Bedhug Kyai Bagelèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Bedhug Kyai Bagelén

Bedhug Kyai Bagelén ya iku dadi siji-sijining bedhug gedhé dhéwé ana ing saindenging donya.[1] Bedhug Kyai Bagelén dumunung ing tlatah Kabupatèn Purwareja, Jawa Tengah. Bedhug iki uga dadi idhéntitasé kutha Purwareja. Bedhug Kyai Bagelèn iki ditabuh nalikanè tibanè wektu salat, tibanè wektu Salat Jumuah, dina riyaya Idul Adha, dina riyaya Idul Fitri lan nalikanè upacara kamardikan Rèpublik Indonésia.[2].Saliyanè iku, Bedhug Kyai Bagelén uga diunékakè kaping lima saben dinanè ya iku kanggo pananda nalikanè wektu salat subuh, dhuhur, ashar, maghrib, lan isya'.

Sajarah Bedhug Kyai Bagelen[besut | besut sumber]

Sejarahè Bedhug Kyai Bagelén iki kawiwitan nalika Radèn Adhipati Cokronagoro kaping sapisan duwè pepènginan njangkepi piranti-piranti ana ing Masjid Agung Purwareja. Panjenenganipun uga duwè pepénginan gawè bedhug kanggo pananda wektu salat, pananda kabéh kagiyatan para umat Islam lan kanggo pananda kagiyatan kanagaran ana ing wektu iku. Kanthi duwé pepénginan mangkono iku banjur dirembug marang ulama masjid lan para Suntoro Kadhipatén. Mula kawiwitan saka iku bongkot kayu jati sing arane Jati Bang lan gedhènè udakara 2,5 méter minangka gawé warangkanè bedhug. Kanjeng Radén Adhipati Cokronagoro 1 banget sarujukè manawa bongkot kayu jati iku digunakakè mula panjenenganipun ngutus rayinipun ya iku Radén Tumenggung Prawironagoro Wedana Bragolan kanggo ngupakara gawè Bedhug Kyai Bagelén. Banjur anggonè gawé bedhug diwiwiti ing désa Bragolan, kacamatan Bagelén. Wiwitané bongkot kayu gaji digraji karo para tukang kayu banjur dibolongi tengahè karebén bisa metu swarané. Nanging anggonè mbolongi bongkot kayu jati iku ora gampang kaya déné mbolongi pring kaya adaté. Mula anggonè mbolongi kayu jati iku dicungkil kanthi sithik-sithik. Pirang-pirang dina wis klèwat mula anggoné gawè bedhug wis nuduhakè kasilè. Bedhug wis kena dirampungakè banjur

Cathetan sikil[besut | besut sumber]