshobya bahan prunggu lapis emas — 1 iji.
- Wadhah — 6 iji.
- Lèmpèng emas — 10 iji.
- Lèmpèng perak — 2 iji.
- Cuwilan rerenggan emas — 15 iji.
- Rerenggan wujud ula — 1 iji.
- Cuwilan lapis emas — 1 iji.
- Kalung bandhul rerenggan sato-kéwan dawa 1 mèter — 1 iji.
- Kalung bandhul rerenggan woh — 5 iji.
- Kalung untir — 2 iji.
- Kalung moté — 3 iji.
- Kalung bandhul — 4 iji.
- Vitrim — 12 iji.
- Bandhul rerenggan rembulan sabit — 3 iji.
Cathetan: pratélan ing dhuwur kaimpun saka manéka sumber, dudu saka palapuran resmi.
Paniti priksa
[besut | besut sumber]Barang kang kacolong ing sakawit kaétung 87 iji, nanging bubar anggoné ngétung diambali tim évaluwasi, kang warga wong sanga dhapukaning Hamengkubuwana X, cacahé dadi 75 iji. Salah siji warga tim évaluwasi aran Jhohannes Marbun saka MADYA (Masyarakat Advokasi Warisan Budaya). Bubar audhit, dhèwèké kandha yèn sapréné musiyum ora kaopènan kanthi profésiyonal. Dhèwèké uga mitakonaké temen-orané péhak-péhak kang gegayutan anggoné ngrampungaké kasus iki. Kundha (dinas) kang magepokan lan kapulisèn katon alon lan ora temen anggoné ngurusi kasus iki.[9] Tim Paniti Priksa Punggawa Praja (Tim Penyelidik Pegawai Negeri Sipil, PPNS) dhapukaning lurahing Kundha Kabudayan DIY uga katon ora ana asilé.[6]
Pulisi anggoné niti priksa ora nuwuhaké akèh asil. Ing taun 2011, pulisi ngambu yèn akèh kang aèng lan mungkin ana rékayasa ing palapuran bab colong-jupuk Musiyum Sanabudaya.[10] Ing taun 2013, narakarya musiyum cacah loro kober kasujanan sabab sistem alarem lan CCTV dinuga njarag dipatèni.[3] Paniti priksané banjur mandeg kawit taun 2014.[11] Dhésèmber 2018, Badan Musyawarah Musea (Barahmus) Ngayogyakarta ngarep-arep pangukuhing Polda dadi tipe A, dadi sasmita becik tumrap kasus colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya taun 2010 kapungkur.[12]
Panduga liya mratélakaké yèn colong-jupuk ora kalakon ing dalem sawayah, nanging kapantha ing sawatara wayah. Panduga iki pinikuwat ing panemuning barang tironing kolèksi kang nyenyulih kolèksi kang asli, uga panemuning kamar ing yasan Sanabudaya kang nyimpen akèh kolèksi aji, nanging lurahing musiyum ngaku ora sumurup marang ananing kamar mangkono.[10]
MADYA ngarep-arep anggoné nggolèki barang-barang kang ilang dinohan, ora mung ing tlatah Ngayogyakarta, nanging uga tumeka njaban rangkah lan kekanthèn karo Interpol.[6] Éwadéné, Lurahing Badan Musyawarah Musea Ngayogyakarta aran Thomas Haryanagara kuciwa marang péhak kang magepokan awit kesusu anggoné awèh palapuran marang Paheman Musiyum Internasiyonal bab ilangé sawatara kolèksi Musiyum Sanabudaya, nganti ora awèh katerangan kang minangkani angger-angger.[13]
Kronologi
[besut | besut sumber]Nalika pamboboling musiyum kalakon, sistem alarem lan CCTV lagi mati. Ora ana seksi nalika laku colong-jupuk kalakon. Ilangé tembé kasuruban ing dina Rabo, 11 Agustus 2010, watara jam 09.00 nalika narakarya mlebu ing kamar kolèksi emas ing pérangan tengah musiyum; salah siji narakarya menangi lawang kamar viltrin menga, gendhèng pating besasih, akèh pecahan kaca, lan barang-barang wis ora ana. Ing dina Selasa, 10 Agustus 2010, sadina sadurung colong-jupuk kawenangan, tontonan wayang kulit ginelar ing Musiyum Sanabudaya nganti jam 22.00. Colong-jupuk dinuga kalakon nalika Selasa wengi utawa Rebo lingsir wengi. Maling dinuga mbobol kamar pamèr liwat cendhéla cilik sarana mecah kaca lan ngrusak ruji wesi. Dinuga, maling mlebu liwat pendhapa sisih wétan. Telu saka 12 lemari dawa dirusak lan linggis duwéning maling kari.[7] Bubar niti priksa panggonan lelakon ala, péhak kapulisèn ora nemu barang siji-sijia paniti priksa cap tangan kang maling.[8]
Tanggepan
[besut | besut sumber]Gubernur Daérah Istiméwa Yogyakarta Hamengkubuwana X ngandharaké rasa kuciwané tumrap ilangé akèh kolèksi jaman Mataram Kuna ing Musiyum Sanabudaya. Ing taun 2010, puluhan warga Ngyogyakarta kang manunggal ing Gerakan Moral Rekonsiliasi Pancasila (GMRP) lan Paguyuban Tri Tunggal unjuk rasa ing prapatan Kantor Pos Gedhé Ngayogyakarta utawa Dalan Sénapati, meksa supaya kasus colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya tumuli tinandangan lan nuwuhaké kawigatèn tumrap wigatiné njaga warisaning nagara.[14] Ing 2011, laku dhémontrasi kang sairib uga digelar Masyarakat Advokasi Warisan Budaya mawa panjaluk marang kapulisèn supaya nandangi kasus kanthi luwih temen.[15] Ing Mèi 2013, bebrayan agung nggelar slametan nyéwu utawa mèngeti 1000 dina ilangé kolèksi aji musiyum Sanabudaya.[16][17]
Saka survèi kang diadani Masyarakat Advokasi Warisan Budaya marang 1000 rèspondhèn, ing taun 2013 kacetha yèn pérangan gedhé bebrayan Ngayogyakarta ngudarasa yèn ora marem tumrap panandangé kasus colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya.[18]
Anggoné ndandani
[besut | besut sumber]Kawit ana lelakon colong-jupuk iku, yasan musiyum saiki kapasangan 22 kamérah pamawas ing kabèh kamar pamajangan. Musiyum uga kapirantèn alarem antimaling lan cacah kang jaga baya kawuwuh dadi wong 11. Mangkonoa pambudidayané isih kaaran kurang. Lemari dawa isih bahanan kayu saha kaca kang ora bakuh. Kolèksi reca Mataram Kuna saka abad 8 nganti 12 Masèhi kadokok waé ing jabaning yasan, kena soroting srengéngé lan udan. Saperlu njaga, reca-recané kasemèn kanthi dhedhasar yèn wong ora bakal bisa nyolong reca kang wis kasemèn.[19]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Idhom, Addi Mawahibun (2013-05-30). "Topeng Emas Sonobudoyo Diduga Buatan Majapahit". Tempo (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Pranyoto, Victorianus Sat (2013-11-12). "Penemu Topeng Emas Kecewa Pencurian di Sonobudoyo". Antara News Yogyakarta (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ a b Wardhani, Christi Mahatma (2018-12-08). "Delapan Tahun Kasus Pencurian Koleksi Museum Sonobudoyo Yogyakarta Belum Terungkap". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Southeast Asian Archaeology (2011-01-21). "Gold Artefacts from Indonesian Museum Stolen". Southeast Asian Archaeology (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Suprapto, Hadi (2013-09-13). "Pencurian Museum Terbesar Pernah Terjadi pada 2010". Viva News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ a b c Rudiana, Pito Agustin (2015-08-11). "75 Koleksi Emas Sonobudoyo Terancam Bukan Lagi Cagar Budaya". Tempo (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ a b Kompas Media (2010-08-12). "Koleksi Emas Museum Sonobudoyo Dicuri". Kompas (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ a b Detik News (2010-08-12). "Pencurian Emas di Museum Sonobudoyo: Olah TKP, Polisi Tidak Temukan Sidik Jari Tersangka". Detik News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Handito, Dwi Nourma (2016-08-04). "Jelang Enam Tahun, Kasus Sonobudoyo Makin Tak Jelas". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ a b Burhani, Ruslan (2011-12-08). "Polda Selidiki Rekayasa Laporan Pencurian Museum Sonobudoyo". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Handito, Dwi Nourma (2016-08-04). "Hilangnya Koleksi Sonobudoyo Bukan Kasus Sepele". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Wardhani, Christi Mahatma (2018-12-09). "Barahmus Berharap Polisi Terus Selidiki Pencurian Koleksi Museum Sonobudoyo". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Gudeg Net. "Banyak Pihak Sesalkan Pengelolaan Museum Sonobudoyo". Gudeg Net (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Detik News (2010-08-25). "Warga Yogyakarta Gelar Keprihatinan Kasus Pencurian di Museum Sonobudoyo". Detik News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Detik News (2011-04-06). "Warga Yogyakarta Pertanyakan Kasus Pencurian Museum Sonobudoyo". Detik News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Wijoyono, Elanto (2013-05-29). "Selametan Nyewu untuk Museum Sonobudoyo". Elanto Wijoyono (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Warga Berdaya (2013-05-24). "1000 Hari Hilangnya Koleksi Masterpiece Sonobudoyo". Warga Berdaya (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ Hukum Online (2013-02-12). "Pencurian Museum Sonobudoyo Terlupakan". Hukum Online (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
- ↑ National Geographic Indonesia (2013-10-06). "Bagaimana Kabar Museum Usai Pencurian Itu..." National Geographic Indonesia (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-07-25.
Pranala jaba
[besut | besut sumber]- Sistem Keamanan Gedung dan Koleksi di Museum Sonobudoyo Yogyakarta Archived 2022-01-12 at the Wayback Machine.
- Siaran Pers Masyarakat Advokasi Warisan Budaya (MADYA): Memperingati Lima Tahun Kasus Pencurian Koleksi Emas Museum Sonobudoyo